Alas De Djawatan
Alas De Djawatan yaiku papan wisata alas trembesi (Samanea saman) kang mapan ing Désa Benculuk, Kacamatan Cluring, Kabupatèn Banyuwangi, Jawa Wétan. Alas iki sempet kondhang jalaran bentuké kang mirip karo Alas Fangorn kang kaya ing pilem Lord of The Rings, kanthi kanopi wit epifit kang gedhé, ketel, tur hawané kang wingit.[1][2]
Alas iki ambané nganti 9,6 héktar, kang ditanduri wit trembesi ana 7,8 héktar lan cacahé ana 117, kang gedhé banget ana 80 wit, umurané nganti 100-200 taunan, déné dhuwuré nganti tumeka 25-30 mèter.[3] Rata-rata wit-witan iku duwèni ubengan kang dawané ana 400-500 sèntimèter lan diamèter 1,5-2 mèter.[4] Saliyané trembesi uga ana végétasi-végétasi tanduran liyané kayata jati, wresah, jamur, santinèt, salak, lan klèngkèng.[5] Alas iki minangka alas lindhung kang ditindakaké déning Perhutani (Perusahaan Hutan Negara Indonesia) KPH Banyuwangi Selatan lan Dinas Pariwisata Kabupatèn Banyuwangi.[1][6][7]
Alas De Djawatan mapan ing Banyuwangi kidul lan ing dalan provinsi Jawa Wétan agawé papan wisata iki lumayan kepénak aksèsé, jalaran uga ana sapirang-pirang papan wisata liyané kang uga mapan ing sacedhaké kayata, Pasisir Pulo Abang, Pasisir Wedi Ireng, Pasisir Teluk Ijo, Pasisir Sukamadé, lan Taman Nasional Meru Betiri.[3]
Sajarah
besutÉtimologi
besutAlas iki binukak kanggo umum lan pariwisata ana ing taun 2018. Alas kang ing ngisor pangawasan saka Perhutani iki kajenengaké De Djawatan jalaran kanggo pangéling-éling lan kenangan manawa papan iki salah sawiji papan kajayaning Perhutani, ing jaman biyèn jeneng saka Perhutani iku Djawatan Kehutanan.[8] Déné tembung De iku tembung sandang ing basa Walanda, cara basa Inggris kaya tembung The.
Papan numpuk kayu
besutPapan iki sajané wus ana wiwit jamaning Walanda, papan iku biyèn dipigunakaké minangka papan panindakan sumber daya alas ing Jawa lan Madura anama Den Dienst van Het Boschwezen[9]. Ana kang ngandika manawa papan iki uga minangka gudang sanjata duwèkké Walanda. Ing taun 1950-1962 papan iki malih dadi panggon numpuk kayu jati utawa Tempat Penimbunan Kayu (TPK) kang jenengé Tapel Pelas (TP). Dipanggonaké ing kono jalaran wit-wit trembesi duwèni kanopi kang gedhé banget kanggo nutupi kayu saka panasing srengéngé langsung supaya kualitas kayu bisa tetep kajaga. Ing kono uga ana sawijining bendungan kang dipigunakaké kanggo pambangkit listrik, lan papan iku minangka siji-sijiné papan kang duwèni pambangkit listrik ing Banyuwangi kidul nalika iku. Ing taun 1970-an ana panjarahan gedhèn pungkasan papan iku dadi mangkrak. Pungkasan tinimbang mangkrak, Perhutani njupuk alih papan iku lan didadèaké minangka alas wisata.[10][11][12][13][3]
Bekas ril sepur
besutSaliyané iku, papan wisata iki ing jaman biyèné uga diliwati déning sepur, ana bekas ril sepur kang ana ing ngarep gapura alas iki. Sisa-sisa ril bisa dideleng ing tlatah-tlatah kayata Sratèn, Srana, lan Rajajampi. Biyèn kayu-kayu diamot sepur nalika sadurungé ana truk saka Banyuwangi menyang Benculuk, banjur didèlèh ing papan kéné lan dipamèraké kanggo didol. Manawa ana kang tuku, banjur diamot sepur manèh lan dikirim ing plabuhan kang mapan ing Pasisir Marina.[10][13]
Rute
besutAlas De Djawatan mapan 31 kilomèter saka pusat Kutha Banyuwangi, rute kang bisa dipilih nalika arep menyang ing papan wisata iki yaiku saka dalan utama Banyuwangi-Jember mangidul. Tumeka ing Ragajampi, dalan Banyuwangi-Jember bakal ngepang ing sawijining pratelon, banjur njupuk dalan lurus mangidul. Tutké wae dalan lurus mangidul angliwati Kacamatan Srana nganti tumeka ing pasar lan pratelon Désa Benculuk. Banjur ana sawijing mesjid anama Mesjid Jami’ Al-Falah ing pratelon iku, lan gapura mlebu De Djawatan iku ana ing gang sisih loring mesjid.[14][15]
Susuh lawa
besutIng komplèk wisata iki ana uga susuh lawa, susuh iki duwèni ambu kang khas banget, anané susuh lawa iku dudu tanpa sangaja nanging kanggo panyaimbang ékosistem, jalaran anané lawa uga nggawa piguna. Piguna anané lawa iku kanggo mbasmi wèrèng, saliyané iku uga kanggo panyerbuk lan panyebar winih-winih wit-witan.[16]
Wayah operasional lan karcis mlebu
besutWayah operasional alas iki saben dina wiwit bukak jam 08.00 tumeka jam 17.00, karcis mlebuné Rp.6000,-. Déné karcis parkiré Rp.5000,- kanggo mobil, Rp.2000,- kanggo pit montor, Rp.10.000,- kanggo bis.[4][17] Cacahing wisatawan ing dina kerja Senèn tumeka Jemuwah kira-kira ana 300-400, lamun ing dina Setu lan Minggu bisa nganti tumeka 1000 wong.[18]
Sarana lan wahana
