Yūrei (幽霊?) ya iku figur dalam carita rakyat Jepang ingkang sajajar kaliyan memedi. Istilah mau wonten kalih huruf kanji, (), ateges "redup" utawi "samar", lan (rei), ateges "jiwa" utawi "spirit" [1]. Nama sanèsipun punika Bōrei (亡霊?) ingkang ateges arwah tiyang ingkang sampun séda, Shiryō (死霊?) ateges jiwanipun tiyang ingkang sampun séda utawi ing pangertosan ingkang langkung wiyar kalebet Yōkai (妖怪?) utawi Obake (お化け?). Kados ingkang sami ing mitologi Tionghoa lan Barat ingkang dipunpitadosi minangka jiwa bibar séda.

Lukisan Jepang "Hantu Oyuki" karyanipun Maruyama Ōkyo.

Mitologi besut

Miturut kapitadosan masarakat Jepang, sedaya manungsa gadhah spirit utawi jiwa ingkang dipunwastani reikon (霊魂?). Nalika satunggaling tiyang séda, reikon nilar jisim lan mlebet ing papan penyucian papan kanggé nengga nalika upacara pemakaman lan bibar pemakaman dipunlampahi supados saged kempal kaliyan para leluhur. Manawi ritul mau dipunlampahi kanthi leres, banjur reikon dipunpitadosi dados pelindung kulawarganipun ingkang taksih gesang lan kondur saben taun ing wulan Agustus nalika hari raya Obon kanggé nampi atur panuwun. Kangge tiyang ingkang séda kanthi cara ingkang boten limrah kados dipunpateni, bunuh diri lan sanèsipun lajeng boten nglampahi ritual ingkang leres, saged ugi bilih almarhum mau taksih gadhah raos émosi ingkang kuwat kados balas dendam, asmara, sengit, lan sanèsipun lajeng reikon dipunpitadosi dados yūrei, ingkang saged ngliwati wates antawisipun alam baka kaliyan alam fana (donyanipun manungsa). Yūrei mapan wonten ing donyanipun manungsa ngantos rumaos tentrem, kanthi cara paring donga ing upacara pemakaman ingkang leres ugi kanthi cara nglampahi kekajengan menapa ingkang dèrèng kelampahan [2].

Ciri besut

Nalika pungkasan abad kaping 17, dolanan ingkang dipunsebat Hyakumonogatari Kaidankai dados kondhang, lan kaidan (carita memedi) sansaya asring dados subjek pamentasan teater, literatur, lan cabang seni sanèsipun. Wonten ing masa mau, atribut-atribut tartamtu dipunsemataken supados mbedakaken yūrei kaliyan manungsa biyasa, saéngga karakter yūrei gampil dipunmangertosi. Seniman ukiyo-e, Maruyama Ōkyo damel tuladha kawéntar kapisan ingkang sapunika dipuntepangi minangka sosok yūrei kanthi tradhisional wonten ing lukisan Hantu Oyuki.

  • Busana putih: padatanipun Yūrei mawi busana sarwa putih, minangka ciri tradisi kimono putih nalika upacara pemakaman ingkang kaginakaken wiwit saking upacara pemakaman jaman Edo. Ing agami Shinto, busana putih dipunagem amargi putih punika warni minangka lambang kemurnian upacara, ingkang kanthi tradhisional kaginakaken déning para pandhita lan jisim ingkang dipunmakamaken. Kimono mau saged wujud katabira (kimono polos, putih, boten garis-garis) utawi kyokatabira (katabira putih ingkang dipunserat sutra Buda). Kadang kala yūrei ngagem hitaikakushi ("iket sirah"), wujud tugelan kain awujud segitiga ingkang dipuniket ing bathuk.
  • Rambut ireng: Padatanipun rambut yūrei punika dawa, ireng, lan urak-arikan.
  • Asta lan suku: Astanipun yūrei lemes. Ciri khasipun boten gadhah suku, saéngga ngambang wonten angin. Ciri punika asalipun saking cithakan ukiyo-e jaman Edo. Lajeng dipunwiyaraken ing pamentasan kabuki.
  • Hitodama: Asring yūrei dipunrencangi déning bola api utawi hitodama kanthi warni biru, ijo, utawi ungu. Bola api mau kalebet pérangan ingkang kapisah saking yūrei lan sanès memedi piyambak.

Klasifikasi besut

Sanajan makluk kategori memedi Jepang dipunwastani yūrei, wonten ing kategori mau wonten manéka tipe memedi kanthi ciri mirunggan. Lajeng dipundamel klasifikasi mliginipun miturut cara sédanipun utawi alesan kondur ing donyanipun manungsa.

  • Onryō: Arwah penasaran ingkang kondur saking papan penyucian amargi nglampahi tumindak ala nalika taksih gesang.
  • Ubume: Memedi ibu ingkang séda nalika babaran, utawi nilaraken bayi ingkang nembé wiyos. Yūrei punika gentayangan supados ngraosaken kados pundi ngurus anak lan asring maringi manisan marang laré-laré.
  • Goryō: Arwah penasaran saking golongan pejabat utawi bangsawan, mliginipun ingkang dipunukum mati amargi masalah pulitik.
  • Funayūrei: Memedi tiyang ingkang séda wonten ing sagara.
  • Zashiki-warashi: Memedi anak-anak, tumindakipun nakal.
  • Hantu Samurai: Para vèteran Perang Genpei ingkang séda ing peperangan.
  • Hantu Pemikat: Memedi wanita utawi tiyang jaler ingkang gadhah kekajengan ngraosaken tresna bibar séda, kados ingkang dipunkisahaken wonten ing Botan Dōrō.

Ugi pirsani besut

Cathetan suku besut

  1. Yurei - Roh Halus Dari Jepang Archived 2013-02-17 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)
  2. Misteri Roh Halus Yurei Di Jepang[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)

Rujukan besut

  • Iwasaka, Michiko; Toelken, Barre (1994), Ghosts and the Japanese: Cultural Experiences in Japanese Death Legends, Utah State University Press, ISBN 0874211794
  • Jon Wilks. "Ghoul Power - Onryou in the Movies". Japanzine.
  • Zack Davisson. "Tales of Ghostly Japan". Japanzine.
  • Tim Screech. "Japanese Ghosts". Mangajin #40. Diarsip saka sing asli ing 2006-11-05. Dibukak ing 2013-02-05.
  • "Yūrei-ga gallery at Zenshoan Temple". Diarsip saka sing asli ing 2006-08-13. Dibukak ing 2013-02-05.
  • "Information on The Kaidan Suite, a musical interpretation of Japanese ghost stories by the Kitsune Ensemble". Diarsip saka sing asli ing 2007-02-14. Dibukak ing 2013-02-05.
  • "Translated Yurei Stories". Hyakumonogatari.com.


Cithakan:Japanese folklore long