Surat Al Jumu’ah

surat kaping 62 ing Al Qur'an
al-Jumu'ah

Informasi
Makna Dina Jemuwah
Klasifikasi Madaniyah
Surat ka 62
Juz Juz 28
Statistik
Gunggung ruku' 2 ruku'
Gunggung ayat 11 ayat

Surat Al-Jumu’ah (basa Arab:الجمعة) iku surat angka 62 sajeroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Madaniyah kang dumadi saka 11 ayat. Dijenengaké Al Jumu’ah kang tegesé dina jemuwah dijupuk saka tembung Al Jumu’ah kang ana ing ayat ka 9 surat iki.

Pokok-Pokok Isi besut

  • Njlèntrèhaké sipat-sipat wong-wong munafik lan sipat-sipat ala kanthi umum, antarané ngapusi, sumpah palsu lan jirih
  • Ngajak wong-wong mukmin supaya tangat lan patuh marang Allah lan Rasul lan supaya gelem nafkahaké bandha kanggo negakaké agamasadurungé tekaning pati.

Isi lan jarwané [1] besut

Ayat ka Tulisan Arab Jarwa
1.
يُسَبِّحُ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الأرْضِ الْمَلِكِ الْقُدُّوسِ الْعَزِيزِ الْحَكِيمِ
Isèn-isèning langit lan bumi padha nyebut Maha Suci Allah, Panguwasa Kang Maha Suci, kang Maha Mulya tur Wicaksana.
2.
هُوَ الَّذِي بَعَثَ فِي الأمِّيِّينَ رَسُولا مِنْهُمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَإِنْ كَانُوا مِنْ قَبْلُ لَفِي ضَلالٍ مُبِينٍ
Allah iku kang ngutus (Rasul Muhhammad) marang wong kang ora bisa maca saka golongané (wong Arab) banjur dhawuhaké ngané (wong Arab) banjur dhawuhaké ayating Allah marang dhèwèké, lan ngresikaké atiné saka mangro tingal, sarta mulang Qur’an kang isi hikmaté Allah, sanadyan sadurungé padha tetéla kesasar.
3.
وَآخَرِينَ مِنْهُمْ لَمَّا يَلْحَقُوا بِهِمْ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Lan nerangaké uga marang para umat liyané kang ora menangi jamané umat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana.
4.
)ذَلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَنْ يَشَاءُ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Kang mangkono iku isih kanugrahané Allah diparingaké marang wong kang dadi parengé kersané. Allah iku gadhah kanugrahan Agung.
5.
مَثَلُ الَّذِينَ حُمِّلُوا التَّوْرَاةَ ثُمَّ لَمْ يَحْمِلُوهَا كَمَثَلِ الْحِمَارِ يَحْمِلُ أَسْفَارًا بِئْسَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ وَاللَّهُ لا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
Sarupané wong kang wis didhawuhi ngèstokaké Torèt wusana banjur ora gelem (banjur nerusaké manut marang Muhammad S,A.W.). Iku upamané kaya Himar (jaran cilik bodho) gawa kitab-kitab gedhé. Hala temen sarupané wong kang padha maido ayating Allah, Allah ora kersa paring pituduh bener maerang wong kafir.
6.
قُلْ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ هَادُوا إِنْ زَعَمْتُمْ أَنَّكُمْ أَوْلِيَاءُ لِلَّهِ مِنْ دُونِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
(Muhammad) dhawuha: Para wong kang nyungkemi agama Yahudi manawa kowé padha ngaku dadi kekasihing Allah dhéwé ora ana manèh manungsa liyané, manawa temen mangkono mara padha nyuwuna mati ing Allah.
7.
وَلا يَتَمَنَّوْنَهُ أَبَدًا بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالظَّالِمِينَ
Salawasé wong Yahudi mau ora ngarep-arep mati marga wis rumangsa nglakoni kafir. Allah Nguningani marang wong kang padha kafir.
8.
قُلْ إِنَّ الْمَوْتَ الَّذِي تَفِرُّونَ مِنْهُ فَإِنَّهُ مُلاقِيكُمْ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
(Muhammad) dhawuha: “Pati kang mbok singkiri iku rikat utawa suwé mesthi kaleksanan ing awakmu. Kowé banjur dibalèkaké marang ngarsané Pangéran kang nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata, ing kono Pangéran banjur bèbèraké samubarang kang wis padha kok lakoni."
9.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نُودِيَ لِلصَّلاةِ مِنْ يَوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسْعَوْا إِلَى ذِكْرِ اللَّهِ وَذَرُوا الْبَيْعَ ذَلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Para mukmin! Manawa sira padha diundang salat dina Jemuwah énggal padha mangkata (menyang masjid) éling marang Allah, ninggala adol-tinuku, mangkono uga luwih becik tumrap sira, manawa wis weruh lakonana.
10.
فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلاةُ فَانْتَشِرُوا فِي الأرْضِ وَابْتَغُوا مِنْ فَضْلِ اللَّهِ وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Manawa salat Jemuwah wis rampung padha sumebara ana bumi, golèk pangupajiwa murih olèh rejeki peparingé Allah lan akèha kang éling marang Allah supaya padha begja.
11.
وَإِذَا رَأَوْا تِجَارَةً أَوْ لَهْوًا انْفَضُّوا إِلَيْهَا وَتَرَكُوكَ قَائِمًا قُلْ مَا عِنْدَ اللَّهِ خَيْرٌ مِنَ اللَّهْوِ وَمِنَ التِّجَارَةِ وَاللَّهُ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
Manawa dhèwèké (wong Islam) padha weruh dagangan lan dolanan banjur padha bubar (anggoné salat Jemuwah) marani dagangan mau, sira ditingal ngadeg. Dhawuha: “Ganjaran ana ngarsané Allah luwih becik tinimbang dolanan lan dagangan. Allah iku becik-beciké kang awèh rejeki.

Réferènsi besut

  1. Midangetaken Tapsir Al-Qur'an Basa Jawi, Prof. K.H.R. Mohammad Adnan,Penerbit Al Ma'arif Bandung

Pranala njaba besut


Surat Sadurungė:
Surat As Saff
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Al Munafiqun
Surat 62