Globalisasi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: padunung → sing ndunungi, pérangan saking → péranganing, komunis → kuminis (2), nilai → aji (10), sacara → kanthi (8), Nilai → Aji (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: satuan → ékan, ( → (, ) → ), anggadhahi → gadhah
Larik 12:
Panganggep utawi pikiran ing nginggil kasebat boten sadayanipun leres. Kemajengan [[tèknologi komunikasi]] saèstu sampun ndamel wates-wates lan let dados ical lan boten wonten ginanipun. John Naisbitt (1988), ing bukunipun ingkang asesirah ''Global Paradox'' punika nelakaken prekawis ingkang malah gadhah sipat paradhoks saking fénoména globalisasi. Naisbitt (1988) ngajengaken pokok-pokok pikiran sanès ingkang arupi paradhoks, inggih punika tansaya dados universal, tumindak kita tansaya kasukuan, lan menggalih lokal, tumindak global. Perkawis punika dipunmaksudaken kita kedah <!--konsèntrasi--> mituhu dhumateng perkawis-perkawis ingkang gadhah sipat ètnis, ingkang namung dipundarbèni golongan utawi masarakat punika piyambak ingkang dados modhal pangembangan tumuju donya internasional.
 
Ing sisih sanèsipun, wonten ingkang mirsani globalisasi punika satunggiling proyèk ingkang kausung déning nagari-nagari [[adhikuwaos]], saéngga saged ugi tiyang kagungan pandhangan négatif utawi sujana dhumateng globalisasi. Saking <!--''sudut pandang''--> kacatingal punika, globalisasi boten sanès kapitalisme ing wujudipun ingkang paling mutakhir. Nagari-nagari ingkang kiyat lan sugih, tamtu badhé ngendhalèkaken [[ékonomi]] donya lan nagari-nagari alit tansaya boten wonten dayanipun amargi boten kuwagang tetandhingan, amargi globalisasi <!--''cenderung''--> kapara anggadhahigadhah prabawa ingkang ageng dhumateng perékonomian donya, malahan gadhah prabawa dhumateng babagan-babagan sanès kados déné [[budaya]] lan [[agama|agami]].
 
==== Ciri globalisasi ====
Larik 74:
 
* '''Globalisasi prodhuksi''', perusahaan ndamel prodhuksi ing kathah [[nagara|nagari]], kanthi sasaran supados biyaya prodhuksi dados langkung asor. Perkawis punika dipunlampahi kanthi saé amargi opah [[buruh]] ingkang asor, tarif béya mlebet ingkang mirah, infrastruktur ingkang nyekapi utawi amargi iklim usaha lan pulitik ingkang kondhusif. Donya ing perkawis punika dados lokasi manufaktur global.
* '''Globalisasi pambiyayan'''. Perusahaan global gadhah aksès kanggé pikantuk silihan utawi ndamel [[invèstasi]] (ing wangun portofolio utawi langsung) ing sadaya nagari ing donya. Minangka conto, [[PT Telkom]] salebetipun ngathahaken satuanékan sambungan tèlpon, utawi PT Jasa Marga salebetipun miyaraken jaringan margi tol sampun manfaataken sistem pambiyayan kanthi pola BOT (''build-operate-transfer'') sesarengan mitrausaha saking manca nagari.
* '''Globalisasi tenaga makarya'''. Perusahaan global badhé saged manfaataken tenaga makarya saking saindhenging donya selaras kaliyan kelasipun, kados panggunaan staf profésional dipunpundhut saking tenaga makarya ingkang sampun kagungan pangalaman internasional utawi buruh kasar ingkang saged dipunpendhet saking nagari berkembang. Kanthi globalisasi mila ''human movement'' badhé saya gampil lan bébas.
* '''Globalisasi jaringan informasi'''. [[Masarakat]] sawijining nagari kanthi gampil lan énggal pikantuk informasi saking nagari-nagari ing donya amargi kemajengan tèknologi, antawisipun langkung: TV,radhio,médhia cithak lsp. Kanthi jaringan komunikasi ingkang saya majeng sampun mbiyantu wiyaripun pasar nuju manéka warni wilahan donya kanggé barang ingkang sami. Minangka conto: KFC, clana jeans levi's, utawi hamburger wonten ing pasar pundi kémawon. Akibatipun selera masarakat donya -ingkang dhomisilinipun ing kitha utawa ing dhusun- nuju ing ''selera'' global.
Larik 115:
Globalisasi maringi prabawa dhumateng mèh sadaya aspèk ingkang wonten ing [[masarakat]], kalebet ing antawisipun aspèk [[budaya]]. Kabudayan saged ateges [[pangaji sosial|aji-aji]] (''values'') ingkang dipunanut déning masarakat utawi persèpsi ingkang dipundarbèni déning warga masarakat dhumateng perkawis ingkang pepak. Aji-aji utawi persèpsi wonten sesambetanipun kaliyan aspèk-aspèk kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspèk-aspèk kajiwan punika dados wigatos maknanipun manawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk satunggaling tiyang sanget dipunprabawai déning punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang kasebat. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika [[kasenian]], ingkang arupi subsistem saking [[budaya|kabudayan]].
 
Globalisasi ingkang dados satunggaling gejala nyebaripun [[pangaji sosial|aji-aji]] lan [[budaya]] tartamtu dhumateng donya sadaya (saéngga dados budaya donya utawi ''world culture'') sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah [[Éropah|Éropah Kilèn]] tumuju kathah papan ing donya punika ( Lucian W. Pye, 1966 ).
 
Nanging, pamekaran globalisasi kabudayan kanthi inténsif dumados ing awal abad kaping 20 kanthi mekaripun [[tèknologi komunikasi]]. Kontak langkung medhia nggantosaken kontak fisik kanggé srana utama komunikasi antarbangsa. Éwah-éwahan kasebat ndadosaken komunikasi antarbangsa langkung gampil dipunlampahi, perkawis punika ndadosaken sangsaya énggalipun pamekaran globalisasi kabudayan.