Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah awal: éjaan, replaced: dianggep minangka → dianggep
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: padunung → sing ndunungi (7), digolongaké minangka → éwoning
Larik 1:
[[Gambar:Child labour Nepal.jpg|thumb|Buruh bocah ing Népal]]
'''Batur tukon''' utawa ing krama '''réncang tumbas''' iku sawijining fénoména ukum utawa ékonomi ing ngendi prinsip sistim ukum kapamilikan ditrapaké marang manungsa. Dadi manungsa iku digolongaké minangkaéwoning bandha sing bisa diduwèni, didol lan dituku. Banjur wong sing dadi batur tukon ora bisa njabel kahanan iki sacara sapéhak. Manawa sawijining wong iku dadi batur tukon, sing duwèni ndarbèni hak kinèrjané si batur tukon tanpa perlu mbayar gaji awaké. Hak-hak lan pangreksané si batur tukon bisa diatur déning undhang-undhang utawa adat ing sawijining wektu utawa papan, lan sawijining wong bisa dadi batur tukon sawisé dicekel, dituku utawa wiwit lair.
 
Saiki iki, kahanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging sawijining wong bisa kahanggep batur tukon manawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki sacara sapéhak. Kahanan kaya mengkéné iki kerep diarani minangka "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon biyasané diarani slundupan manungsa.
Larik 55:
 
=== Sajarah awal ===
Bukti-bukti batur tukon iku luwih dhisik ana tinimbang sajarah lan ana ing akèh kabudayan. Batur tukon antara wong-wong tegal lan beburon langka banget. Batur tukon masal perlu suplus ékonomi lan kapadhetan padunungsing ndunungi supaya bisa ditrapaké. Déné faktor-faktor iki, praktèk batur tukon namung bisa kadadéan sawisé tetanèn diciptakaké nalika jaman Révolusi Néolitik, sakiwa tengené 11.000 taun kapungkur.<ref name="Britannica"/>
 
Ing cathetan-cathetan sajarah awal dhéwé, batur tukon wis dianggep lembaga sing wis mapan. Kodèks Hammurabi (kurang luwih 1760 SM) contoné, nulis manawa kaukuman wong sing nulungi batur tukon sing mlayu utawa sing ndelikaké wong mlayu iku pati.<ref name="wsu. edu">[https://web.archive.org/web/20110514033802/http://www.wsu.edu/~dee/MESO/CODE.HTM ''Mesopotamia: The Code of Hammurabi'' (sitat: Prologue, "the shepherd of the oppressed and of the slaves". Code of Laws #7, "If any one buy from the son or the slave of another man")]</ref> Alkitab uga nulis perkara batur tukon minangka lembaga sing wis mapan.<ref name="slavery">"[https://www.britannica.com/topic/slavery-sociology Slavery (sociology)]". Encyclopædia Britannica.</ref>
Larik 64:
{{utama|Batur tukon ing Yunani kuna}}
 
Cathetan perkara batur tukon ing Yunani Kuna kuwi lawasé nganti jamané Yunani Mykenéa. Wis bisa didhedhes manawa ing Aténa ing Mangsa Klasik ndarbèni padunungsing ndunungi batur tukon sing gedhé, mbokmenawa nganti 80.000 wong ing abad kaping 6 lan 5 SM. Antara 40% nganti 80% padunungsing ndunungi kutha iki iku batur tukon.
 
Mawa èkspansi Républik Romawi dadi saya amba, akèh padunungsing ndunungi tlatah-tlatah sing kasoran didadèkaké batur tukon, nganti ana suplai gedhé saka saindhenging Éropah lan Sagara Tengah. Para batur tukon iku asliné antarané wong Yunani, Iliria, Bèrbèr, Jerman, Karajan Manunggal, Trasia, Gaulia, Yahudi, Arab lan liya-liyané. Kabèh ora mung dienggo tenagané minangka buruh dikon nyambut gawé, nanging uga kanggo panglipur, contoné kanggo tenaga gladiator lan batur tukon sèksual. Penindasan déning minoritas élit iki ngakibataké pambalélan déning para batur tukon. Salah sijiné sing kawentar iku pambalélané Spartakus, wong Trasia.
 
Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha pérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% padunungsing ndunungi Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.
 
Para batur tukon iku nmujudaké antara 15 - 25% padunungsing ndunungi Italia, akèhé tawanan perang sing mliginé saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon sing wis diluwaraké) sing gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas sing gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka sing katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas sing katon mencolok.
 
Para batur tukon iki (mliginé sing wong ngamanca) ndarbèni kadar pati sing luwih dhuwur lan kadar lair sing luwih asor tinimbang wong pribumi. Terkadhang para batur tukon ngamanca iki uga diusiri sacara gedhèn-gedhènan. Umur batur tukon sing kacathet nalika mati ing Kutha Roma iku asor banget: 17,5 taun (17,2 kanggo lanang lan 17,9 kanggo wadon).
Larik 84:
Ing Karajan Manunggal, praktèk batur tukon diterusaké sawisé Kakaisaran Romawi sirna, lan sawetara pérangan undhang-undhang Hywel the Good sing ngurusi batur tukon in Wales Abad Tengahan. Padagangan iki mliginé dianakaké sawisé invasi Viking mawa pasar gedhé ing Chester lan Bristol sing disuplai déning wong Dènmark, Mercia lan Wales. Wong-wong iki olèhé golèk batur tukon ya mawa nyerang daérah pawatesan siji lan sijiné.
 
Nalika jamané ''[[Domesday Book]]'', sawetara 10% padunungsing ndunungi Inggris iku batur tukon. Batur tukon ing Abad Tengahan ing Éropah iku lumrah banget nganti Gréja Katulik Roma bola-bali nyoba nglarang. Saorané èkspor batur tukon Kristen menyang tlatah non-Kristen dilarang nalika contoné Konsili Koblenz (922), Konsili London (1102) lan Konsili Armagh (1171).
 
Ing taun 1452, Paus Nikolas V ngetokaké bulla kapausan ''Dum Diversas'', sing maringi Raja Spanyol lan Portugal hak kanggo nggawé kabèh wong Sarasén (tembung kuna sing ngrujuk wong Muslim), wong kafir lan kabèh wong sing ora percaya dadi batur tukon salawasé lan ngabsahaké padagangan batur tukon minangka kasil perang.