Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

9 bèt wis dibusak ,  2 taun kepungkur
éjaan: satunggalipun, mujudaken, désa, manungsa, replaced: setunggalipun → satunggalipun (4), menungsa → manungsa, setunggal → satunggal (5)
 
== Pangertosan ==
Tembung "globalisasi" kapendhet saking tembung ''global'', ingkang maknanipun ''universal''. Globalisasi dèrèng nggadhahi dhéfinisi ingkang mapan, kejawi namung <!--sekedar=sauger (ngoko) = saugi (krama)-->saugi dhéfinisi karya (''working definition''), saéngga gumantung saking sisih pundi tiyang mriksani. Wonten ingkang mastani satunggiling prosès [[sosial]], utawi prosès [[sajarah]], utawi prosès alamiah ingkang badhé andadosaken sadaya bangsa lan [[nagara|nagari]] ing donya tansaya kaiket setunggalsatunggal kaliyan setunggalipunsatunggalipun, mujudaken satunggiling tatanan kagesangan énggal utawi manunggaling <!--(?)''kesatuan''--> ko-éksisténsi kanthi nyingkiraken wates-wates géografis, [[ékonomi]] lan [[budaya|budaya masarakat]].
 
[[Mitos]] ingkang wonten prekawis globalisasi inggih punika bilih prosès globalisasi badhé ndamel donya dados sragam. Prosès globalisasi badhé mbusek idhéntitas lan jati dhiri. [[budaya|Kabudayan]] lokal utawi [[etnis]] badhé kauntal déning kekiyatan budaya ageng utawi kekiyatan budaya global.
 
* Éwah-éwahan ing konsèp ''ruang'' lan wekdal. Tuwuh ngrembakanipun barang-barang kados télpon genggam, televisi satelit, lan [[internet|internèt]] nedahaken bilih komunikasi global dumados saklangkung cepet, sauntawis lumantar mobah-mosikipun <!--''perobahan''--> massa kados lumantar turismé, andadoskaen kathah perkawis budaya ingkang éwah. Fénoména kamajengan donya internèt sampun ngéwahi sacara drastis utaminipun ing babagan aksès dhumateng èlmu. Wontenipun ènsiklopèdhi bébas kadosdéné [[Wikipedia|Wikipédia]] sampun saged ndhobrak aksès masarakat dhumateng èlmu ingkang suwau katutup lan kedah tumbas, dados gratis, saged dipun mekaraken déning sinten kémawon lan saged dipun undhuh kanthi bébas. Punapa malih ènsiklopedhia punika dipun sadiyakaken ing werni-werni basa (langkung saking 250 basa) ing donya, saéngga langkung nggampilaken aksès lan saged dados satunggiling ciri lan wahana globalisasi.
* [[Pasar]] lan prodhuksi [[ékonomi]] ing nagari-nagari ingkang bènten dados gumantung/mbetahaken setunggalsatunggal lan setunggalipunsatunggalipun amargi mekaripun perdagangan internasional, paningkatan prabawa perusahaan multinasional, lan dhominasi organisasi kados [[World Trade Organization]] (WTO).
* Paningkatan interaksi [[budaya|kultural]] kanthi mekaripun medhia massa (utaminipun televisi, filem, musik, lan transmisi pawartos lan ulah raga internasional). Sapunika, kita saged ngonsumsi lan ngraosaken gagasan lan pangalaman énggal perkawis <!--samudaya ingkang sliweran ing--> budaya ingkang saklangkung pepak, upaminipun ing babagan ''fashion'', literatur, lan dedhaharan.
* Tambahing masalah ingkang sami kanggé sadaya, umpaminipun ing babagan lingkungan ngagesang, krisis multinasional, [[inflasi]] regional lan sanèsipun.
 
<br />
'''Kennedy''' lan '''Cohen''' nelaaken bilih transformasi punika sampun mbeta kita sadaya dhumateng globalisme, satunggiling kasadharan lan pamahaman énggal bilih [[bumi|donya]] punika setunggalsatunggal. '''Giddens''' negasaken bilih kathah tiyang ingkang uninga menawi sayektosipun dhiri kita tumut mendhet bagéyan ing ''donya ingkang kedah owah tanpa saged dipunkendhalèkaken'' ingkang dipuntengeri kanthi pangraos lan kawigatosan dhumateng perkawis ingkang sami, éwah-éwahan lan kahanan boten mesthi, sarta kasunyatan ingkang mungel kedadosan. Sesarengan kaliyan punika, [[Peter Drucker]] nyebataken bilih globalisasi punika ''jaman transformasi sosial''. Saben pinten atus taun ing sajarah manungsa, transformasi ngédap-édabi tansah dumados. Ing sapérangan dékadé kémawon, masarakat sampun éwah malih ing pasawangan perkawis donya, nilai-nilai dhasar, struktur pulitik lan sosial, ugi ing babagan seni. Sèket taun salajengipun muncul setunggaling donya ingkang énggal.
 
