Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

Gedhéné ora owah ,  2 taun kepungkur
éjaan, replaced: téknologi → tèknologi, setunggaling → satunggaling (4), sejatosipun → sajatosipun, radio → radhio, pesisir → pasisir, mbentuk → mujudaké, kedadosan → kadadosan, industri → indhustri, dipun → dipun (3), aliran →...
[[Gambar:screen_wiki_id_in_internet.jpg||right|thumb|300px|Kaca utama [[Wikipedia|Wikipédia]] [[basa Indonésia]] ing [[internet|internèt]].]]
 
* Éwah-éwahan ing konsèp ''ruwang'' lan wekdal. Tuwuh ngrembakanipun barang-barang kados télpon genggam, télévisi satelit, lan [[internet|internèt]] nedahaken bilih komunikasi global dumados saklangkung rikat, sauntawis lumantar mobah-mosikipun <!--''perobahan''--> massa kados lumantar turismé, andadoskaen kathah perkawis budaya ingkang éwah. Fénoména kamajengan donya internèt sampun ngéwahi sacara drastis mliginipun ing babagan aksès dhumateng èlmu. Wontenipun ènsiklopèdhi bébas kadosdéné [[Wikipedia|Wikipédia]] sampun saged ndhobrak aksès masarakat dhumateng èlmu ingkang suwau katutup lan kedah tumbas, dados gratis, saged dipun mekarakendipunmekaraken déning sinten kémawon lan saged dipun undhuhdipunundhuh kanthi bébas. Punapa malih ènsiklopedhia punika dipun sadiyakakendipunsadiyakaken ing werni-werni basa (langkung saking 250 basa) ing donya, saéngga langkung nggampilaken aksès lan saged dados satunggiling ciri lan wahana globalisasi.
* [[Pasar]] lan prodhuksi [[ékonomi]] ing nagari-nagari ingkang bènten dados gumantung/mbetahaken satunggal lan satunggalipun amargi mekaripun perdagangan internasional, paningkatan prabawa perusahaan multinasional, lan dhominasi organisasi kados [[World Trade Organization]] (WTO).
* Paningkatan interaksi [[budaya|kultural]] kanthi mekaripun medhia massa (mliginipun télévisi, filem, musik, lan transmisi pawartos lan ulah raga internasional). Sapunika, kita saged ngonsumsi lan ngraosaken gagasan lan pangalaman énggal perkawis <!--samudaya ingkang sliweran ing--> budaya ingkang saklangkung pepak, upaminipun ing babagan ''fashion'', literatur, lan dedhaharan.
 
<br />
'''Kennedy''' lan '''Cohen''' nelaaken bilih transformasi punika sampun mbeta kita sadaya dhumateng globalisme, satunggiling kasadharan lan pamahaman énggal bilih [[bumi|donya]] punika satunggal. '''Giddens''' negasaken bilih kathah tiyang ingkang uninga manawi sayektosipun dhiri kita tumut mendhet pérangan ing ''donya ingkang kedah owah tanpa saged dipunkendhalèkaken'' ingkang dipuntengeri kanthi pangraos lan kawigatosan dhumateng perkawis ingkang sami, éwah-éwahan lan kahanan boten mesthi, sarta kasunyatan ingkang mungel kedadosankadadosan. Sesarengan kaliyan punika, [[Peter Drucker]] nyebataken bilih globalisasi punika ''jaman transformasi sosial''. Saben pinten atus taun ing sajarah manungsa, transformasi ngédap-édabi tansah dumados. Ing sapérangan dékadé kémawon, masarakat sampun éwah malih ing pasawangan perkawis donya, nilai-nilai dhasar, struktur pulitik lan sosial, ugi ing babagan seni. Sèket taun salajengipun muncul setunggalingsatunggaling donya ingkang énggal.
 
== Téyori globalisasi ==
* Para '''globalis''' pitados bilih globalisasi punika satunggiling kasunyatan ingkang nggadhahi konsekuénsi nyata dhumateng kadospundi tiyang lan [[pranata sosial|lembaga]] ing donya lumampah. Para '''globalis''' pitados bilih nagari-nagari lan [[budaya|kabudayan]] lokal badhé ical kataman kabudayan lan ékonomi global ingkang homogen (sawarni). Éwasemanten, para globalis boten kagungan pendhapat ingkang sami perkawis konsekuénsi dhumateng prosès kasebat.
::* Para '''globalis positif''' lan optimistis nanggapi kanthi saé ''perkembangan'' kados punika lan nelakaken bilih globalisasi badhé ngasilaken masarakat donya ingkang toléran lan kagungan tanggel waler.
::* Para '''globalis pesimis''' kagungan pendhapat bilih globalisasi punika satunggaling fénoména négatif amargi perkawis kasebat sejatosipunsajatosipun wujud panjajahan [[donya kulon|kilèn]] (mliginipun [[Amérika Sarékat]]) ingkang meksa sapérangan wangun budaya lan konsumsi ingkang homogen lan katingalipun leres saking njawi. Sapérangan globalis salajengipun mbentukmujudaké golongan kanggé nentang globalisasi ([[antiglobalisasi]]).
 
