Alfred Hermann Fried

Alfred Hermann Fried (11 November 18644 Mèi 1921) inggih punika juru damai lan penulis asal Ostenrik.[1] Fried miyos wonten ing Wina, Ostenrik. Fried medal saking sekolah nalika yuswanipun ngancik 11 taun lan wiwit makarya wonten ing toko buku. Fried gadhah minat kaliyan sadaya buku lan seratan. Nalika taun 1887, piyambakipun pindhah dhateng Berlin, Jerman lan mbikak percetakan piyambak. Wonten ing Berlin Fried dados juru damai ingkang tabah lan kekancan kaliyan Bertha von Suttner. Kekalihipun sesarengan medalaken majalah, Die Waffen nieder! (Letakkan Senjatamu!), saking taun 1899 ingkang judhul Die Friedenswarte (Penjaga Bedhamèn). Fried dados mangertos kanggé nyokong "pasifisme fundamental" minangka solusi pungkasan. Wonten ing penerbitan punika, Fried, miturut sajumlah artikel ingkang nywantenaken perdamaian lan keharmonisan ing antawising bangsa-bangsa.

Alfred Fried

Wonten ing perjuanganipun kanggé perdamaian wonten ing Jerman, piyambakipun ndhirikaken sesarengan kaliyan Deutsche Friedensgesellschaft, obahan perdamaian Jerman. Fried dipunanggep minangka salah satunggaling tokoh kapisanan ingkang memprosikan gagasan (pamanggih) organisasi perdamaian internasional (sawatawis taun salajengipun inspirasi punika ingkang dados LBB). Fried ugi minangka anggota Biro Bedhamèn Bern lan sekretaris Koalisi Internasional wonten ingb Éropa Tengah. Sabibaripun Konferensi Bedhamèn den Haag nalika taun 1899 Fried wiwit kanthi jangkep nyempurnakaken kapentingan saperlu tumuju ing perdamaian lumantar kooperasi ékonomi lan pulitik.[2]

Fried ugi minangka anggota ingkang misuwur saking obahan Esperanto. Gerakan punika ngrumusaken pamanggih nyiptakaken basa ingkang angka 2 ingkang sipatipun universal, Esperanto, saéngga saben tiyang wonten ing donya saged komunikasi lan nyebaraken apresiasi budaya sanès.

Nalika taun 1911, Alfred Fried pikantuk Bebungah Nobel Bedhamèn kaliyan Tobias Asser. Nalika kadadosan Perang Donya I, Fried pindhah dhateng Switserlan (nagari ingkang nétral sadangunipun Perang Donya II samangke) wonten ing protes kabijakan perang Jerman. Sadangunipun perang piyambakipun makarya saperlu mungkasi konflik. Sabibaripun perang, piyambakipun wangsul malih dhateng Ostenrik saperlu nglajengaken nyerat lan nyengkuyung perdamaian internasional. Fried tilar donya wonten ing Wina.[3]

Karya

besut
  • Das Abrüstungs-Problem: Eine Untersuchung. Berlin, Gutman, 1904.
  • The German Emperor and the Peace of the World, kanthi Prakata déning Norman Angell. London, Hodder & Stoughton, 1912.
  • Die Grundlagen des revolutionären Pacifismus. Tübingen, Mohr, 1908. Dipunterjemahaken dhateng basa Prancis déning Jean Lagorgette minangka Les Bases du pacifisme: Le Pacifisme réformiste et le pacifisme «révolutionnaire». Paris, Pedone, 1909.
  • Handbuch der Friedenshewegung. Wien, Oesterreichischen Friedensgesellschaft, 1905. 2nd ed., Leipzig, Verlag der «Friedens-Warte», 1911.
  • «Intellectual Starvation in Germany and Ostenrik», in Nation, 110 (20 Maret 1920) 367-368.
  • International Cooperation. Newcastle-on-Tyne, Richardson (1918).
  • Das internationale Leben der Gegenwart. Leipzig, Teubner, 1908.
  • «The League of Nations: An Ethical Institution», in Living Age, 306 (21 Agustus 1920) 440-443.
  • Mein Kriegstagebuch. 4 Bde. Zürich, Rascher, 1918-1920.
  • Pan-Amérika. Zurich, Orell-Füssli, 1910.
  • The Restoration of Europe, diterjemahkan olèh Lewis Stiles Gannett. New York, Macmillan, 1916.
  • Der Weltprotest gegen den versailler Frieden. Leipzig, Verlag der Neue Geist, 1920.
  • Die zweite Haager Konferenz: Ihre Arbeiten, ihre Ergebnisse, und ihre Bedeutung. Leipzig, Nachfolger (1908).

Cathetan suku

besut