Trenggalung
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Viverridae
Génus: Viverra
Spésies: V. tangalunga
Jeneng binomial
Viverra tangalunga
Gray, 1832
Malayan civet range
(dark green-extant,
light green-probably extant)

Trenggalung utawa tenggalung (Viverra tangalunga) ya iku kéwan kang isih sadulur karo garangan, luwak lan rasé, kalebu kulawarga Viverridae. Ing basa Indonésia/Malayu diarani Musang Tenggalung  Déné ing basa Inggris karan Malay civet, Malayan civet lan Oriental civet. Kéwan iki kalebu pratélan kéwan kang  "ora nyamari" déning IUCN amarga sebaran kang amba, bisa tahan marang rusaké habitat.[2] Ing basa Kawi karan trambawa, trangglang, sanggrata, wilôngka, pujung-pujung, julungpujut, julung botêt lan grita.

Wedharan besut

Trenggalung duwé buntut warna ireng lan belang kayadéné ali-ali ing sisih ngisor[3] kanthi cacahé belang watara 15. Déné awaké warna klawu kanthi tutul ireng kang akèh, lan ana belang putih ing gulu. Kéwan iki mangan kéwan-kéwan cilik.

Trenggalung dawané watara 610–670 mm lan buntuté watara 285–355 mm. Déné sikilé antara 94–105 mm. Boboté udakara 5 kg. Trenggalung seneng sesaba ing lemah, sanajan uga kadhang tinemu mènèk ing wit-witan.

Sebaran lan habitat besut

Trenggalung sumebar ing wewengkon Indonésia, Malaysia, Filipina, lan Brunei, ya iku ing Kalimantan, Ujung Malaya, [4] Sumatra, lan Sulawesi.[5]  lan digawa menyang Maluku. Miturut cathetan, kéwan iki uga tinemu ing Tanah Jawa.[6] Ing 2012, uga kalapuraké tinemu ing Singapura.[7]

Pakulinan besut

Trenggalung kalebu kéwan kang urip dhèwèkan, omnivora, lan duwé papan kuwasa.[8] Trenggalung kalebu kéwan nokturnal

Rujukan besut

  1. Duckworth, J.W.; Mathai, J.; Wilting, A.; Holden, J.; Hearn, A.; Ross, J. (2016). "Viverra tangalunga". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2016.2. International Union for Conservation of Nature.
  2. Duckworth, J.W.; Mathai, J.; Wilting, A.; Holden, J.; Hearn, A.; Ross, J. (2016). "Viverra tangalunga". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2016.2. International Union for Conservation of Nature.
  3. Gray, J. E. (1864). A revision of the genera and species of viverrine animals (Viverridae), founded on the collection in the British Museum. Proceedings of the Zoological Society of London for the year 1864: 502–579. doi:10.1111/j.1469-7998.1864.tb00409.x
  4. Corbet, G., B. and J. E. Hill (1992). "Mammals of the Indomalayan region. A systematic review." Oxford University Press, Oxford.
  5. Suyanto, A., Yoneda, M., Maryanto, I., Maharadatunkamsi Sugardjito J. (2002). Checklist of the Mammals of Indonesia: Scientific Names and Distribution Area Tables in Indonesia Including CITES, IUCN and Indonesian Categories for Conservation. LIPI-JICA-PHKA, Bogor, Indonesia. 63 pp.
  6. Meiri, S. (2005). Small carnivores on small islands: new data based on old skulls. Small Carnivore Conservation 33 Archived 2015-01-29 at the Wayback Machine.: 21–23.
  7. Lim, N. T., and Ouyang, X. (2012). Occurrence of the Malay civet, Viverra Tangalunga (Mammalia: Carnivora: Viverridae) in Singapore. Nature in Singapore 5: 79–81.
  8. Kanchanasakha, B., Simcharoen, S. and Tin Than, U. 1998. Carnivores of Mainland South-East Asia. Endangered Species Unit, WWF-Thailand Project Office, Thailand.