* Para '''tradisionalis''' boten pitados bilih globalisasi saweg dumados. Para '''tradisionalis''' kagungan pendhapat bilih fénoména punika namung mitos utawi, manawi pancèn wonten, namung dipunageng-agengaken. Para '''tradisionalis''' ngrujuk bilih [[kapitalismé]] sampun dados setunggiling fénoména [[internasional]] ingkang dangunipun atusan taun. Punapa ingkang saweg kita alami sapunika namung arupi tahap lajengan, utawi [[évolusi]], saking prodhuksi lan perdagangan kapital.
Kathah sejarawan ingkang nyebat globalisasi dados fénoména ing [[abad kaping 20]] punika kasambetaken kaliyan bangkitipun ékonomi internasional. Kamangka interaksi lan globalisasi ing sesambetan antarbangsa ing donya sampun wonten wiwit maabad-abad kapengker. Manawi dipuntelusuri, winih-winih globalisasi sampun tuwuh nalika manungsa wiwit ngenal perdagangan antarnagari watawis taun 1000 lan 1500 M. Ing wekdal punika, para pedagang saking Tiongkok lan India wiwit nlusuri nagari sanès nglangkungi margi dharat (umpaminipun kados [[jalur sutra]]) utawi margi seganten kanggé dagang.
 
Fase salajengipun dipuntengeri kanthi dhominasi perdagangan kaum [[muslim]] ing [[Asia]] lan [[Afrika]]. Kaum muslim ndamel jaringan perdagangan ingkang antawisipun ngliputi [[Jepang]], [[Tiongkok]], [[Vietnam]], [[Indonésia]], [[Malaka]], [[India]], [[Pèrsi]], pesisirpasisir [[Afrika Wétan]], [[Segara Tengah]], [[Venesia]], lan [[Genova]]. Kaum pedagang muslim ugi nyebaraken nilai-nilai [[islam|agamanipun]], asma-asma, abjad, arsiték, [[nilai sosial]] lan budaya [[Arab]] dhumateng warga donya.
 
Fase salajengipun kanthi tetenger éksplorasi donya sacara ageng-agengan déning bangsa [[Éropah]]. [[Spanyol]], [[Portugal|Portugis]], [[Inggris]], lan [[Walanda|Walandi]] punika pelopor-pelopor eksplorasi punika. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi dumadosipun [[révolusi indhustri]] ingkang ningkataken ''keterkaitan'' antarbangsa donya. Manéka werni tèknologi wiwit dipuntemokaken lan dados dhasar mekaring tèknologi sapunika, kados [[komputer]] lan [[internet|internèt]]. Ing wekdal punika, mekar ugi kolonialisasi ing donya ingkang mbeta prabawa ageng dhumateng [[budaya|dhifusi kabudayan]] ing donya.
== Globalisasi Perékonomian ==
[[Gambar:Crowds in Platform 1, Sun Yat-sen Memorial Hall Station 20051231.jpg|thumb|250px|Dhatengipun tenaga makarya asing punika satunggaling gejala dumadosipun globalisasi tenaga makarya]]
'''Globalisasi perékonomian''' arupi setunggalingsatunggaling prosès kagiyatan [[ékonomi]] lan [[perdagangan]], ing pundi nagari-nagari ing saindhenging donya dados satunggal kekiyatan [[pasar]] ingkang saya [[integrasi sosial|karintegrasi]] tanpa alangan wates [[téritorial]] nagari. Globalisasi perékonomian ngedahaken pambusakkan sadaya watesan lan rerendhetan dhumateng arus modhal, barang lan jasa.
 
