Ibnu Khaldun jeneng dawa: Abu Zayd 'Abd al-Rahman ibn Muhammad ibn Khaldun al-Hadrami (عبد الرحمن بن محمد بن خلدون الحضرمي) lair 27 Mèi 1332/732H, séda 19 Maret lan tilar donya 1406/808H) yaiku sejarawan lan bapak sosiologi Islam kang apal Al-Qur'an sakawit cilik. Dhèwèké uga ahli pulitik Islam, ditepungi dadi bapak Ékonomi Islam, amarga pamikiran-pamikirané babagan téyori ékonomi kang logis lan réalistis wis dijabarké adoh sadurungé Adam Smith (1723-1790) lan David Ricardo (1772-1823) njabaraké téyori-téyori ékonominé.

Ibn Khaldun
Patung Ibn Khaldun ing Tunisia
Lair27 Mèi 1332 AD / 732 AH ing Tunisia
Pati19 Maret 1406 AD / 808 AH ing Kairo
KalaÉra abad patengahan
TlatahMSarjana Muslim
AliranMaliki madhab
Karsa pokok
Sosiologi, Ékonomi
Gantha misuwur
Asabiyyah

Nalika remaja, tulisan-tulisané wis nyebar. Tulisan-tulisan lan pamikiran Ibnu Khaldun lair amarga sinauné kang banget jeroné, ngamat-ngamati masarakat kang ditepungi kanthi èlmu lan kawruh kang amba, sarta dhèwèké urip ing satengahing masarakat mau.

Lair besut

lair ing Tunisia tanggal 1 Ramelan 732 H, bareng karo tanggal 27 Mèi 1332 M.[1]

Jeneng besut

Ibnu Khaldun, jeneng jangkepé yaiku Waliuddin Abdurrahman bin Muhammad bin Abi Bakar Muhammad bin al-Hasan.[2] Jeneng cilikké yaiku Abdurrahman, manawa ing kulawargané dhèwèké diceluk Abu Zaid, amarga dihubungké karo anak kang mbarep. Waliuddin yaiku kinurmatan lan kebesaran kang dianugerahké saka Raja Mesir nalika dhèwèké diangkat dadi Ketua Pangadilan ing Mesir.

Kulawarga besut

Miturut Ibnu Hazm ulama Andalusia kang séda taun 457 H/1065 M: Kulawarga Ibnu Khaldun saka Hadramaut ing Yaman, lan manawa diruntut silsilahé tekan marang sahabat Rasulullah kang misuwur ngriwayatké kurang luwih 70 hadits saka Rasulullah, yaiku Wail bin Hujr. Simbahé Ibnu Khaldun yaiku Khalid bin Usman, lumebu Andalusia (Spanyol) bareng-bareng karo paneluk mawa kabangsan Arab watara abad VII M., amarga kepincut karo kamenangan-kamenangan bala Islam. Dhèwèké netep ing Carmona, kutha cilik ing satengahing 3 kutha, yaiku Cordova, Granada lan Seville, kang banjur dadi kutha pusat kabudayan Islam ing Andalusia. Bapaké Ibnu Khaldun jenengé Abu Abdullah Muhammad. Abu Abdulah Muhamad yaiku wong kang seneng karo donya pulitik.[3]

Pendhidhikan besut

Ibnu Khaldun éntuk pendhidhikan wulangan agama, basa, logika lan filsafat. Guruné yaiku bapaké dhéwé, sakwatara ngapalaké al-Qur’an, sinau fisika lan matématika saka ulama-ulama gedhé ing jamané. Ing antarané guru-guru Ibnu Khaldun yaiku Muhammad bin Saad Burral al-Anshari, Muhammad bin Abdissalam, Muhammad bin Abdil Muhaimin al-Hadrami lan Abu Abdillah Muhammad bin Ibrohim al-Abilli.

Taun 1349 sawisé sedané wong tuwané, Ibnu Khaldun arep pindhah menyang Maroko, nanging dicandhet déning kakangné. Taun 1354 Ibnu Khaldun nembé bisa lunga menyang Marokko, ing kana Ibnu Khaldun ngrampungaké pendhidhikané. Saksuwéné nglakoni pendhidhikan ing Marokko, ana 4 èlmu kang disinaoni tenanan, yaiku: Golongan basa Arab kaya: Nahwu, shorof, balaghoh, khitabah lan sastra. Golongan èlmu syari’at kaya: Fiqh (Maliki), tapsir, hadits, ushul fiqh lan ngèlmu al-Qur’an. Golongan èlmu ‘aqliyah (èlmu-èlmu filsafat) kaya: filsafat, mantiq, fisika, matématika, falak, musik, dan sajarah. Golongan èlmu kanagaran kaya: èlmu administrasi, organisasi, ékonomi lan pulitik. Ibnu Khaldun ora tau mandheg sinau, kaya kang dikandhakaké Von Wesendonk: ing sakdawané urip tekan sedané, Ibnu Khaldun kanthi tenanan golèk èlmu. Saéngga lumrah manawa kanthi kalantipan uteké uga dijurung kekarepan kuwat kanggo dadi wong kang alim lan arif, mung butuh wektu kurang saka seprapat abad Ibnu Khaldun wis bisa nguwasani pirang-pirang èlmu kawruh.

Karya besut

Kitabé kang misuwur banget yaiku al-Muqaddimah (“Pendahuluan”) yaiku kitab gedhé dhéwé (“masterpiece”e) ing sajeroning persuratan babagan sajarah, falsafah lan sosiologi, kalebu pendhidhikan.[4]

Téma utama saka kitab kang “monumental” iki yaiku kanggo ngicim kasunyatan-kasunyatan psikologi, ékonomi, alam saubengé, lan kamasarakatan kang nyekel peranan ing prosès majokaké peradaban manungsa lan sajarahé. Dhèwèké gawé analisis ing dinamika gayutan kumpulan-kumpulan lan nidhokaké kepiyé kesetiakawanan, utawa perpaduan sosial (al’-asabiyyah) nglairaké tamadun anyar lan kakuwasaan siasah.

Tilat donya besut

Ibnu Khaldun séda ing Kahirah, taun 1406.[5]

Cathetan sikil besut

  1. uin-suka.info[pranala mati permanèn], diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  2. hendria.com, diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  3. riwayat.net, diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  4. id.shvoong.com Archived 2011-07-18 at the Wayback Machine., diaksès tanggal 20 Juli 2011.
  5. traditionalislam.freeservers.com, diaksès tanggal 20 Juli 2011.