Anéuploid ya iku mutasi kromosom kang ora nglibatna owah-owahan ing kabéh génom, nanging mung kadadéan ing salah siji kromosom saka génom.[1] Ing prosés pembelahan sél, kadhang kadadéan pisah kang ora dadi (nondisjunction).[1] Ora suksés pisah iku bisa kadadéan ing prosés méiosis ya iku ing prosés anafase.[1] Nondisjunction ing méiosis I iku bisa ditandhani karo pérangan sarimbit kromosom kang homolog ora owah kanggo misah kaya kang normal kadadéan ing prosés méiosis.[1] Nondisjunction iku uga bisa kadadéan ing méiosis II, uga ing anafase ing pasangan kromatid.[1] Tatanan kromosom awak iku normalé 2n, nanging amarga mutasi, tatanan kromosom iku dadi owah.[2] Ing kasus anéuploid iku kadadéan pangurangan lan panambahan kromosom.[2]

Jinisé Anéuploid

besut
  • Monosomi: organisme kang kakurangan kromosom siji, rumusé ya iku 2n-1.[2]
  • Trisomi: organisme kang kaluwihan kromosom siji, rumusé ya iku 2n+1.[2]
  • nulisomi: organisme kang kakurangan kromosom siji, rumusé ya iku 2n-2.[2]
  • tétrasomi: organisme kang kaluwihan kromosom siji, rumusé ya iku 2n+2.[2]

Anéuploid iku bisa kadadéan amarga prakara-prakara ing ngisor iki:

  • ing fase méiosis I, salah siji kromatid iku ana kang ora ngraket ing gelendhong dadi ana kang gunggung kromosomé iku kakurangan lan ana kang kaluwihan.[2]
  • anané disjunction.[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e (Kistinnah, I., Lestari, E.S. (2009)." Biologi 3: Makluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XII (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.175)
  2. a b c d e f g h (Kistinnah, I., Lestari, E.S. (2009)." Biologi 3: Makluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XII (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.176)