Sri Maharaja Samarotungga utawi ingkang asring dipunserat kanthi seratan Samaratungga inggih punika raja saking Karajan Medang saking Wangsa Syailendra ingkang jumeneng nata ing taun 792-835.[1] Nalika jumeneng natanipun, Samaratungga langkung nengenaken anggènipun ngrembakakaken agama saha budaya. Ing taun 825, Samaratungga saged ngrampungaken asiling cipta Candhi Barabudhur ingkang sapunika kalebet salah satunggaling keajaiban dunya. Kangge ngiyataken aliansi ing antawisipun wangsa Syailendra, Samaratungga lajeng nikah kaliyan Dewi Tara, putrinipun Dharmestu. Saking asiling nikah, lajeg saged nurunaken putranipun minangka raja salajengipun inggih punika Balaputradewa saha Pramodhawardhani ingkang lajeng nikah kaliyan Rakai Pikatan, putranipun Sri Maharaja Rakai Garung, raja kaping gangsal saking Karajan Medang.[2]

Candhi Borobudhur ingkang dipunyasa ing jaman Samaratungga

Prasasti Kayumwungan besut

Namaniipun Samaratungga punika saged dipunmangertos saking Prasasti Kayumwungan utawi Prasasti Karangtengah ingkang dipunserat ing tanggal 26 Mèi 824. Wonten ing prasasti kasebat dipunandharaken bilih Samaratungga punika gadhah putri ingkang dipunparingi nama Pramodhawardhani ingkang ngresmèkaken satunggaling jinalaya ingkang éndah sanget. Prasasti punika dipunangge gadhah gegayutan kaliyan dipunbangunipun Candhi Borobudhur. Prasasti Kayumwungun kapérang dados kalih pérangan. Pérangan ingkang kaping pisan inggih mawi Basa Sansekerta ingkang wosipun ingkang sampun dipunandharaken ing nginggil wau. DEene pérangan ingkang kaping kalih inggih kaserat mawi basa Jawa Kuno ingkang dipunwedalaken déning Rakai Patapan Mpu Palar ingkang sampun paring bebungah dhateng sapérangan désa minangka sima swatantra ingkang ugi ndhèrèk ngrawat candhi Jinalaya wau.

Masa Pamarentahanipun besut

Miturut téyorinipun Slamet Muljana bilih Samaratungga punika identik kaliyan Rakai Garung, ingkang saged jumeneng nata ing Karajan Medang sadèrèngipun taun 819 (punika miturut Prasasti Pengging). Candhi Borobudhur dipunresmekaken déning Pramodhawardhani, sang putri makutha (miturut Prasasti Kayuwungan) ing taun 824. Lan ing taun punika Samaratungga dipunanggep taksih sugeng. Lajeng miturut Prasasti Kahulunan ing taun 824 dipunsebataken tokoh Sri Kahulunan ingkang sampun netepaken sapérangan désa minangka laladan perdikan kanggé ngrawat Kamulan Bhumisambhara (jeneng asli Candhi Borobudhur). Wonten kalih tapsir tokoh Sri Kahulunan punika, inggih punika permaisuri utawi ibu suri. Wonten ing prasasti punika boten dipunsebataken malih jeneng Samaratungga, saéngga dipunanggep ing taun punika Samaratungga sampun séda. Ing taun punika dipunanggep masa pamarentahanipun Rakai Pikatan. Manawi Sri Kahulunan ateges permaisuri mila punika inggih Pramodawardhani. Nanging manawi ingkang dipunmaksud Sri Kahulunan punika ibu suri, mila punika ateges permaisuri Samaratungga. Dados, saking sadaya analisis asiling panaliten, dangunipun masa papréntahan Samaratungga dipunanggep sadèrèngipun taun 819 ngantos sadèrèngipun taun 842.

Uga delengen besut

Cathetan suku besut

  1. [1] Archived 2013-05-08 at the Wayback Machine. Samaratungga (dipunundhuh tanggal 16 Januari 2013)
  2. Munoz, Paul Michel (2006). Early Kingdoms of the Indonesian Archipelago and the Malay Peninsula. Singapore: Editions Didier Millet. kc. 171. ISBN 981-4155-67-5.


Didhisiki déning:
Dharanindra
{{{jabatan}}}
812 – 833
Diganti déning:
Pramodawardhani
Didhisiki déning:
Rakai Warak
{{{jabatan}}}
?819 – 842?
Diganti déning:
Rakai Pikatan