Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c + rujukan
Larik 5:
Saiki iki, kahanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging sawijining wong bisa kahanggep batur tukon menawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki sacara sapéhak. Kahanan kaya mengkéné iki kerep diarani minangka "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon biasané diarani slundupan manungsa.
 
Batur tukon iku wis ana ing mangsa prasajarah lan ugi ana ing akèh kabudayan. Mbiyèn praktèk iki diakoni minangka lembaga absah déning akèhé maskapé utawa masarakat, nanging saiki dilarang ing kabèh nagara. Sing pungkasan nglarang iku [[Mauritania]] ing taun [[2007]]. Nanging senadyan mengkono praktèk iki isih lestari minangka utang, batur sing dikurung, bocah-bocah sing diadopsi lan dipeksa nyambut gawé, prajurit bocat, slundupan manungsa, lan kawin peksa.<ref>[http://www.bbc.co.uk/ethics/slavery/modern/modern_1.shtml#section_2 ''Religion & Ethics – Modern slavery: Modern forms of slavery'', BBC, 30 Januari 2007, diaksès tanggal 16 Agustus 2016]</ref> Diprakirakaké jaman saiki, gunggungé batur tukon paling akèh sajroning sajarah manungsa, cacahé sadonya ana sakiwa-tengené 45 yuta.<ref>[http://www.nytimes.com/2016/06/01/world/asia/global-slavery-index.html?_r=0 ''Modern slavery estimated to trap 45 million people worldwide'', NY Times, 31 Mei 2016, diaksès tanggal 1 Juni 2016]</ref>