Hak Sejati iku siji pakumpulan kapitayan saka Kulon Praga, Daérah Istiméwa Yogyakarta. Pakumpulan iki diyasa déning Ranasukarta ing taun 1952. Saben Jumuwah Kliwon lan utawa Selasa Kliwon, pakumpulan iki ngayahi Olah Rasa Nggugah Rasa utawa sarasèhan kang manggon ing omahing sesepuh. Pakumpulan iki tau ngadani sarasèhan nasiyonal ing taun 1991. Saben sasi Sura, pakumpulan iki mèngeti ambal warsa kang diéloni kabèh warganing pakumpulan. "Hak Sejati" tegesé darbéning pribadi saka paringaning Gusti Kang Mahatunggal.[1]

Sajarah besut

Sadurung wujud pakumpulan, Ranasukarta mandhégani paguyuban kang nengenaké tulung-tinulungan antaraning wargané, mligi babagan tetamba kang tanpa béya. Saka kagiyatan-kagiyatan iku, akèh wong kang ngangsu kawruh marang dhèwèké kang njalari warganing paguyuban wuwuh. Awit saka mupakat sakèhing warga paguyubané, siji pakumpulan aran Hak Sejati didhapuk.[1]

Ajaran besut

Pakumpulan iki ngugemi ajaran kang asal saka Ranasukarta kang marisi ajaraning simbah aran Resadiwirya utawa Éyang Resadiwirya. Sadurungé nampa ajaran iku, Ranasukarta ngayahi laku prihatin. Nalika nampa ajaraning simbah, Ranasukarta umur 30 taun. Olèhé nampa ajarané lumantar wisik utawa pituduh saka semadi kanthi sidhakep saluku tunggal. Sidhakep saluku tunggal iku turu mlumah tur ngliga mawa sikil lempeng kanthi tangan sidhakep ing lumahing weteng. Kang semadi maca "Allahu" ping bola-bali nganti kesel lan tekaning wisik alus Éyang Resadiwirya kang kasengguh saka Gusti Kang Mahatunggal.[1]

Bubar lelakon semadi iku, Ranasukarta pijer olèh pituduh lumantar wisik alus nalika ngadhepi manéka lelakon urip becik utawa ala. Miturut dhèwèké, nalika nglakoni urip ing donya saben wong duwé telung tandha ing jeroning awaké: (1) Surem kang ngalamati bakal tekaning lelara utawa ngalamati ala, (2) Kenem kang nandhani arep turu, lan (3) Sirep kang ngalamati bakal nemahi pati. Ing Sirep, tandha-tandha kang katon iku ing mata ana warna kuning, nanging ora saben wong bisa ndeleng. Mula, ing ajaran iki wargané ora kena duwé jimat supaya lancar anggoné ninggal jagat wadag (ninggal donya).[1]

Rujukan besut

  1. a b c d Ensiklopedi Kepercayaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa. Jakarta: Direktorat Jenderal Nilai Budaya, Seni dan Film, Direktorat Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa. 2010. kc. 141–145. ISBN 9789791607117. OCLC 424338489.