Wong Malta iku sawijining sukubangsa utawa kelompok ètnik sing asalé saka Malta, sawijining nagara kapuloan ing Sagara Tengah. Kapuloan iki cacahé ana pitung pulo.

Maltese people
Maltin
Border
Gunggung cacah jiwa
u. 680,000[a]
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Malta 395,969
(Maltese descent only)[1]
 Ostrali163,990[2]
 Amérika Sarékat40,820 (2016)[3]
 Karajan Manunggal40,230[4]
(Maltese-born)
 Kanadha38,780[5]
Basa
Agama
Roman Catholicism[6]

a The total figure is merely an estimation; sum of all the referenced populations.

Latar wuri sajarah besut

Malta iku wis dienggoni wong wiwit kurang luwih taun 5200 SM. Para sing ndunungi awal iki mbokmanawa asalé saka pulo Sisilia. Sawijining kabudayan prasajarah jaman watu sing ditandhani déning yasan-yasan mégalitik ana ing kapuloan iki lan umuré sèwu taun luwih tuwa tinimbang piramida ing Giza. Bangsa Funisia miwiti kolonisasi Malta wiwit kurang luwih taun 1000 SM lan wong-wong iki nganggo kapuloan Malta minangka markas saka ngendi bisa nguwasani lan naklukaké tlatah-tlatah liyané ing Sagara Tengah. Banjur wong-wong Kartago, ya iku panerus wong Funisia iki, diusir déning wong Romawi ing taun 216 SM. Sawisé iku, kapuloan Malta dikuwasani déning Bizantium (abad kaping 4 nganti abad kaping 9), banjur sawisé iku mbokmanawa Malta diserang déning bangsa Vandal lan ditaklukaké wong-wong Arab ing 870. Wong-wong Arab iki cukup toleran marang agama Kristen sing dianut bangsa Malta. Wong Arab uga nepungaké budaya pananduran jeruk lan katun, sarta sistèm irigasi. Pangaribawa budaya Arab isih bisa dideleng ing basa Malta, basa Malta iku siji-siji basa Sémitik sing katulis mawa aksara Latin ing wujud bakuné.

Sawisé iku, saka taun 1090 nganti taun 1530, Malta dikuwasani déning Karajan Sisilia, dadi unsure-unsur sing ndunungi ditambahi karo unsuré Éropah. Banjur ing taun 1798, Malta dikuwasani déning Prancis, nanging rong taun sawisé iku, Britania bisa ngusir wong Prancis. Banjur Malta resmi dadi jajahan Britania ing taun 1814. Pungkasané Malta dadi mardika ing tanggal 2 September 1964. Malta banjur dadi anggota Uni Éropah ing tanggal 1 Mèi 2004 lan banjur dadi anggota Eurozone ing taun 2008.

Basa besut

Wong Malta mituturaké basa Malta, sawijining basa Semitik sing katulis mawa aksara Latin. Kajaba fonologiné, basa Malta mèmper banget karo dialèk-dialèk urban basa Arab Tunisia. Nanging basa Malta iku wis owah akèh, awit basa Malta iku wis mungut tembung-tembung asing akèh, unsur-unsur fonétik lan fonologis, malahan uga unsure-unsur parama basa saka basa Italia lan Inggris. Basa resmi ing Malta iku basa Inggris lan basa Malta. Nanging basa Italia uga dipituturaké. Basa Malta dadi basa resmi ing 1936, sadurungé iku basa resminé ya basa Italia. Saiki para panutur basa Malta cacahé kira-kira 371.900 jiwa.

Bilingualisme besut

Bilingualisme lan malahan multilingualisme iku biyasa saantarané wong-wong Malta. Miturut cacah jiwa taun 1995, 76% sing ndunungi Malta bisa abasa Inggris, lan 36% bisa abasa Italia. Kanggo 29%, basa Inggris iku basa ing papan pagawéyan. Banjur studi-studi nuduhaké manawa antara 86% nganti 90%, sing ndunungi Malta nganggo basa Malta marang anggota kulawarga. Karo para kekanca angka iki mudhun dadi 83,6%. Pendidikan kapindho lan katelu namung ing basa Inggris waé.

Agama besut

Undhang-undhang dhasar Malta njamin kabébasan agama, nanging ngukuhaké yèn agama Katulik Roma iku agama nagara. Kurang luwih 98% sing ndunungi Malta iku kalebu agama Katulik.

Kamungkinan gayutan génétik besut

Sawetara studi-studi anyar dilakoni déning ahli génétika Spencer Wells lan Pierre Zalloua saka American University ing Beirut. Wong loro iki nglumpukaké conto-conto kromosom Y saka wong-wong lanang sing urip ing Wétan Tengah, Afrika Lor, Spanyol, Portugal lan Malta, papan-papan sing tau dienggoni lan diparani déning bangsa Funisia. Miturut studi iki, punjul 50% garis kromosom Y sing ditemoni saantarané wong-wong Malta, asalé bisa waé saka bangsa Fenisia.

  1. Census of population and housing 2011. pp. 37. National Statistics Office of Malta
  2. Statistics, c=AU; o=Commonwealth of Australia; ou=Australian Bureau of. "Redirect to Census data page". Diarsip saka sing asli ing 2019-09-13. Dibukak ing 12 Januari 2017.
  3. "2016 American Community Survey 1-year estimates". Diarsip saka sing asli ing 2020-02-13. Dibukak ing 2019-01-08.
  4. "Population data". OECD. Diarsip saka sing asli (xls) ing 2009-06-17.
  5. "Ethnic Origin (264), Single and Multiple Ethnic Origin Responses (3), Generation Status (4), Age Groups (10) and Sex (3) for the Population in Private Households of Canada, Provinces, Territories, Census Metropolitan Areas and Census Agglomerations, 2011 National Household Survey". Diarsip saka sing asli ing 2013-12-20.
  6. "Malta". State.gov. 1 Januari 2004. Dibukak ing 17 Agustus 2012.