Ringgit tiyang

kesenian tradisional Jawa
(Kaelih saka Wayang wong)

Ringgit tiyang punika salah satunggilipun tetingalan saking Jawi. Ing nguni, ringgit tiyang mligi kagelar ing kukuban kadhaton konjuk golongan trahing kusuma.

Tetingalan ringgit tiyang kanthi lampahan ''Jaya Semadi tuwin Sri Suwéla'' ingkang dipun-gelar surya 4 dumugi 6 Sèptèmber 1923 ing Kadathon Ngayogyakarta.

Tuwuh-rembakanipun besut

Ringgit tiyang karéka ing abad XVIII.[1] Ingkang ngréka inggih punika Mangkunagara I ingkang kajiwani saking kumidhi ing nagari kilènan. Ing sakawit, ringgit tiyang dipun-gelar ing Surakarta, lajeng dipun-gelar ing Yogyakarta. Rikala April 1868, saperlu mahargya supitipun ingkang putra asma Prangwadana tuwih Mangkunagara V, Mangkunagara IV ngéwahi ringgit tiyang mliginipun ing bab ageman dalah pirantosipun. Ing taun 1899, Pakubuwana X yasa Taman Sriwedari. Wonten ing kepyakanipun kagelar tetingalan ingkang salah satunggilipun inggih punika ringgit tiyang.

Kawitanipun, ringgit tiyang punika tetingalan ingkang pamirsanipun mirunggan lan mliginipun kagelar ing kadathon. Ing taun 1902, sampun wonten ringgit tiyang ingkang dipun-gelar ing njawinipun kadathon minangka tetingalan komersil. Ringgit tiyang bangsa punika lajeng ngrembaka. Salah satunggilipun pakempalan ingkang kasuwur inggih punika Ngèsti Pandawa ingkang dipunpandhégani Sastrasabda.

Lelampahanipun ing sakawit mligi kapendhet saking cariyos-cariyos ing ringgit purwa.[1] Nanging, kawontenanipun tetingalan ringgit tiyang lajeng kirang grengseng. Ing Yogyakarta, taksih wonten tetingalan ringgit tiyang dumugi taun 1881.[1] Lumantar éwah-éwahan ingkang katindakaken Mangkunagara V, kawontenanipun ringgit tiyang grengseng malih sanadyan taksih winates ing Yogyakarta tuwin Surakarta.[1] Éwah-éwahanipun punika pranyata njalari rembakaning ringgit tiyang ing njawi kadathon. Kathah pakempalan ringgit tiyang ingkang banjur lair saking bebrayan. Satunggilipun ingkang kaloka inggih punika pakempalan Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta tuwin pakempalan Ngesti Pandawa saking Semawis.

Ing sakawit, agemanipun ingkang dados ringgit tiyang taksih prasaja, mèmper ageman padintenipun tiyang lebet kadathon. Tembé ing jamanipun Mangkunagara VI, tiyang ingkang dados ringgit tiyang ngagem rerenggan sirah ingkang kadamel saking wacucal tatahan.

Cathetan suku besut

  1. a b c d Mulyono (1978). Wayang, Asal-usul, Filsafat, dan Masa Depannya. Jakarta: Haji Mas Agung. kc. 156.

Uga pirsani besut

Pranala jawi besut