Kemuning
Gambar garis Murraya paniculata, nedahaké kembang lan woh
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Sapindales
Famili: Rutaceae
Génus: Murraya
Spésies: M. paniculata
Jeneng binomial
Murraya paniculata
(L.) Jack

Kemuning utawa Murraya paniculata ya iku kagolong wit tetuwuhan kanthi watang lan pang sing ngandhut kayu, godhong lan woh. Wit kemuning kagolong tetuwuhan kang bisa dimumpangataké kanggo bonsai. Kembang kemuning mrekok ana ing wayah wengi lan ambuné wangi.

Pratélan besut

Kemuning biyasa tuwuh alasan ing grumbul, pinggir alas, utawa ditandur minangka pethètan lan tuwuhan pager. Kemuning bisa tinemu nganti èlevasi ± 400 m sadhuwuring lumahing sagara. Variasi morfologi akèh banget. Sing biyasa ditandur minangka pager pekarangan, lumrahé jinis sing duwé godhong cilik lan ketel. Semak utawa wit cilik, duwé pang akèh, dhuwur 3 – 8 m, wité atos, mawa alur, ora duwé eri. Godhong majemuk, mawa sirip ganjil kanthi anak godhong 3-9, tuwuhé selang seling. Lembaran anak godhong mawa tangkai, wangun lonjong sungsang utawa jorong, pucuk lan pangkal lancip, pinggir rata utawa rada beringgit, dawa 2 – 7 cm, amba 1 – 3 cm, lumahing godhong rata, gilap, wema ijo, yèn diremes ora mambu. Kembang majemuk awangun tandhan, 1-8, wernané putih, wangi, metu saka kèlèk godhong utawa pucuk pang. Woh buni mawa daging, lonjong utawa bunder rada dawa, dawané 8 – 12 mm, nalika isih enom ijo, sawisé tuwa malih abang gilap, awiji loro.

Kandhutan besut

  • Godhong: godhongé ngandhut cardinene,methyl anthranilate,bisabolene,betha-coryophyllene,geraniol,carene-3,eugenol,citronellol,methyl salicilate,s-quaiazulene,osthole peniculation,lan coumurrayin.[1].
  • Kulit: kulité ngandhut Mexotionin, lan coumarin.[1]
  • Kembang: kembangé ngandhut scopoletin.[1]
  • Woh: wohé ngandhut semi-alfa-carotenone.[1]

Jeneng lokal besut

Kamuning (Sundha), kemuning; Kajeni, kemuning, kemoning (Bali), kamoneng (Madura); Kamuning (Menado, Makasar), kamoni (Bare), palopo (Bugis).; Kamuni (Bima). eseki, tanasa, kamone, kamoni (Maluku).; Jiu li xiang, yueh chu (China), Orange jessamine (Inggris).

Khasiyat besut

Lelara sing bisa ditambani [2] ing antarané radhang buah zakar (orchitis), radhang saluran napas (bronkhitis), ; Infèksi saluran uyuh, nguyuh nanah, kaputihan, lara untu,; Haid ora teratur, lemak awak kakèhan, pelangsing awak, ; Nyeri tukak (ulkus), kulit kasar, njarem,; Rématik, keseléo, dientup gegremet lan dicakot ula, ekzema,; Bisul, korèng, epidemik encephalitis B, tatu ing kulit.

Gladri besut

Rujukan besut

  1. a b c d [Sofyan Tsauri.2005.Ramuan Tradisional Madura.Jakarta:Penebar Swadaya]
  2. "Ipteknet:Tanaman Obat". Diarsip saka sing asli ing 2008-10-20. Dibukak ing 2011-02-15.

Pranala njaba besut