Arjuna Sasrabahu

Arjuna Sasrabahu
Gambar perang antarané Ramabargawa lawan Arjuna Sasrabahu sajeroning carita India.
Gambar perang antarané Ramabargawa lawan Arjuna Sasrabahu sajeroning carita India.
Déwanagari: कार्तवीर्य अर्जुन
Aksara Jawa: ꦥꦿꦧꦸꦲꦂꦗꦸꦤꦱꦱ꧀ꦫꦧꦲꦸ
Éjaan Sanskerta: Kārtavīrya Arjuna
Jeneng liya: Sahasrarjuna, Kartawirya Arjuna, Raden Arjunawijaya
Asal: Kraton Maespati
Sisihan: Dewi Citranglangeni
Dewi Citrawati
Putri Dhomas/Putri cacahé 800

Prabu Arjuna Sasrabahu kang uga jejuluk Prabu Arjunawijaya iku ratu ing Maespati, putrane Prabu Kartawirya. Digdaya sekti mandraguna, dhasar titising Batara Wisnu lan bisa triwikrama/tiwikrama dadi Brahala (buta gedhe banget). Garwane sing sepisanan asmane Dewi Citranglangeni (putri Tunjungpura), terus nggarwa Dewi Srinadi (rayine Bambang Kartanadi), sing pungkasan nggarwa Dewi Citrawati (putri Magada) lan putri dhomas (putri cacahe 800). Pusakane Prabu Arjunasasrabahu kang asring kocap ing pedhalangan ana 2: Senjata Rante lan Sekar Jayamulya.

Sawijining dina, Sang Prabu nuruti pamothahe Dewi Citrawati sing kepengin cangkrama lan Adus bebarengan karo para marune ing muwarane Bengawan Gangga. Sadurunge nyemplung ing bengawan, Prabu Arjunasasrabahu paring dhawuh marang Patih Suwanda supaya njaga katentremane tlatah sakiwa tengene Bengawan Gangga. Dikancani raja telukan 4, Patih Suwanda netepi dhawuhe Prabu Arjunasasrabahu. Sawise iku, Prabu Arjunasasrabahu triwikrama wujud brahala, banjur sare malang ing tengah bengawan. Satemah banyu bengawan kebendung, mbludag ngelepi dharatan sakiwa tengene.

Ora antara suwe, katungka praptane ratu Ngalengka Prabu Dasamuka kang ora trima negarane kebanjiran Bengawan Gangga saka pokale Prabu Arjunasasrabahu. Diadhepi banjur perang tandhing antarane Dasamuka lan Patih Suwanda. Dumadakan, Patih Suwanda weruh klebate Sukasrana manjing ing siyunge Dasamuka. Sanalika kelingan ucape Sukasrana yen dheweke bakal nyusul kakangne besuk yen ana ratu ngraman, bakal diajak munggah kaswargan jati. Sanalika awake Patih Suwanda lemes lan sirna kekuwatane mula banjur bisa dicandhak Prabu Dasamuka lan dicokot gulune nganti pedhot. Patih Suwanda sirna margalayu. Para raja telukan 4 mbelani Patih Suwanda, uga padha gugur mungsuh Dasamuka.

Ana prajurit Maespati lumayu menyang bengawan, caos priksa marang Prabu Arjunasasrabahu bab gugure Patih Suwanda lan raja telukan 4 dening Dasamuka. Prabu Arjunasasrabahu duka yayah sinipi. Sigra metukake Dasamuka. Dadi perang tandhing. Kekarone padha-padha triwikrama dadi buta gedhe. Banjur Dasamuka kalah, dibanda nganggo Senjata Rante, dicencang ing kreta kencana, banjur dilarak ngubengi Praja Maespati, supaya bisa didelok kabeh kawula Maespati. Patih Prahastha lan Begawan Sumali njalukake pangapura Dasamuka marang Sang Prabu, nanging ora dipaelu.

