Anang-anang yaiku wong sing duwéni tugas ménéhi pambiyantu marang dhukun utawa balian ing dhaerah Lombok, Nusa Tenggara Kulon. Wong lara kang diobati kanthi cara magis tradhisional diarani Pakon, upacara kanggo ngobati kuwi mau uga diarani upacara Pakon.

Cara Ngobati

besut

Carané ngobati yaiku anang-anang nari dhisikan banjur disusul déning wong kang diobati, umpamané sing diobati ora bisa nari amerga saking nemené penyakité, cukup anang-anang waé kang nari. Obahing awak ana tari iki ora ana paugerané, ateges gerakané bébas. Sing dadi anang-anang olèh wanita utawa priya kang uwis diwasa.

Piranti

besut

Anang-anang priya nalika nari pakon nggunakaké kain dawa lan sapu (salembar kain cendhèk sing dienggo ing bangkékan), déné anang-anang wanita nganggo kebaya, kain dawa, salembar kain kanggo nutupi dhadha, lan manéka kembang kang dipasang ana rambut.

Tembangé

besut

Tembang ana tari pakon kang dibarengi gamelan lan suling ing antawisipun: Telutur, Pendede, utawa Lawas Pakon kang ditembangaké déning Anang-anang utawa dhukun. Tembang mligi kang isiné donga ditembangaké déning dhukun kasebut Pidata. Gendhing-gendhing gamelan pangiringé yaiku: Leladeran, Geger Mangsa, utawa Selisir. [1]

Rujukan

besut
  1. Shadily, Hassan (1984). ENSIKLOPEDI TARI INDONESIA(SERI I). Jakarta: DEPARTEMEN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN PROYEK INVENTARISASI DAN DOKUMENTASI KEBUDAYAAN DAERAH. kc. 28.