Antosianin (basa Inggrisé: anthocyanin, saka gabungan tembung Yunani:anthos = "kembang", lan cyanos = "biru") ya iku pigmen kang bisa nyampur karo banyu kanthi alamiah ing saben tuwuhan.[1] Manut jenengé, pigmen iki mènèhi warna ing kembang, woh-wohan, lan godhong tetuwuhan ijo, lan wis akèh digunakaké minanga pewarna alami ing prodhuk panganan.[1] Werna mau saka antosianin kang kasusun déning ikatan rangkap terkonjugasi kang dawa, mula bisa nyerep cahya ing rentang cahya kang katon.[1] Sistem ikatan rangkap terkonjugasi iki uga bisa ndadèkaké Antosianin minangka antioksidan kanthi mékanisme penangkalan radikal.[1]

Woh anggur kang ngendhut antosiani

Antosianin minangka sub-tipe senyawa organik saka kulawarga flaonoid, lan minangka anggota golongan senyawa kang luwih gedheéya iku polifenol.[2] Pirang-pirang senyawa antosianin kang paling akèh tinemu ya iku pelargonidin, peonidin, sianidin, malvidin, petunidin, dan delfinidin.[2]

Akèh-akèhé tuwuhan ngandhut antosianin sing gedhé dhéwé ana ing wohé.[3] Tuwuhan liyané kaya ta tèh, kakao, serealia, buncis, kul lan petunia uga ngandhut antosinin ing pérangan awak saliyané ing wohé.[3] Anggur minangka woh kang paling akèh dimanfaataké mnangka sumber antosianin amarga pigmèn mau lumayan gedhé kang ana ing kulité.[3] Mula, kulit anggur sisa saka pabrik wine kang kerep diklumpukaké manèh kanggo dièkstraksi antosianin karo pelarut kang asipat asem.[3]

Cathetan suku besut

  1. a b c d (Inggris)Kevin Gould, Kevin M. Davies, Chris Winefield (2008). Anthocyanins: biosynthesis, functions, and applications. Springer. ISBN 978-0-387-77334-6. Page.283-298
  2. a b (Inggris)"Recent Advances in Anthocyanin Analysis and Characterization". New Use Agriculture and Natural Plant Products Program, Department of Plant Biology and Pathology, Cook College, Department of Medicinal Chemistry, Ernest Mario School of Pharmacy, Rutgers University; Cara R. Welch, Qingli Wu, dan James E. Simon. http://www.ncbi.nlm.nih.gov/pmc/articles/PMC2783603. Diakses pada 11 Dhésèmber 2010
  3. a b c d (Inggris)J.D. Houghton, G.A.F. Hendry (1995). Natural food colorants. Springer. ISBN 978-0-7514-0231-5. Page.53-59