Nalika globalisasi ékonomi dumados, wates-wates satunggaling nagari badhé dados kabur lan ''keterkaitan'' antawisipun ékonomi nasional kaliyan perékonomian internasional badhé tansaya kenceng. Globalisasi perékonomian ing satunggal pihak badhé mbikak peluang pasar prodhuk saking lebet nagari nuju pasar internasional sacara kompetitif, kosok wangsulipun ugi mbikak peluang mlebetipun prodhuk-prodhuk global mlebet [[pasar domestik]].
* '''Globalisasi pambiyayan'''. Perusahaan global nggadhahi aksès kanggé pikantuk silihan utawi ndamel [[invèstasi]] (ing wangun portofolio utawi langsung) ing sadaya nagari ing donya. Minangka conto, [[PT Telkom]] salebetipun ngathahaken satuan sambungan tèlpon, utawi PT Jasa Marga salebetipun miyaraken jaringan margi tol sampun manfaataken sistem pambiyayan kanthi pola BOT (''build-operate-transfer'') sesarengan mitrausaha saking manca nagari.
* '''Globalisasi tenaga makarya'''. Perusahaan global badhé saged manfaataken tenaga makarya saking saindhenging donya selaras kaliyan kelasipun, kados panggunaan staf profésional dipunpundhut saking tenaga makarya ingkang sampun kagungan pangalaman internasional utawi buruh kasar ingkang saged dipunpendhet saking nagari berkembang. Kanthi globalisasi mila ''human movement'' badhé saya gampil lan bébas.
* '''Globalisasi jaringan informasi'''. [[Masarakat]] sawijining nagari kanthi gampil lan énggal pikantuk informasi saking nagari-nagari ing donya amargi kemajengan téknologitèknologi, antawisipun langkung: TV,radioradhio,médhia cithak lsp. Kanthi jaringan komunikasi ingkang saya majeng sampun mbiyantu wiyaripun pasar nuju manéka warni wilahan donya kanggé barang ingkang sami. Minangka conto: KFC, clana jeans levi's, utawi hamburger wonten ing pasar pundi kémawon. Akibatipun selera masarakat donya -ingkang dhomisilinipun ing kitha utawa ing dhusun- nuju ing ''selera'' global.
* '''Globalisasi Perdagangan'''. Perkawis punika mawujud ing wangun panurunan lan penyeragaman tarif sarta pambusakan manéka warni rerendhet ''nontarif''. Kanthi makaten kagiyatan perdagangan lan ''persaingan'' dados sansaya énggal, ketat, lan ''fair''.
 
 
=== Awonipun globalisasi ékonomi ===
* '''Ngrendheti tuwuhing séktor industriindhustri'''
Salah satunggaling èfèk saking globalisasi inggih punika tuwuhing sistem perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bébas. Tetuwuhan punika njalari nagari-nagari berkembang boten saged malih ngginaaken tarif ingkang inggil kanggé maringi protèksi dhumateng indhustri ingkang nembé tuwuh (infant industry). Kanthi punika, perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bébas nimbulaken rendhetan dhumateng nagari berkembang kanggé majengaken séktor indhustri dhomestik ingkang langkung rikat. Sasanèsipun punika, katergantungan dhumateng indhustri-indhustri ingkang dipungadhahi perusahaan multinasional sangsaya ningkat.
 
* '''Ngawoni neraca pambayaran'''
Globalisasi kapara minggahaken barang-barang [[impor]]. Sawalikipun, manawi satunggaling nagari boten kuwagang ''bersaing'' utawi tetandhingan, pramila èkspor boten saged tuwuh. Kawontenan punika saged ngawonaken kondhisi [[neraca pambayaran]]. Èfèk awon sanès saking globaliassi dhumateng neraca pambayaran inggih punika pambayaran néto pendhapatan faktor prodhuksi saking njawi nagari kapara ngraosaken dhéfisit. Invèstasi asing ingkang saya kathah ndadosaken aliranilèn pambayaran kauntungan (pendhapatan) invèstasi dhateng njawi nagari sangsaya ningkat. Mboten tuwuhipun èkspor saged ndadosaken awonipun neraca pambayaran.
 
* '''Séktor kauangan sangsaya boten stabil'''
[[Gambar:Harajuku_girls,_Tokyo.jpg||left|thumb|250px|Tata busana Harajuku saking [[Jepang]] ingkang dados 'ikon' kaum mudha mudhi donya punika satunggaling conto dumadosipun globalisasi kabudayan.]]
 
Globalisasi maringi prabawa dhumateng mèh sadaya aspèk ingkang wonten ing [[masarakat]], kalebet ing antawisipun aspèk [[budaya]]. Kabudayan saged ateges [[pangaji sosial|nilai-nilai]] (''values'') ingkang dipunanut déning masarakat utawi persèpsi ingkang dipundarbèni déning warga masarakat dhumateng perkawis ingkang pepak. Nilai-nilai utawi persèpsi wonten sesambetanipun kaliyan aspèk-aspèk kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspèk-aspèk kajiwan punika dados wigatos maknanipun manawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk setunggalingsatunggaling tiyang sanget dipunprabawai déning punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang kasebat. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika [[kasenian]], ingkang arupi subsistem saking [[budaya|kabudayan]].
 
Globalisasi ingkang dados satunggaling gejala nyebaripun [[pangaji sosial|nilai-nilai]] lan [[budaya]] tartamtu dhumateng donya sadaya (saéngga dados budaya donya utawi ''world culture'') sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah [[Éropah|Éropah Kilèn]] tumuju kathah papan ing donya punika ( Lucian W. Pye, 1966 ).
==== Ciri mekaripun globalisasi kabudayan ====
* Mekaring silih gentos kabudayan internasional.
* Panyebaran prinsip multikabudayan (''multiculturalism''), lan gampilipun aksès setunggalingsatunggaling individu dhumateng kabudayan sanès ing njawi kabudayanipun.
* Mekaring turisme lan [[plesiran]].
* Saya kathahing [[imigrasi]] saking satunggaling nagari tumuju nagari sanès.
348.872

besutan