Gravitropisme ya iku obahan anuju utawa ngadohi tarikan gravitasi bumi, ya iku geraking arah gravitasi bumi kang diarani gravitropisme positif, déné obahan ngadohi gravitasi bumi diarani gravitropisme négatif.[1] Oyot lumrahé asifat gravitropik positif.[1] Akar primer lumrahé luwih jejeg tinimbang oyot sekunder kang kala-kala mbentuk sudut rada ndatar.[1] Oyot tersier lan oyot tingkat candhaké ora asifat gravitropik babar pisan lan urip kanthi arah kang ora beraturan.[1] Dadi sistem pangoyotan nalika urip jinejeran bisa njelajahi lemah luwih amba tinimbang yèn kabèh oyot urip lurus mangisor.[1] Salah siji hormon kang duwé peran ing mekanisme gravitropisme ya iku hormon auksin, kang duwé fungsi kanggo ndawakake sèl oyot, ya iku nalika distribusi auksin ing sèl oyot diatur déning gen-gen tinamtu ing tuwuhan.[2]

Tuladha gravitropisme ing sisa-sisa gudhang ngisor lemah ing vila romawi ing Taman Arkaelogi kang dumunung ing Baia, Itali

Watang lan pang kembang lumrahé asifat gravitropil négatif, nanging responsne warna-warna banget.[1] Watang utama utawa watang wit bisane urip 180o saka pusat gravitasi bumi, déné cabang, pang godhong, rimpang, lan stolon lumrahé luwih datar.[1]

Uga delengen besut

Rujukan besut

  1. a b c d e f g Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, jilid 3. pertalan Lukman DR, Sumaryono. Bandung: Penerbit ITB. Hal:114-115 ISBN 979-8591-37-2
  2. Muller et al. 1998. AtPIN2 defines a locus of Arabidopsis for root gravitropism control. The EMBO J 17(23):6903-11.