Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

7 bèt wis dibusak ,  3 taun kepungkur
c
pengaruh, pangaruh -> prabawa using AWB
Panganggep utawi pikiran ing nginggil kasebat boten sadayanipun leres. Kemajengan [[tèknologi komunikasi]] saèstu sampun ndamel wates-wates lan let dados ical lan boten wonten ginanipun. John Naisbitt (1988), ing bukunipun ingkang asesirah ''Global Paradox'' punika nelakaken prekawis ingkang malah nggadhahi sifat paradhoks saking fénoména globalisasi. Naisbitt (1988) ngajengaken pokok-pokok pikiran sanès ingkang arupi paradhoks, inggih punika tansaya dados universal, tumindak kita tansaya kasukuan, lan menggalih lokal, tumindak global. Perkawis punika dipunmaksudaken kita kedah <!--konsèntrasi--> mituhu dhumateng perkawis-perkawis ingkang nggadhahi sifat ètnis, ingkang namung dipundarbèni klompok utawi masarakat punika piyambak ingkang dados modhal pangembangan tumuju donya internasional.
 
Ing sisih sanèsipun, wonten ingkang mirsani globalisasi punika satunggiling proyèk ingkang kausung déning nagari-nagari [[adhikuwaos]], saéngga saged ugi tiyang kagungan pandhangan négatif utawi sujana dhumateng globalisasi. Saking <!--''sudut pandang''--> kacatingal punika, globalisasi boten sanès kapitalisme ing wujudipun ingkang paling mutakhir. Nagari-nagari ingkang kiyat lan sugih, tamtu badhé ngendhalèkaken [[ékonomi]] donya lan nagari-nagari alit tansaya boten wonten dayanipun amargi boten kuwagang tetandhingan, amargi globalisasi <!--''cenderung''--> kapara anggadhahi pangaruhprabawa ingkang ageng dhumateng perékonomian donya, malahan nggadhahi pangaruhprabawa dhumateng bidhang-bidhang sanès kadosdéné [[budaya]] lan [[agama|agami]].
 
==== Ciri globalisasi ====
 
* Éwah-éwahan ing konsèp ''ruang'' lan wekdal. Tuwuh ngrembakanipun barang-barang kados télpon genggam, televisi satelit, lan [[internet|internèt]] nedahaken bilih komunikasi global dumados saklangkung cepet, sauntawis lumantar mobah-mosikipun <!--''pergerakan''--> massa kados lumantar turismé, andadoskaen kathah perkawis budaya ingkang éwah. Fénoména kamajengan donya internèt sampun ngéwahi sacara drastis utaminipun ing babagan aksès dhumateng èlmu. Wontenipun ènsiklopèdhi bébas kadosdéné [[Wikipedia|Wikipédia]] sampun saged ndhobrak aksès masarakat dhumateng èlmu ingkang suwau katutup lan kedah tumbas, dados gratis, saged dipun mekaraken déning sinten kémawon lan saged dipun undhuh kanthi bébas. Punapa malih ènsiklopedhia punika dipun sadiyakaken ing werni-werni basa (langkung saking 250 basa) ing donya, saéngga langkung nggampilaken aksès lan saged dados satunggiling ciri lan wahana globalisasi.
* [[Pasar]] lan prodhuksi [[ékonomi]] ing nagari-nagari ingkang bènten dados gumantung/mbetahaken setunggal lan setunggalipun amargi mekaripun perdagangan internasional, paningkatan pangaruhprabawa perusahaan multinasional, lan dhominasi organisasi kados [[World Trade Organization]] (WTO).
* Paningkatan interaksi [[budaya|kultural]] kanthi mekaripun medhia massa (utaminipun televisi, film, musik, lan transmisi pawartos lan ulah raga internasional). Sapunika, kita saged ngonsumsi lan ngraosaken gagasan lan pangalaman énggal perkawis <!--samudaya ingkang sliweran ing--> budaya ingkang saklangkung pepak, upaminipun ing babagan ''fashion'', literatur, lan dedhaharan.
* Tambahing masalah ingkang sami kanggé sadaya, umpaminipun ing babagan lingkungan ngagesang, krisis multinasional, [[inflasi]] regional lan sanèsipun.
 
