Adolf Bastian
Adolf Bastian (1826-1905) ya iku ètnograf lan uga dhokter saka Jerman kang tau mèlu profési minangka dhokter kapal. Amarga iku dhèwèké wiwit lumawat lan plesir ing akéh daérah ing Afrika Kulon, Indhi, Indonésia, Tiongkok, Oséania, Mèksiko, lan Amèrika Kidul.[1][2] Saban sawisé nglakoni nekanii ing sapérang panggon dhèwèké nulis karangan-karangan étnografi kang isiné ngewrat akéh informasi bab suku bangsa kang tau diliwati. Conto karya étnografi kang ditulisé ya iku Indonesie oder die Inseln des Malaiischen Archipelis (Jawa: Indonésia atawa Kepuloan Malayu) kang dumadi saka limang jilid. Bastian uga sok nggawa barang-barang kabudayan saka manéka papan ing donya. Awit taun 1860, Bastian miwiti karangan kang sipaté téori. Ing jero tulisané, Bastian ngembangké konsèp-konsèp kanggo nerangké manéka kabudayan gedhé ing donya. Dhéwéké uga ngadegaké kalawarti Zeitschrift für Ethnologie (Jawa: Majalah kanggo Étnologi). Jaréné karyané Adolf Bastian akéh, nanging jarang antropolog kang maca amarga gaya basané kang rada angél. Bastian uga dhuwé jasa ngadegaké Berlin Museum für Völkerkunde (Jawa: Museum Élmu Suku-suku Bangsa ing Berlin).[1]
Adolf Bastian | |
---|---|
Lair | Bremen, German Confederation | 26 Juni 1826
Pati | 2 Fèbruari 1905 Port of Spain, Trinidad lan Tobago | (umur 78)
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Antropologi |
Mrabawani | Johann Gottfried Herder |
Kaprabawan | Carl Jung, Joseph Campbell, Franz Boas |