Nalika Prabu Arjunasasrabahu nglarak Dasamuka nganggo kreta kencana titihane,Kala Marica (abdi kinasihe Dasamuka) nemoni Dewi Citrawati, matur yen Prabu Arjunasasrabahu seda ing paprangan mungsuh Prabu Dasamuka. Wis dadi jamake ratu mbedhah praja, mesthi mboyong putri. Dewi Citrawati bakal diboyong menyang Ngalengka. Tanpa menggalih dawa, Dewi Citrawati suduk salira.

Wasana, Bathara Narada tumurun ing marcapada, njaluk supaya Dasamuka diapura lan durung titi wancine Dasamuka mati. Sesuk ana manungsa kang bisa njalari patine Dasamuka. Lagi Prabu Arjunasasrabahu lilih dukane. Dasamuka diluwari saka panyiksan. Dasamuka ngancem,"Dina iki aku ngakoni kalah, nanging liya dina aku kang bakal nyangking Endhasmu!"

Rehne Patih Suwanda wis seda, banjur Prabu Arjunasasrabahu ndadekake Bambang Kartanadi minangka patih Maespati kanthi asma Patih Surata.

Nadyan Prabu Arjunasasrabahu wis njumenengake Bambang Kartanadi minangka patih ngganteni Patih Suwanda (Bambang Sumantri), yen kelingan Bambang Sumantri lan Dewi Citrawati garwane, Sang Prabu kraos semplah penggalihe. Nalika ngadhepi akeh perkara, gampang muringe.

Sawijining dina, kanggo nglipur penggalihe, Prabu Arjunasasrabahu bebedhag ing alas nganthi para prajurit. Sedina muput bebedhag, ora entuk kewan buron, njalari jengkeling penggalih. Dumadakan, ora adoh saka papan kono ana padhepokan. Padhepokane Maharsi Jamadagni. Nalika Prabu Arjunasasrabahu pinarak ing padhepokan, para putrane Sang Resi lagi lunga ing alas nggoleki kayu obong lan woh-wohan. Dadi Sang Resi mung ijen ing padhepokan.

Rawuhe Sang Prabu ditampa kanthi pangaji-aji dening Sang Resi, disuguhi woh-wohan maneka warna. Nadyan mangkono, Prabu Arjunasasrabahu tegel tumindak murang tata kanthi ndhawuhi para prajurit supaya mbradhat sapi puhan kagungane Sang Maharsi. Sang Maharsi ora bisa tumindak apa-apa. Amarga tumindake iki, Bathara Wisnu kang mapan ing jagade Sang Prabu, oncat.

Ora let suwe, putrane Sang Resi kang waruju, yaiku Ramaparasu bali saka alas. Durung nganti lumebu padhepokan, wis dicritani yen sapi puhane Sang Resi dibradhat prajurit Maespati awit dhawuhe ratune. Ramaparasu gage nututi lakune prajurit Maespati.

"He mandheg ndisik, apa koe ratu Maespati Arjunasasrabahu?" takone Ramaparasu.

"Murang tata banget patrapmu, Ingsun iki ratu, ngapa sira wani nyenyamah marang Ingsun?" wangsulane Prabu Arjunasasrabahu.

"Ratu ora urus, Kowe ing kraton bisa ngaku ratu, nanging yen ing alas kaya ngene iki drajadmu padha karo aku. Apa sebabe kowe wani mbradhat sapi puhane bapakku?!"

"Padhepokane bapakmu klebu wewengkon Maespati."

"Yen ngono kui tegese koe ratu kang seneng tumindak sewenang-wenang, dumeh nduwe kuwasa, ayo saiki balekake sapi puhane bapakku!"

Prabu Arjunasasrabahu ndawuhi para prajurite supaya ngrangket Ramaparasu. Dadi perang rame. Wekasane Sang Prabu lan para prajurite gugur dibabat pethele Ramaparasu.

Cathetan suku

besut