Tèh: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Rachmat04 (parembugan | pasumbang)
c busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah: Buddha -> Buda (éjaan baku), replaced: Buddha → Buda (3)
Larik 24:
Miturut carita, tèh ditemokaké ing [[Cina]]. Tèh ing pisanan ditemokaké déning [[Kaisar Shen Nun]] ing taun [[2737]] sadurungé Masehi. Kaisar Shen Nung dikenal ora mung dadi kaisar thok, ananing uga dikenal kanthi sesebutan ''The Divine Healer'' (''Sang Penyembuh dari Ilahi'').<ref name="Inter1">[http://www.sosro.com/sejarah-teh-dunia.php Sejarah tèh dunia] diakses tanggal 30 April 2011</ref> Crita nemu tèh déning Kaisar, ora sinengaja nalika [[godhong]] tèh kang ana ing kebon Kaisar Shen Nung tiba ing [[banyu]] kang lagi digodhog déning Kaisar. Nalika godhong tèh iku kena banyu panas, mambu énakè langsung nggawé Kaisar kepingin nyoba ngicipi. Ora mung mambunè, ananging rasa sepet lan pait saka godhong tèh iku disenengi déning Kaisar amarga dipercaya bisa agawé segering awak. Saliyané iku, miturut panelitèné Kaisar Shen Nung, ngombé tèh bisa marèkaké saka penyakit.<ref name="Inter1"/>
 
Akèh kang ngandharaké panemonan tèh ing [[Jepang]] kang ana gegayutané karo [[Daruma]]. Daruma ya iku wong kang nyebaraké agama [[Zen BuddhaBuda]] utawa kang dikenal kanthi sesebutan ''Father of Zen BuddhaBuda'' ing [[Jepang]] taun [[600 Masehi]]. Kacarita, Daruma lagi nyinauni agama [[BuddhaBuda]] kanthi tapa lan ora turu utawa merem sasuwéné 7 taun (ana kang ngandharakè 9 taun). Ana carita liya kang nyritakaké Daruma tapa kanthi lungguh nganti ing pungkasané sikilé Daruma lumpuh. Ana carita kang luwih sangar nyritakaké yèn Daruma sengaja nyuwèk kelopak mripaté bèn ora turu nalika tapa. Klopak mripaté iku tiba ing [[lemah]]. Lan miturut lègenda, ''keajaiban'' kadadéyan nalika klopak mripat iku tiba, thukul tanduran tèh kang kaping pisanan ing Jepang. Wiwit iku, Daruma dikenal kanthi mripaté kang gedhé minangka ''icon'' utawa pratandha lan didadèkaké golèkan kang misuwur ing Jepang.<ref name="Inter1"/>
 
Ing taun 780 Masehi, kang pisanan cendekiawan kang jenengé Lu Yu ngumpulaké lan nulis [[buku]] kang ngrembug babagan temuan tèh lan mumpangate ing sajroning ''literatur'' tèh, ya iku ''Ch’a Cing'' utawa ''The Classic of Tea''. Buku iku nyritakaké yèn tèh mujudakè ombèn-ombèn kang bisa nggawé wong luwih ''semangat'', bisa nglerem ati, mbuka pikiran lan nggawé ora ngantuk, nggawé ènthènging awak lan nyegeraké awak, sarta bisa ngunggahaké kamampuan pikiré wong.<ref name="Inter1"/>