== Téori globalisasi ==
 
* Para '''tradisionalis''' boten pitados bilih globalisasi saweg dumados. Para '''tradisionalis''' kagungan pendhapat bilih fénoména punika namung mitos utawi, menawi pancèn wonten, namung dipunageng-agengaken. Para '''tradisionalis''' ngrujuk bilih [[kapitalismé]] sampun dados setunggiling fénoména [[internasional]] ingkang dangunipun atusan taun. Punapa ingkang saweg kita alami sapunika namung arupi tahap lajengan, utawi [[évolusi]], saking prodhuksi lan perdagangan kapital.
* Para '''transformasionalis''' wonten ing antawisipun para globalis lan tradisionalis. Para '''transformasionalis''' sarujuk bilih prabawa globalisasi sampun dipunlangkung-langkungaken déning para globalis. Nanging, para '''transformasionalis''' ugi kagungan pendhapat bilih bodho sanget menawi kita nyangkal kawontenanipun konsèp punika. Posisi téoritis punika kagungan pendhapat bilih globalisasi kedahipun dipunpahami dados "''saprangkat sesambetan ingkang wonten kaitanipun setungal lan setunggalipunsatunggalipun kanthi murni nglampahi satunggiling kekiyatan, ingkang sabagéyan ageng boten dumados sacara langsung''". Para '''transformasionalis''' nelakaken bilih prosès punika saged kawalik, utaminipun nalika perkawis kasebat négatif utawi, sakbotenipun, saged dipunkendhalèni.
 
== Sajarah globalisasi ==
[[Gambar:Novgorod torg.JPG|300px|thumb|left|"Novgorod Torg", satunggiling lukisan déning Appolinary Vasnetsov ([[1856]]-[[1933]]) ingkang nggambaraken interaksi antar[[menungsa|manungsa]] lan antarbangsa lumantar perdagangan ing [[abad kaping 19]].]]
Kathah sejarawan ingkang nyebat globalisasi dados fénoména ing [[abad kaping 20]] punika kasambetaken kaliyan bangkitipun ékonomi internasional. Kamangka interaksi lan globalisasi ing sesambetan antarbangsa ing donya sampun wonten wiwit maabad-abad kapengker. Menawi dipuntelusuri, winih-winih globalisasi sampun tuwuh nalika manungsa wiwit ngenal perdagangan antarnagari watawis taun 1000 lan 1500 M. Ing wekdal punika, para pedagang saking Tiongkok lan India wiwit nlusuri nagari sanès nglangkungi mergi dharat (umpaminipun kados [[jalur sutra]]) utawi mergi seganten kanggé dagang.
 
 
Pannyengkuyung globalisasi (asring ugi kasebut pro-globalisasi) nganggep bilih globalisasi saged ningkataken kasejahtraan lan kamakmuran ékonomi masarakat donya. Para panyengkuyung lelandhesan [[téori kaunggulan komparatif]] ingkang kacetusakan déning '''David Ricardo'''.
Téori punika nelakaken bilih satunggiling nagari lan nagari sanès silih gumantung lan saged silih nguntungaken setunggaul kaliyan setunggalipunsatunggalipun, lan salah satunggal wujudipun inggih punika silih gumantung ing babagan [[ékonomi]]. Kekalih nagari saged ''melakukan transaksi pertukaran'' selaras kaliyan kaunggulan komparatif ingkang dipungadhahi. Umpaminipun, [[Jepang]] nggadhahi kaunggulan komparatif ing produk kaméra dhigital (saged nyithak langkung èfesien lan mutunipun saé) sauntawis [[Indonésia]] nggadhahi kaunggulan komparatif ing prodhuk kain. Kanthi téori punika, Jepang kaanjuraken kanggé ngendhegaken prodhuksi kainipun lan nggantos faktor-faktor prodhuksinipun kanggé maksimalaken prodhuksi kaméra dhigital, lajeng nutupi kekirangan panawaran kain kanthi mundhut saking Indonésia, mekaten ugi kosok wangsulipun.
 
Salah satunggiling panyandhet utami dumadosipun ''kerjasama'' wau inggih punika wontenipun larangan-larangan lan [[kawicaksanan protèksi]] saking pamaréntah satunggaling nagari. Ing satunggil sisih, kawicaksanan punika saged ngreksa prodhuksi lebet nagari, nanging ing sanès sisih, perkawis badhé ningkatipun ragad prodhuksi barang [[impor]] saéngga awrat nembus [[pasar]] nagari ingkang dipuntuju. Para pro-globalisme boten sarujuk wontenipun protèksi lan larangan kasebat. Para pro-globalisme péngin dipunleksanaaken kawicaksanan perdagangan bébas saéngga regi barang-barang saged dipuntekan, akibatipun panyuwunan bakal ningkat. Amargi panyuwunan ningkat, kamakmuran badhé ningkat lan mekaten saterusipun.
== Globalisasi Perékonomian ==
[[Gambar:Crowds in Platform 1, Sun Yat-sen Memorial Hall Station 20051231.jpg|thumb|250px|Dhatengipun tenaga kerja asing punika satunggaling gejala dumadosipun globalisasi tenaga kerja]]
'''Globalisasi perékonomian''' arupi setunggaling prosès kagiyatan [[ékonomi]] lan [[perdagangan]], ing pundi nagari-nagari ing saindhenging donya dados setunggalsatunggal kekiyatan [[pasar]] ingkang saya [[integrasi sosial|karintegrasi]] tanpa alangan wates [[téritorial]] nagari. Globalisasi perékonomian ngedahaken pambusakkan sadaya watesan lan rerendhetan dhumateng arus modhal, barang lan jasa.
 
Nalika globalisasi ékonomi dumados, wates-wates satunggaling nagari badhé dados kabur lan ''keterkaitan'' antawisipun ékonomi nasional kaliyan perékonomian internasional badhé tansaya kenceng. Globalisasi perékonomian ing setunggalsatunggal pihak badhé mbikak peluang pasar prodhuk saking lebet nagari nuju pasar internasional sacara kompetitif, kosok wangsulipun ugi mbikak peluang mlebetipun prodhuk-prodhuk global mlebet [[pasar domestik]].
 
Miturut [[Tanri Abeng]], pawujudan nyata saking globalisasi ékonomi antawisipun dumados ing wangun-wangun:
348.872

besutan