besutAna pirang-pirang sarana kang bisa dipigunakaké déning para wisatawan kayata, papan kulinèr, mesjid, kakus umum, panginepan, lan papan parkir. Déné wahana-wahana kang bisa dinikmati kayata, nyéwa ATV, nunggang jaran, lan numpak dokar. Ongkos kanggo numpak dokar yaiku Rp.10.000 kanggo wong diwasa lan Rp.5000,- kanggo bocah cilik. Ongkos nunggang jaran Rp.20.000,- kanggo wong diwasa lan Rp.10.000,- kanggo bocah cilik. Déné ongkos nyéwa ATV Rp.50.000,-.[19][20][21]
Kulinèr khas
besutAna kulinèr khas kang bisa dinikmati sajroning papan wisata iki, kulinèr khasé yaiku sega tempong. Sega tempong yaiku sega kang sinusun kanthi sega, jejanganan, témpé, tahu, dadar jagung, lan iwak asin. Tempong makna umumé yaiku tapuk, dadi sega iki saking pedhesé nganti diibarataké bisa napuk lambé. Sega iki saporsiné Rp.10.000,-.[22]
Cathetan suku
besut- ↑ a b 2022-06-22. "De Djawatan: Daya Tarik, Harga Tiket, Jam Buka, dan Rute". Perum Perhutani. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
: CS1 maint: numeric names: authors list (link) - ↑ Jr, Toto (2023-08-22). "Mistis Bak Hutan Fangorn, De Djawatan Banyuwangi Penuh Magis Tapi Ramai Dikujungi Orang Setiap Hari". Selingkar Wilis. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ a b c Rizqy, Nanda Khoirur (2023-10-13). "Hutan Trembesi De Djawatan". Lovely Banyuwangi. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ a b Fasya Falik, Zidni Zidan (2023-08-16). "Wisata Hutan De Djawatan, Destinasi Magis di Banyuwangi Dijuluki Hutan Lord of The Rings". Tugu Jatim. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "Wisata Alam ke Djawatan Perhutani Benculuk, Banyuwangi". Bobobox. 2019-12-11.
- ↑ "De Djawatan Benculuk, Hutan Magis Ala Fangorn Forest di Banyuwangi". Explore Ijen. 2021-05. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
: Check date values in:|date=
(pitulung) - ↑ "De Djawatan Banyuwangi Mirip Hutan 'Lord of The Rings' Kini Jadi Tujuan Wisata Favorit". 2019-10-06. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "De Djawatan: Daya Tarik, Harga Tiket, Jam Buka, dan Rute". Perhutani. 2022-06-22. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "Hutan Djawatan Benculuk, Banyuwangi - Hutan Kecil Tempat Tumbuh Pohon Raksasa 300 Tahun". Ceri Nobi. 2022-07-18. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
:|first=
missing|last=
(pitulung) - ↑ a b Intan, Pulau (2021-10-25). "Asal-usul Hutan De Djawatan yang Masih Misterius". Detik.com. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "De Djawatan, Hutan di Banyuwangi ala Fangorn Forest The Lord of the Rings". Mister Aladin. 2019-04-16. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-01. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Banyuwangi, YOT (2022-08-18). "Sejarah Singkat De Djawatan". YOT Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2022-10-05. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ a b "Eksotika Hutan Trembesi di Djawatan Benculuk". Banyuwangi Bagus. 2016-01. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
: Check date values in:|date=
(pitulung) - ↑ "Hutan De Djawatan Banyuwangi, Wisata Populer Berkesan Mistis". Liputan 6. 30-09-2019. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
:|first=
missing|last=
(pitulung); Check date values in:|date=
(pitulung) - ↑ Mutiara, Gea (2023-09-04). "Menjelajahi Keindahan Alami Hutan De Djawatan Banyuwangi, Banyak Pohon Berusia Ratusan Tahun". Info Indonesia. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Idris, Akhmad (2020-01-23). "5 Keunikan yang dapat kamu temukan di De Djawatan Benculuk Banyuwangi". Brilio.net. Dibukak ing 2023-10-13.[pranala mati permanèn]
- ↑ Purwadhania, Ayurizka (2022-12-13). "Hutan Djawatan Benculuk: Tiket Masuk, Daya Tarik, Jam Buka". Hutan Djawatan Benculuk: Tiket Masuk, Daya Tarik, Jam Buka. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "HUTAN DE DJAWATAN Tiket Dan Daya Tarik Oktober 2023". Travels Promo. 2023-10-13. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
:|first=
missing|last=
(pitulung) - ↑ Firmansyah, Adi (2023-10-11). "De Djawatan, Tempat Wisata di Banyuwangi ala Lord of the Rings". Ongis Travel. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Risma, Dea (2021-07-02). "Wisata Alam Hutan De Djawatan Banyuwangi". Alia Maharani. Diarsip saka sing asli ing 2023-09-27. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Aditya, Nicholas Ryan; Prasetya, Anggara Wikan (2023-10-13). "De Djawatan Banyuwangi Sudah Terapkan Protokol Kesehatan, Seperti Apa Keindahannya?". Kompas.com. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Putri, Silvy Riana (2023-10-07). "Pengalaman Icip Sego Tempong Mbak Har, Khasnya Ada Sambal Ranti". Cantika. Dibukak ing 2023-10-13.