Lensa utawa uga diarani Kanta yaiku siji srana kang awujud kaca bening gepeng kang duwé sisih-sisih kang simetris. Lensa mono duwé kagunan kanggo ngumpulake cahya marang siji titik utawa malah nyebarake cahya kang liwat ing tengahé. Lensa sepisanan dipangerteni saka catatan sandiwara Yunani Kuno liwat cathetane Aristhophane The Clouds (424 SM) kang mratélakaké anané istilah gelas-gelas pembakar (lensa cembung kang kanggo mokusake sinaring srengéngé kanggo nyipta geni) ing karyané. Wong kang nemu téyori babagan lensa sepisanan tur uga mratelakake kadadéan bayangan ana ing retina yaiku fisikawan muslim saka Arab kang asmane Alhazen (Abu Ali al-Hasan Ibn Al-Haitham)

Lensa

Jinising Lènsa besut

Lensa kapérang dadi manéka jinis. Lensa bisa dibédakaké saka wujud sisih-sisine. Kontruksi lensa kang paling umum tinemu yaiku lensa speris, yaiku lensa kang sudut mlengkung lumah bidange dibandingake karo radius speris. Titikan radius kang digunakaké dilambangake kanthi lambang R,kang bakal duwé nile positif nalika saben sisine mlengkung ngadohi titik pusere lensa,lan sinebut antarmuka cembung.

Kontruksi besut

Kontruksi lensa kang paling akèh yaiku kang awujud lensa speris, yaiku lensa kang duwé babagan speris (mlengkung),notasi kang digunakaké yaiku R.

 
1 - Symmetrical double convex lens.
2 - Asymmetrical double-convex lens
3 - Plano- convex lens.
4 - Positive meniscus lens.
5 - Symmetrical biconcave lens.
6 - Asymmetrical biconcave lens.
7 - Plano-concave lens.
8 - Negative meniscus lens.
 
Diagram penelisikan sinar kanggo lensa konvergen
 
Lensa cekung
 
Sawijining jinislensa cembung asperis.
 
1: Penampang lensa Fresnel
2: Penampang lensa plano konveks kanthi daya kang padha

Réferènsi besut

Pranala njaba besut