Pananggalan Jawa

(Kaelih saka Kalender Jawa)

Pananggalan Jawa utawa Kaléndher Jawa iku diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya pananggalan Islam. Pananggalan liya ana kang dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé pananggalan dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki dhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yaiku pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yaiku ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga dikukuhaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi. Pananggalan Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi yaiku didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Pananggalan Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo pananggalan Pranata mangsa lan pananggalan Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriyah utawa tanggal 8 Juli 1633, pananggalan Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo pananggalan Hijriyah (Pananggalan Islam).[1]

Pananggalan Jawa didhasaraké marang édharing rembulan.

Dina ing pananggalan Jawa

Jeneng dina

Cacahing dina ing pananggalan Jawa (Saptawara) uga ana pitu kaya déné ing pananggalan Masèhi lan Hijriyah, mung pocapan lan cara panulisé waé kang rada béda, yaiku Ngaat, Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Sajeroning petungan Jawa, saben dina duwé sipat utawa watek dhéwé-dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudhana, tegesé seneng imba-imba, dina Senèn wateké samuwa, tegesé kudu apik kabèh pakaryan, dina Selasa wateké sujana, tegesé sarwa ora percaya, dina Rebo wateké sembada, tegesé sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateké surasa, tegesé seneng mikir jero, dina Jemuwah wateké suci, tegesé resik tingkahlakuné, déné dina Setu wateké kasumbung, tegesé seneng pamèr.

Arané dina ana ing pananggalan Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya mau ing tabel ngisor iki:

Dina mulya

Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawatara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[2]. Dina mulya cacahé ana lima, yaiku:

  1. Siji Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing pananggalan Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, sagara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyané nanggap lan nonton wayang kulit lan liyané ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.[3]
  2. Abogé, cekakan saka Alip (taun pisanan)-Rebo (Buda)-Wa (dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Abogé iki dipercaya tumuruning "Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwé isin, béda karo kéwan.
  3. Daltugi, cekakan saka Dal (taun kalima: Dal)-Setu (tumpak)-Legi (dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mèngeti ananing wong lanang.
  4. Hanggara Asih, yaiku dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning "Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata donya.
  5. Jemuwah Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegesé pepak. Para wanita wiwit nglairaké jabang bayi.

Pasaran

Saliyané dina, ing pananggalan Jawa ana pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima yaiku Pahing, Pon, Wagé, Kliwon lan Legi. Miturut pétungan Jawa, saben dina pasaran duwé watek dhéwé-dhéwé, yaiku Pahing wateké mélikan tegesé seneng marang barang kang katon, Pon wateké pamèr, tegesé seneng mamèraké kang didarbèni, Wagé wateké kedher utawa kaku atiné, Kliwon wateké micara yaiku seneng nggubah basa, lan Legi wateké komat utawa sanggup nampa warna-warna kaanan. Kanggo cethané jeneng pasaran, makna lan parapé kagambaraké tabel ing ngisor iki:

Jeneng Wulan

Cacahing wulan ana ing pananggalan Jawa iku ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo pananggalan Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo pananggalan Masehi, saben taun ana gèsèh watara 11 dina.

Umur saben sasi (wulan) ing pananggalan Jawa béda-béda, yaiku ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina. Golongan kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), golongan kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné golongan katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:

Cathetan: Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) kang diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyané, pirsani Kurup

Jeneng Taun

 
Sultan Agung

Taun Jawa cacahé ana wolu lan ditata sajeroning siklus wolung taunan kang ingaran windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yaiku: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.

Ana sawatara ciri wigati sajeroning pranatan taun Jawa, yaiku: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kaya déné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan kagunan lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kaya déné pananggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ngibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik yaiku yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.[4]

Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang mau ing ngisor iki:

  • Alip (Purwana), umuré 354 dina
  • Éhé (Karyana), umuré 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)[5]
  • Jimawal (Anama), umuré 354 dina
  • (Lalana), umuré 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
  • Dal (Ngawanga), umuré 355 dina
  • (Pawaka), umuré 354 dina
  • Wawu (Wasana), umuré 354 dina
  • Jimakir (Swasana), umuré 355 dina

Kurup

Kurup iku wektu kang lawasé 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antarané:[6][7]

  • Kurup Jamingiyah, yaiku kurup kang diwiwiti ing taun Alip kang tanggal 1 Sura pas dina Jemuwah.
  • Kurup Kamsiyah, yaiku kurup kang diwiwiti ing taun Alip kang tanggal 1 Sura pas dina Kemis.
  • Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
  • Kurup Salasiyah Pon utawa kondhang kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) kang diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867, Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi.
  • Kurup Isneniyah kang diwiwiti dina Senèn Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
  • Kurup Akadiyah, yaiku kurup kang diwiwiti ing taun Alip kang tanggal 1 Sura pas dina Ngaat.
  • Kurup Sabtiyah, yaiku kurup kang diwiwiti ing taun Alip kang tanggal 1 Sura pas dina Setu.

Tuladha

Miturut pétungan pananggalan Jawa, tanggal 15 Fèbruari 2010 iku tiba dina Senèn Wagé, tanggal 1 Mulud 1943 taun Dal. Kurup: Asapon (1936-2052), windu: Kuntara, lambang windu: Kulawu, lambang taun: Sukra Mangkara Kumarané rupa Mina Wiranggas, paarasan: Lakuning geni, pancasuda: Sagara Wasèsa, kamarokan: Satriya Pinayungan, watek sasi:Anggara kasih, watak dina: Bangas Padéwan. Mangsa: Kawolu (VIII Wisaka)(3-29 Fèbruari), wuku: Dhukut, lintang:Arab, padangon: Wogan, padéwan: Éndra, dina:Soma, paringkelan: Mawulu, pasaran: Wagé, lambang dina: jaran.[8]

Réferènsi

  1. Upacara Pengantin Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. lan Dra. Enis Niken H., M.Hum, Penerbit Panji Pustaka Yogyakarta, 2007. ISBN 979-25-2725-9.
  2. "Joglosemar:Javanese Calendar and its Significance to Mystical Life". Diarsip saka sing asli ing 2017-09-24. Dibukak ing 2008-03-28.
  3. "Ritual pèngetan Siji Sura ing sawetara panggonan". Diarsip saka sing asli ing 2010-03-28. Dibukak ing 2008-03-28.
  4. Blog Semaransanta
  5. Umur anyar sawisé dijumbuhaké karo pananggalan Hijriyah
  6. Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon déning H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4
  7. Sirus Ki Demang: Penanggalan Jawa
  8. "Bausastra.com". Diarsip saka sing asli ing 2010-01-18. Dibukak ing 2009-09-19.

Deleng uga

Pranala njaba