Arané anak, ing tlatah Jawa, bisa diarani saka cacahé anak utawa wektuné lair. Tabèl iki nudhuhaké sebutan-sebutan iku mau.

arané anak katrangan
dhampit anak kembar loro lanang lan wadon
gilir kacang anak akèh selingan lanang-wadon
anggana anak akèh sing urip mung siji
cemani bocah kulité ireng mulus
bulé bocah kulité putih mulus
gondhang kasih anak loro séjé pakulitané, ireng lan putih
julung sungsang bocah lairé ngepasi srengéngé pener sirah (awan)
julung kembang bocah lairé mbarengi srengéngé mlethèk
julung sarab bocah lairé ngarepé srengéngé surup
julung caplok bocah lairé mbarengi srengéngé surup
margana bocah lairé ing dalan
jempina bocah lairé durung wektuné (prematur)
lola bocah sing wis ora nduwé bapa-biyung
pambarep anak nomer siji
panggulu anak nomer loro
pandhadha anak nomer telu lan seteruse
sumèndhi kakang wuragil
wuragil/waruju anak kèri dhéwé (ragil)
ontang-anting anak tunggal, lanang
uger-uger lawang anak loro anang kabèh
cukit dhulit anak telu lanang kabèh
pandhawa anak lima lanang kabèh
untang-unting anak tunggal, wadon
kembang sepasang anak loro wadon kabèh
gotong mayit anak telu wadon kabèh
sarimpi anak papat wadon kabèh
pancagati/pandhawi anak lima wadon kabèh
kedhana-kedhini anak loro lanang wadon
kedhini kedhana anak loro wadon lanang
sendhang kapit pancuran anak telu, lanang-wadon-lanang
pancuran kapit sendhang anak telu, wadon-lanang-wadon
sapasar anak lima lanang wadon
ipil-ipil anak lima, lanang siji wadon papat
kembar anak loro lanang kabèh utawa wadon kabèh