Cithakan:Sajarah Indonésia Orde Baru iku sebutan kanggo mangsa papréntahan Présidhèn Soeharto ing Indonésia. Orde Barue nggantèkaké Orde Lama sing tegesé era papréntahan Soekarno. Orde Baru lair kanthi semangat "korèksi total" marang panyimpangan d’ening Orde Lama Soekarno.

Orde Baru lumaku wiwit taun 1968 nganti 1998. Ing ing sajeroning wektu mau, ékonomi Indonésia maju rikat sanadyan dibarengi anané praktèk korupsi sing ngambra-ambra ing nagara iki. Saliyané iku, kasenjangan antara rakyat sing sugih lan mlarat uga tansaya amba.

Mangsa kalungguhan Suharto besut

Taun 1968, MPR kanthi resmi misuda Soeharto kanggo mangsa kalungguhan limang taun minangka présidhèn, lan sabanjuré diwisuda manèh taun 1973, 1978, 1983, 1988, 1993, lan 1998.

Pulitik besut

Présidhèn Soeharto miwiti "Orde Baru" sajeroning donya pulitik Indonésia lan kanthi dramatis ngowahi kawicaksanan jaban rangkah lan jeron nagara.

Salah siji kawicaksanan pisanan ya iku ndaftaraké Indonésia dadi anggota PBB manèh. Indonésia nalika tanggal 19 September 1966 mbiwara arep nerusaké kerjasama karo PBB lan nerusaké partisipasi sajeroning kagiyatan-kagiyatan PBB", lan dadi anggota PBB manèh ing tanggal 28 September 1966, persis 16 taun sawisé Indonésia ditampa kanggo sapisanan. Kawitane, Soeharto duwé sikap kang teges. Orde Lama apa Orde Baru. Pangucilan pulitik-ning Éropah Timur sok mau lustrasi-dilakokake marang pawongan kang sesambungan marang Parté Kuminis Indonésia. Sanksi kriminal kalakokaké kanthi nggelar Mahkamah Militer Luar Biyasa kanggo ngadili para péhak kang dianggep kraman (pambrontak) déning Soeharto. Pangadilan digelar lan sapérangan kang katut "dibuang" menyang Pulau Buru.

Déné sanksi nonkriminal kalakokaké kanthi pangucilan pulitik kanthi yasa aturan administratif. Instrumèn panalitèn mirunggan (litsus) katerapake kanggo milihi kakuwatan lawas kang katut ing sajeroning gerbong Orde Baru. KTP kacandra ET (eks-tapol).


Kaluwihan sistem Papréntahan Orde Baru besut

  • perkembangan GDP per kapita Indonésia sing taun 1968 mung AS$70 lan taun 1996 wis dadi punjul AS$1.000
  • sukses transmigrasi
  • sukses KB
  • sukses merangi buta huruf
  • sukses swasembada pangan
  • pengangguran minimum
  • sukses REPELITA (Rencana Pangyasa Lima Tahun)
  • sukses Gerakan Wajib Belajar
  • sukses Gerakan Nasional Orang-Tua Asuh
  • sukses keamanan jero nagari
  • Investor asing gelem nandur modhal ing Indonésia
  • sukses nuwuhaké rasa nasionalisme lan tresna produk jero nagari

Kakurangan Sistem Papréntahan Orde Baru besut

  • semaraké korupsi, kolusi, nepotisme
  • pangyasa Indonésia sing ora warata lan kesenjangan pangyasa antara punjer lan laladan
  • munculé rasa ora marem ing sawatara laladan amarga kasenjangan pangyasa, mligi ing Acèh lan Papua
  • kecemburuan antara sing ndunungi saenggon karo para transmigran sing olèh tunjangan pamaréntah sing cukup gedhé ing taun-taun pisanan
  • tambahé kasenjangan sosial (sugih mlarat)
  • kritik dibungkem lan oposisi diharamaké
  • kabébasan pers kawates banget, akèh koran lan kalawarta sing dibreidel
  • panggunaan kakerasan kanggo nyiptakaké kaamanan, antarané kanthi program "Penembakan Misterius" (petrus)
  • ora ana rencana suksesi (pangalihan kakuwasan marang pamaréntah/présidhèn sabanjuré)

Uga delengen besut

Rujukan besut