* Para '''tradisionalis''' boten pitados bilih globalisasi saweg dumados. Para '''tradisionalis''' kagungan pendhapat bilih fénoména punika namung mitos utawi, menawi pancèn wonten, namung dipunageng-agengaken. Para '''tradisionalis''' ngrujuk bilih [[kapitalismé]] sampun dados setunggiling fénoména [[internasional]] ingkang dangunipun atusan taun. Punapa ingkang saweg kita alami sapunika namung arupi tahap lajengan, utawi [[évolusi]], saking prodhuksi lan perdagangan kapital.
* Para '''transformasionalis''' wonten ing antawisipun para globalis lan tradisionalis. Para '''transformasionalis''' sarujuk bilih pangaruhprabawa globalisasi sampun dipunlangkung-langkungaken déning para globalis. Nanging, para '''transformasionalis''' ugi kagungan pendhapat bilih bodho sanget menawi kita nyangkal kawontenanipun konsèp punika. Posisi téoritis punika kagungan pendhapat bilih globalisasi kedahipun dipunpahami dados "''saprangkat sesambetan ingkang wonten kaitanipun setungal lan setunggalipun kanthi murni nglampahi satunggiling kekiyatan, ingkang sabagéyan ageng boten dumados sacara langsung''". Para '''transformasionalis''' nelakaken bilih prosès punika saged kawalik, utaminipun nalika perkawis kasebat négatif utawi, sakbotenipun, saged dipunkendhalèni.
 
== Sajarah globalisasi ==
Fase salajengipun dipuntengeri kanthi dhominasi perdagangan kaum [[muslim]] ing [[Asia]] lan [[Afrika]]. Kaum muslim ndamel jaringan perdagangan ingkang antawisipun ngliputi [[Jepang]], [[Tiongkok]], [[Vietnam]], [[Indonésia]], [[Malaka]], [[India]], [[Pèrsi]], pesisir [[Afrika Wétan]], [[Segara Tengah]], [[Venesia]], lan [[Genova]]. Kaum pedagang muslim ugi nyebaraken nilai-nilai [[islam|agamanipun]], asma-asma, abjad, arsiték, [[nilai sosial]] lan budaya [[Arab]] dhumateng warga donya.
 
Fase salajengipun kanthi tetenger éksplorasi donya sacara ageng-agengan déning bangsa [[Éropah]]. [[Spanyol]], [[Portugal|Portugis]], [[Inggris]], lan [[Walanda|Walandi]] punika pelopor-pelopor eksplorasi punika. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi dumadosipun [[révolusi indhustri]] ingkang ningkataken ''keterkaitan'' antarbangsa donya. Manéka werni tèknologi wiwit dipuntemokaken lan dados dhasar mekaring tèknologi sapunika, kados [[komputer]] lan [[internet|internèt]]. Ing wekdal punika, mekar ugi kolonialisasi ing donya ingkang mbeta pangaruhprabawa ageng dhumateng [[budaya|dhifusi kabudayan]] ing donya.
 
Saya mekaring indhustri lan kabetahan dhumateng bahan baku sarta pasar ugi njalari munculing manéka werni [[perusahaan multinasional]] ing donya. Ing Indonésia umpaninipun, milai ''pulitik pintu terbuka'', perusahaan-perusahaan [[Éropah]] mbikak manéka werni cabangipun ing Indonésia. [[Freeport]] lan [[Exxon]] saking [[Amérika Sarékat]], [[Unilever]] saking [[Walanda|Walandi]], [[British Petroleum]] saking [[Inggris]] punika sapérangan contonipun. Perusahaan multinasional kados punika tetep dados ikon globalisasi ngantos sapunika.
[[Gambar:Harajuku_girls,_Tokyo.jpg||left|thumb|250px|Tata busana Harajuku saking [[Jepang]] ingkang dados 'ikon' kaum mudha mudhi donya punika satunggaling conto dumadosipun globalisasi kabudayan.]]
 
Globalisasi maringi pengaruhprabawa dhumateng mèh sadaya aspèk ingkang wonten ing [[masarakat]], kalebet ing antawisipun aspèk [[budaya]]. Kabudayan saged ateges [[pangaji sosial|nilai-nilai]] (''values'') ingkang dipunanut déning masarakat utawi persèpsi ingkang dipundarbèni déning warga masarakat dhumateng perkawis ingkang pepak. Nilai-nilai utawi persèpsi wonten sesambetanipun kaliyan aspèk-aspèk kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspèk-aspèk kajiwan punika dados wigatos maknanipun menawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk setunggaling tiyang sanget dipunpengaruhidipunprabawai déning punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang kasebat. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika [[kasenian]], ingkang arupi subsistem saking [[budaya|kabudayan]].
 
Globalisasi ingkang dados satunggaling gejala nyebaripun [[pangaji sosial|nilai-nilai]] lan [[budaya]] tartamtu dhumateng donya sadaya (saéngga dados budaya donya utawi ''world culture'') sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah [[Éropah|Éropah Kilèn]] tumuju kathah papan ing donya punika ( Lucian W. Pye, 1966 ).
348.872

besutan