Artikel 50 ing Prajanji ngenani Uni Éropah

Artikel 50 ing Prajanji ngenani Uni Éropa iku artikel sajeroning prajanji Uni Éropa sing ngatur nagara anggota sing nduwé kekarep bakal metu. Artikel iku tegesé bab ing undhang-undhang. Artikel 50 iki lagi digawé ing taun 2009 nalika Prajanji Lisboa dibabar.

Sarat-sarat besut

Artikel 49A saka Prajanji Lisboa, sing wiwit diimplementasi ing tanggal 1 Dhésèmber 2009, nepungaké prosedur kanggo para nagara anggota supaya bisa metu saka Uni Éropa manawa iku karepé dhéwé.[1] Perkara iki dirinci ing Artikel 50 sajeroning Prajanji ngenai Uni Éropa sing isiné kaya ing ngisor iki:[2]

  1. Any Member State may decide to withdraw from the Union in accordance with its own constitutional requirements. (Kabèh nagara anggota olèh metu saka Uni miturut pasaratan undhang-undhang dhasaré dhéwé.)
  2. A Member State which decides to withdraw shall notify the European Council of its intention. In the light of the guidelines provided by the European Council, the Union shall negotiate and conclude an agreement with that State, setting out the arrangements for its withdrawal, taking account of the framework for its future relationship with the Union. That agreement shall be negotiated in accordance with Article 218(3) of the Treaty on the Functioning of the European Union. It shall be concluded on behalf of the Union by the Council, acting by a qualified majority, after obtaining the consent of the European Parliament. (Sawijining nagara anggota sing mutusaké arep mundhur, metu saka Uni kudu ngabari Rad ing Éropa ngenani karepé iku. Miturut cahyaning pedoman sing wis disedyani déning Rad ing Éropa, Uni Éropa bakal négosiasi lan mutusaké sawijining kasarujukan karo nagara iku, nggawé aturan olèhé mundhur, lan mèlu memperhitungkan rangka iki kanggo rélasi sabanjuré ing tembé karo Uni Éropa. Kasarujuan iki bakal dinégosiasi miturut Artikel 218(3) sajeroning Prajanji olèhé Uni Éropa Lumaku. Banjur iki bakal dipungkasi déning Rad ing Éropa sing ngwakili Uni Éropa, lan tumindhak minangka mayoritas sing absah, sawisé olèh idin saka Parlemèn Éropa)
  3. The Treaties shall cease to apply to the State in question from the date of entry into force of the withdrawal agreement or, failing that, two years after the notification referred to in paragraph 2, unless the European Council, in agreement with the Member State concerned, unanimously decides to extend this period. (Prajanji iki wiwit kadaluwarsa kanggo nagara sinebut wiwit tanggal wetuné sing wis dikukuhaké, utawa manawa ora kecandhak, rong taun sawisé wara-wara iki kaya sing dirujuk ing paragraf 2, kajaba Rad Éropa, sarujuk karo nagara anggota sinebut iki, kanthi mutlak nentokaké ndawakaké mangsa iki.)

Réferènsi besut

  1. Athanassiou, Phoebus (December 2009). "Withdrawal and Expulsion from the EU and EMU: Some Reflections" (PDF). Legal Working Paper Series. European Central Bank (10): 9. ISSN 1830-2696. Dibukak ing 19 February 2013.
  2. "Consolidated Version of the Treaty on European Union" (PDF). HM Government.