Biodata Amal Alghozali

besut

Lair                  : Madiun, 14 Juli 1966

Pendhidhikan  : Jurusan Ilmu Politik, Fisip Univ Muhammadiyah Jakarta

Garwa             : Dr H Ida Sofiati Indriani

Putra                : Fachrul Iman Alghozali, dan Fitra Malida Alghozali

Pagawéyan

besut

1.     Réporter Koran Kedaulatan Rakyat Yogyakarta (1989-1992)

2.     Réporter dan Presenter Televisi Pendidikan Indonesia (1992-1996)

3.     Pemimpin Rédaksi Pemimpin Umum Majalah SUFI (1999-2004)

4.     Dirèktur Pabrik biofertilizer PT SMS Indoputra (Prodhusèn pupuk biologi) (2001-sekarang)

5.     Komisaris Utama PT Smart Telco

6.     Komisaris Utama PT Maksimplus Utama Indonesia (Socio èntrepreneurship bidang pertanian dan pangan)

7.     Ikatan alumni Pesantrèn Jamsaren Solo

8.     Ketua Dewan Pegawas Pondok Pesantrèn Sabili Muttaqien se Indonesia

9.     Bendahara Himpunan Kerukunan Tani Indonesia (2010-2016)

10. Ketua Umum Persaudaraan Masyarakat Tani Indonesia (Permata) (2007-2010)

Mbangun Komunitas

besut

[1] Ora mung dadi tani, Amal uga ndhuwé upaya giyat gawé kumpulan tani urban saka manèka warna pagawéyan. Saben dina dhèwèké mènèhi pelatihan praktèk tèknik budidaya lan managemen bisnis. Kabèh padha sinau lan dilatih mbudidaya holtikultura, jenis komoditas tani cepet panèn, kaya lombok, tèrong, kangkung uga mbudidaya iwak kaya lélé, nila, lan patin. Miturut Amal arepo bidang tani lan pangan nglibataké jutaan rakyat cilik bisa waé bakal keguwak menawa ora dilatih. Masalahé ngopèni tani cilik ora gampang. Sebabé akèh rakyat sing pendhidhikan cendhèk, kempampuané nembus pasar  utawa modhal iku terbatas.Amal ora mung dadi tani, nanging uga dadi motivator kanggoné tani urban. Dhèwèké miwiti saka tanduran kutha kang gampang dipanén lan akèh dimupangataké, Amal éwuh nggawé kelas budidaya tanduran organik. Para tani urban kutha saka sawenèh dhaerah ora diajari namung babagan budidaya tanduran holtikultura. Sekolah tani saiki wis ngrembaka ana Cibubur, Sidoharjo, Surabaya, Malang lan Bali. Rong taun lumaku, saiki kabèh ora mung dadi klompok tani holtikultura, nanging uga tani tambaklan ternak. Kanthi ndhuwèni jaringan sing bisa nyukupi cara nyebaraké panènan lan kanthi ndhuwèni jaringan wong ternak patin, lélé, bandheng uga bhinaan liyané wis bisa ngékspor menyang negara manca. Apa manèh jenis patin, anggotané éntuk kontrak ékspor iwak patin 800 ton saben sasi ing pasar India lan Jawa Tengah. kanthi jejaring iki para tani nggawé MaxiFarm, yaiku sekolah pertanian lapangan.

Karir

besut

Kurang kuwih 18 taun nggeluti bidang tani lan saben dina interaksi karo kabèh stake holder, Amal ngedhekaké Maksiplus Utama Indonesia karo loro kancané, Salies Aprilianto dan Tegoeh Sudarmanto. Loro-loroné sarjana èlektro saka Institut Teknologi Surabaya (ITS) lan Universitas Brawijaya. Sallies lan Tegoeh anak tani saka Bojonegoro, Jawa Wètan.

maksiplus yaiku perusahaan socioprènèurship sing fokus ning bidang tani, ternak, lan bidang pangan. gerakan iki kanggo nulung Indonesia supaya ora njagakaké impor pangan saka negara manca.

iku juru tani ingkang asalé saka Madiun, Jawa Wétan. Wiwit cilik nduweni gegayuhan dadi politikus, sawisé SMA dhèwèké mbacutaké kuliyah ana ing Universitas Muhammadiyah Jakarta jurusan Ilmu Politik. Ananging nasibé ora kaya sing dikarepaké, luputé dadi politikus dhèwèké malah dadi tani. Sawisé kuliah Amal wis naté dadi juruwarta ing ariwarta, banjur pambiwara ing tv. Kariré saya apik, nanging nasibé pait, dhèwèké ora bisa dadi politikus. Amal miwiti karir dadi petani wiwit taun 2001, dhèwèké wiwit dadi prodhusèn pupuk cair, dhèwèké dadi dhirèktur PT SMS Indoputra nganti saiki.

