Otogizōshi (御伽草子, お伽草子, utawi おとぎ草子? buku carita dongèng) inggih punika sebatan kanggé buku-buku cariyos mawi gambar saking Jepang ingkang dipunsusun wiwit abad kaping 14 dumugi abad kaping 17 [1]. Isinipun punika carita cekak (dongèng) ingkang kajangkepi kaliyan ilustrasi kanggé laré-laré sarta tiyang ingkang diwasa. Nama penganggit lan ilustrator punika boten dipunmangertosi.Buku dipunserat kanthi ancas minangka hiburan sarta pendidikan moral ugi agami[2]. Wonten ing Basa Jepang, togi () ateges "hal pelipur kebosanan" utawi tiyanf ingkang nglampahi mau[3].

Ilustrasi cariyos Issun bōshi

Istilah otogizōshi ugi kaginakaken kanggé buku carita dongèng ingkang sinerat kanthi gaya otogizōshi. Nara Ehon (buku mawi gambar saking Nara) punika sebatan kanggé salinan otogizōshi ingkang dipunparingi tambahan ilustrasi [4].

Taun panyeratan besut

Buku carita ingkang kagolong dhateng otogizōshi kirang langkung gunggungipun wonten langkung saking 400 irah-irahan [4], nanging kirang langkung namung 100 irah-irahan ingkang kathah dipunmangertosi tiyang. Cacahing irah-irahan ingkang mesti dèrèng dipunmangertosi. Kalih irah-irahan ingkang sami pikantuk cariyos ingkang béda, makaten ugi sewalikipun. Sanajan buku lan cariyosipun sampun dipuntepangi wiwit jaman Muromachi, istilah "otogizōshi" nembé kaginakaken tiyang Jepang wiwit abad kaping 18. Pancetusipun punika toko buku Shibukawa Seiemon ing Osaka ingkang nerbitaken 23 irah-irahan kanthi isi carita cekak mawi judhul seri Otogi Bunko (Pustaka Dongèng) utawi Otogizōshi antawisipun taun 1716 lan 1736. Irah-irahan cariyos ingkang terbit punika Bunshōzōshi, Hachikazuki, Komachizōshi, Onzōshi Shimawatari, Karaitozōshi, Kohata Kitsune, Nanakusa-zōshi, Sarugenji-zōshi, Monogusa Tarō, Sazare ishi, Hamaguri no zōshi, Koatsumori, Nijūshikō, Bontenkoku, Nosezaru zōshi, Neko no sōshi, Hamaide, Izumi Shikibu, Issun Bōshi, Sakaki, Urashima Tarō, Shutendōji, lan Yokobuesōshi.

Isi besut

Cariyos wonten ing otogizōshi kathahipun dipunpendhet saking cariyos dongèng jaman kuna. Sanajan makaten, sapérangan cariyos otogizōshi asalipun saking jaman ingkang langkung énggal, tuladhanipun cariyos Neko no sōshi saking wiwitan abad kaping 17. Kajawi punika, wosing cariyos Yokobue sōshi ugi kados wosing cariyos Hikayat Heike. Ing antawisipun cariyos dongèng Otogizōshi wonten cariyos Dōjōji Engi ingkang asring dados tema cariyos wonten ing kesenian tradhisional Jepang (noh, kabuki, nihon buyo). Cariyos kanggé laré ingkang kondhang dumugi sapunika kados Issun Bōshi asalipun ugi sakingotogizōshi.

Kategori besut

Wonten ing ngandhap punika pangelompokan cariyos otogizōshi sarta tuladhanipun:

  • Cariyos kalangan bangsawan (kugemono)
Ko'ochikubo, Fuseya no Monogatari
  • Cariyos keagamaan lan asal-usul kuil (honjimono)
Bontengoku, Atagojizō Monogatari
  • Cariyos biksu (sōryomono)
Sannin Hōshi, Oyō no Ama
  • Cariyos kepahlawanan (bukemono)
Shutendōji, Benkei Monogatari
  • Cariyos tiyang biyasa (shominmono)
Issun Bōshi, Monogusa Tarō
  • Cariyos saking jaban rangkah (gaikokumono)
Hamaguri sōshi, Nijūshikō.

Réferènsi besut

  1. Sastra Jepang, (dipunakses tanggal 6 Fèbruari 2013).
  2. Reider, Noriko T. (2005). "Shuten Dōji: "Drunken Demon"" (PDF). Asian Folklore Studies. 64. {{cite journal}}: Unknown parameter |accessyear= ignored (|access-date= suggested) (pitulung)[pranala mati permanèn]
  3. Sanseidō kokugo jiten (édhisi ka-Ed.3). Sanseidō. 1982. ISBN 4-385-13187-2.
  4. a b "Nara ehon ni tsuite". Keio University HUMI Project. Diarsip saka sing asli ing 2008-01-16. Dibukak ing 2013-02-06.

Pranala njawi besut

Cithakan:Jmyth navbox long