Sultan (Arab: سلطان‎‎ Sulṭān, kocap [ˈsulˈtˤɑːn]) iku lumrah digunakaké ing karajan kang migunakaké sistem kasultanan. Tembung "sultan" dijupuk saka basa Arab kang tegesé "kakuwatan", "wewenang", "panguwasan", lan "kasewenang-wenangan"(dictactorship). Gelar iki digunakaké ing sadéngah papan kanthi arti béda-béda.

Sajarah besut

Gelar sultan iki digunakaké kanthi tumemen nalika sesebutan khalifah wus ora digunakaké manèh ing sistem pulitik Islam, mligi ing jaman wangsa Abasiyyah. Ing sabanjuré diterusaké nganti tekan kasultanan Ottoman ing Turki. Islam kang sumrambah ing sadéngah nagara dadi jalaran tembung sultan iki sumebar ing sistem pulitik ing karajan-karajan anyar kang panguwasané muslim.