Saiki Amal ngrampungaké desain lan studi kelayakan kanggo nggawé outlèt utawa toko-toko kanggo adol kasil tanising isih seger saka kebon anggota. outlèt utawa toko iki ndhuwèni ancas yaiku kanggo mayokaké kasil-kasil panèn saka para tani ning konsumèn. cara iki ana 6-7 titik, saka kuwi rega prodhuk dadi larang.saéngga opah sing diéntukné para tani ora mundhak kanthi imbang karo regane. Kanthi anané outlèt iki, tani bisa langsung ngedol kasil panèn budidayané. suwené iku tani mesthi kalah ning pasar amarga kabèh kerja dhéwé.

Masalah

besut

1.     [2] Anané kedadeyan kang boten dipunkarepaké (bencana alam)

2.     Anané srangan ama

3.     Kurangé prodhuksi pupuk

4.     Rega gabah sangsaya anjlok

Upaya kang dilakoni

besut

Krungu saka pawarta menawa prodhuksi pupuk kurang, Amal ndhuwèni pemikiran anyar yaiku alih profèsi dadi juragan pupuk. Alih profèsi iku diwiwiti saka, Amal ngènèkake rembugan karo Ida Sofiati (bojoné) lan akhiré Ida nyetujoni apa kang dikarepakè Amal. Kanthi modhal 40 yuta Amal nganyaki bisnis anyaré iku, durung ana bank sing iso mbantu nyilihi dana, ing kono Amal ora mung dadi direktur ananging uga dadi pemasar saka prodhuksi pupuké kanggo nggolèk wong tuku. Saka kuwi Amal kudu lumebu metu sawah, kantor unit desa, toko-toko tani, klompok tani. Kabeh kuwi dilakoni amarga wong tani iku sing dadi konsumèné. Pupuk kang diprodhuksi Amal iku diwènèhi jeneng Pupuk biologi “Agrobost

Kasil kang ditampa

besut

Upaya kang wis dilakoni Amal saiki ana kasilé ngliwati prosès kang dawa lan ditekuni iku saiki para tani bisa nampa pupuk cair kang diprodhuksi Amal, Bupati uga pejabat sing ndhisiké meneng waé saiki uga nampa teknologi iku.

Akhir taun 2004, tani tambak saka Jawa Tengah sing nggunakake teknologi ïku bisa olèh penghargaan paling apik saka  Presidhen Susilo Bambang Yudhoyono kanggo katègori budidaya teknologi ramah lingkungan.

Uga acara panen raya sasi Maret 2006, ana Menteri Koperasi uga UKM Suryadharma Ali, Menteri Negara BUMN Sugiharto, Ketua DPD Ginandjar Kartosasmita, Ketua Dekopin Adi Sasono, para Bupati lan Gubernur teka lan nonton panen raya ning Subang, Jawa Kulon.

Angka 10 artiné kasil panèn saben hektar kudu ana 10 ton. Rata-rata nasional, para tani mung oleh 4,5 ton saben héktar. Angka 1 kèri dhéwé yaiku taun 2009 mengko, targété PT SMS Indoputra kudu nglayani 1 yuta héktar sawah. Saka target kuwi bisa digenahaké menawa Indonesia ora impor beras menèh.

Saiki sing nggawé Amal bangga yaiku PT Pupuk Kujang karo pupuk majemuke NPK 30 (nitrogen), 6 (phosphat), 8 (Kcl) wis resmi bisa prodhuksi bareng karo Agrobost. Saka kerjabareng iku, para tani wis ora njagakné pupuk Urea, Sp-36, lan Kcl. Ananging ora ndhuwèni arti ngilangaké unsur kuwi, isih ana ning komposisiné luwih saithik.

Kerjabareng pupuk biologi Agrobost iku suksès ning dhaérah-dhaérah, kaya Lamongan Jawa Wètan lan Sumatra Kidul, uga kontrak saka KUD Mina Tani Brondong lan KUD Tani Makmur Kedungpring, Lamongan Jawa Wètan, masok pupuk cair kanggo kebutuan 30.000 héktar sawah ing mangsa tandhur rendheng.

Rujukan

besut
  1. Astono, Banu (2018-07-23). "Amal Alghozali Berdayakan Petani". Diarsip saka sing asli ing 2019-05-14.
  2. agrobostasahan, Uncategorized (2009-01-15). "Pengakuan Amal Ghazali".