Ètnologi ya iku èlmu bagian sing antropologi kang nyuba nggoléki pangertén ngenani dasar-dasar kabudayan manusa[1][2]. Carané iku sinau kabudayan ing masarakat sing saakéh ayaké kang sumebar ing bumi ing jaman saiki. Luwih khususé manèh ing cabang-cabang ‘elmu étnologi ngembang rong aliran utawa cara panyelidikan ya iku diakronis lan sinkronis. Rong panyelidikan mau uga ana aran liyané ya iku descriptive integration kanggo diakronis lan generalizing approach kanggo panyelidikan sinkronis[1]. Descriptive integration (integrasi dèskripsi) iku ngolah lan ngintegrasiké dadi siji kasil-kasil panlitian saka sub-sub èlmu antropologi ragawi, ètnolinguistik, préhistori lan ètnografi. Bahan panyelidikan iki dijupuk sing sawiji wewengkon. Anadéné generalizing approach (pendekatan general/antropologi sosial) iki nggoléki prinsip-prinsip sing padha ing anéka warna kabudayan manusa ing bumi[3].

Rujukan

besut
  1. a b Koentjaraningrat (1964). Tokoh-tokoh Antropologi. Jakarta: Penerbitan Universitas. kc. 90.
  2. Ihromi, T.O (ed.) (2006). Pokok-pokok Antropologi Budaya. Jakarta: Yayasan Obor Indonesia. ISBN 979-461-252-9. {{cite book}}: |first= has generic name (pitulung)
  3. Koentjaraningrat (1990). Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta.