Amalric II saking Narbonne
Amalric II (séda 17 Juli 1134) minangka satunggaling Vicomte Narbonne saking sakitar taun 1106 dumugi piyambakipun séda.
Piyambakipun minangka putra mbarep Amalric I saking Narbonne lan Mahalt (ugi Mahault utawi Mafalda), putri Robert Guiscard lan Sichelgaita lan janda Ramon Berenguer II saking Barcelona.[1] Punika ndadosaken piyambakipun sadhèrèk tiri Ramon Berenguer III. Piyambakipun maréntah nalika taksih alit ing sangandhap perwalian ibunipun.[2] Sasampuning diwasa piyambakipun palakrama kaliyan Ermengarda.
Kemungkinan nalika taun 1112 utawi 1113, Amalric II pikantuk Fenouillèdes lan Peyrepertusèssaking sadhèrèk tirinipun minangka gantos saking sumpahipun nglawan Bernard Aton IV saking Béziers, ingkang kalih piyambakipun, Ramon Berenguer saweg perang.[3] Para pemimpin Fenouillèdes lan Peyrepertuseès tetep minangka pengikut Narbonne dumugi Perang Salib Albigensia lan Vicomte Narbonne mendhet kepemimpinan Rouffiac ing cakett Peyrepertuse wonten ing panguwaosing piyambak. Nalikaa Dolça I saking Provence tilar donya lan Ramon Berenguer nuntut wewengkon Provence, Amalric II pikantuk feodal Beaucaire ldan terre d'Argence ing caket kali Rhône ing Provence.[4]
Wonten ing sawijining dinten nalika masa pamarèntahanipun, Amalric II maringi para pedagang saking Narbonne hak kanggé mbentuk konsulat minangka tiruan Genova. Mungkin piyambakipun pirsa organisasi piyambak saking pedagangipun lan formasinipun tumrap militèr wonten ing pertahananipun minangka pambiyantu tumrap pamarèntahanipun piyambak manawi konsulat tetep ing ngandhaping kontrol vicecomital, éwadéné boten makaten wonten ing pungkasanipun.[5] Aimery ugi ndhèrèk nalika taun 1114–15 wonten ing èkspèdhisi Kapuloan Balears ingkang dipunpimpin déning Republik Pisa lan Ramon Berenguer.
Nalika taun 1114, Amalric mungkasi tuntutanipun saking konflik ing wewengkon Le Lac, Via Domitia kanthi ngirimaken hak-ipun dhateng biara Lagrasse minangka gantos saking rugi sesilihan emas lan pérak ingkang jumlahipun sampung ageng.[3] Piyambakipun ugi gadhah prakawis kaliyan sadhèrèkipun Richard de Millau, Biskop Agung Narbonne ingkang dangu pikantuk fedovia (wewengkon feodal) saking gréja minangka "sesembahan universal muktamar gréja provinsi Narbonne."[6] Biskop Agung nuduh Amalric sampun ngapusi kagayut wiyaring gerejalan nyobi nahan lemah warisan ingkang kagunganipun saking Gréja; piyambakipun ugi nuduh Amalric nahan penghasilan saking pajeg ingkang kedahipun kapasrahaken dhateng gréja.[7] Aimery ugi kalaporaken sampun nyalahginakaken lemah gréja kadadosan sawijining konflik ngéngini sinten ingkang ngendhalikaken menara ing dinding kutha. Sedaya prakawis punika kadadosan dangu, nanging Amalric saged damai kaliyan panjurung kepausan saking Richard.[8] Pungkasanipun, piyambakipun kedah sumpah dhateng Biskop Agung, kanthi ngidinaken kabébasan Biskop Agung wonten ing kepemimpinan sawatawis, lan ngakoni bilih sapérangan hak ingkang kagunganipun wonten ing kutha Narbonne minangka perdikan saking keuskupan agung.[8]
Taun 1124, Bernard Aton saking Béziers mbiwarakaken perang dhateng Amalric, ingkang naggepi kanthi ngratataken kastil kaliyan lemah (pro justicia) ing Montséret, ingkang dipuncepeng déning andhahaning Amalric, Bernard Amati dumugi piyambakipun kanthi culika mbangsulaken dhateng Bernard Aton.[9] Boten dangu sasampuning Aimery balik arah dhateng Iberia lan gabung kaliyan Reconquista ingkang dipunbiayai déning Alifonso si Jawara ing lembah Ebro.
Wulan Juli 1131, Amalric II wonten ing sangajenging kematian kaliyan sadhèrèk tirinipun ingkag dados saksi saking testamen pungkasnipun, ing pundi piyambakipun minangka eksekutor.[4] Amalric II palastra wonten ing paprangan ngajeng Fraga, ingkang dipunjumenengi déning Alifonso.[10] Amalric patutan lan satunggaling putri kaliyan Ermengard; Putranipun, Amalric sampun langkung rumiyin séda (1130), lan piyambakipun marisaken tahtanipun dhateng ingkang putri, Ermengarda, ingkang umuripun nembé 4 utawi 5 taun. Piyambakipun nikah ingkang angka 2 kaliyan satunggaling wanita ingkang nama Ermessende lan nilaraken satunggal putri ingkang namasami kaliyan piyambakipun.
Sumber
besut- Cheyette, Fredric L. Ermengard of Narbonne and the World of the Troubadours. Ithaca: Cornell University Press, 2001.