Joseph Lister lair taun 1827 ing Upton Inggris inggih punika salah satunggalipun ahli bedhah ingkang nepangaken bab ngginakaken antisèptik.[1] Taun 1852 panjenenganipun pikantuk gelar dhokter saking Universitas College London minangka mahasiswa ingkang gadhah prèstasi ingkang saé.[1][2] Taun 1861 panjenenganipun dados ahli bedhah ing griya sakit Karajan Glasgow ngantos wolung taun.[2] Wonten taun-taun punika Lister ngembangaken metodhe antisèptik wonten ing kawruh bedhah.[2] Ing griya sakit punika, Lister gadhah tugas dados petugas operasi. Ing tugas punika, panjenenganipun kaget amargi “angka kematian” inggil sanget.[2] Lister nyobi madosi sebabibun.[2] Taun 1865, Lister maos koran ingkang isisnipun nepangaken téyori lelara kuman déning Louis Pasteur.[2] Sasampunipun maos, Lister pikantuk gagasan énggal. Manawi lelara punika amargi kuman, mangka nyegahipun inggih punika kanthi mejahi kuman punika sadèrèngipun nempel dhateng “luka”.[2] Kanthi ngginakaken Carbolik Acid, ingkang saged mejahi kuman.[2] Sadèrèngipun nglaksanakaken bedhah utawi operasi, Lister nyemprotaken “carbolic acid” wonten kamar operasi minangka antisèptik.[2] Asilipun saé sanget, “angka kematian” saged mandhap. Ing antawisipun taun 1861-1865, “angka kematian” tiyang jaler rata-ratanipun 45%, lan ing taun 1869 saged mandhap dados 15%.[2] Lister pikantuk kanugrahan ingkang manéka warni.[2] Panjenenganipun dados pandheganipun "Royal Society", lan dados dhokter pribadi Ratu Inggris. Panjenenganipun tilar donya ing Walmer, Inggris.[2]

Joseph Lister, 1st Baron Lister
Photograph 1902
Lair(1827-04-05)5 April 1827
Upton, Essex
Pati10 Fèbruari 1912(1912-02-10) (umur 84)
Walmer, Kent
BangsaUnited Kingdom
Alma materUniversity of London
Kondhang ingSurgical sterile techniques
Karièr ngèlmiah
BabaganMedicine
InstitutionsUniversity of Glasgow
University of Edinburgh
University of London

Cathetan suku besut

  1. a b Joseph Lister dipunundhuh tanggal 25 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]

Pranala njawi besut