Serat Centhini: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Panggubahan: éjaan, replaced: Sejarah → Sajarah, sajeroning mangsa → ing sajeroning mangsa
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: Sejarah → Sajarah, sajeroning mangsa → ing sajeroning mangsa, werna → warna (4)
Larik 1:
[[Gambar:Centhini50.jpg|thumb|250px|right|Samak buku "Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), karya R.M.A. Sumahatmaka]]
 
'''''Serat Centhini''''' (sajeroning [[aksara Jawa]]: {{J|ꦱꦼꦫꦠ꧀​ꦕꦼꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶ}}), utawa uga ingaran '''[[Suluk]] Tambanglaras''' utawa '''Suluk Tambangraras-Amongraga''', minangka salah siji karya sastra paling misuwur sajeroning [[Sastra Jawa Anyar|kesusastraan Jawa Anyar]].<ref name="tunu">Marsono, etal., ''Centhini, Tembangraras Amongraga Jilid V''', Gajahmada University Press, Cit. 1, [[2005]]</ref> Serat Centhini nyakup wernawarna-wernawarna kawruh lan kabudayan Jawa, supaya ora ilang lan tetep lestari salawasé.<ref name="tunu"/> Serat Centhini diripta arupa tembang, lan penulisané diklompokaké miturut jinis laguné.<ref name="Centhini">[Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan kapisan, 1981.]</ref>
[[Tambangraras]] iku asmané putri sing dadi lakon ing karya iki sing dadi pasangané lakon utama sing asmané [[Amongraga]].<ref name="Centhini"/> Banjur Centhini iku abdiné Tambangraras sing isih bocah cilik.<ref name="Centhini"/> Centhini iku diserat kanggo ngumpulaké baboning Pangawikan Jawa (“induk kawruh [[jawa]]”).<ref name="Centhini"/> Surasané Serat Centhini iku manéka warna kawruh ngèlmu lan kabudayan Jawa, supados lestatantun kaliyan boten ical.<ref name="tunu"/> Serat Centhini iku awujud tembang, lan ditulis miturut jinising lagu.<ref name="Centhini"/>
Serat Centhini dituis nganggo basa Jawa sing kapérang 12 jilid lan ngamot babagan penguripan lan kabudayan Jawa ing “dasawarsa” sepisanan “abad” 19.<ref name="Centhini"/> Kawruh iku dibabar awujud carita nalika lelaku tumeka pelosoking tanah Jawa.<ref name="Centhini"/> Ana bab [[agama]], manéka warna ngèlmu (kebatinan, kekebalan, keris, arsitèktur, tetanèn), kasenian (kasusastran, karawitan, tari), primbon, ramuan jampi-jampi, manéka warna masakan, adat istiadat, firasat wataking manungsa, lan carita sing ana gegayutané karo Yasan Kuna.<ref name="Centhini"/>
Larik 34:
'''Jayengresmi''', dikanthi déning loro santri kang jenengé Gathak lan Gathuk, nglakoni "lelampahan spiritual" menyang saubengé kraton [[Majapahit]], [[Blitar]], Gamprang, alas Lodaya, [[Tuban]], [[Bojonegoro]], alas Bagor, Gambirlaya, Gunung Padham, désa Dhandher, Kasanga, Sela, Gubug [[Merapi]], Gunung Prawata, [[Demak]], [[Gunung Muria]], [[Pekalongan]], Gunung Panagaran, Gunung Mandhalawangi, Tanah [[Pasundan]], [[Bogor]], tilas kraton [[Pajajaran]], [[Gunung Salak]], lan sabanjuré tekan ing Karang.
[[Gambar:Centhini.jpg|thumb|left|Buku bab Serat Centhini]]
Sajeroning lelaku iki, Jayengresmi ngalami "pendewasaan spiritual", amarga ketemu karo sawetara guru, tokoh-tokoh gaib sajeroning mitos Jawa kuna, lan sawetara juru kunci makam-makam kramat ing tanah Jawa. Sajeroning patemon karo tokoh-tokoh iku, panjenengané sinau bab wernawarna-wernawarna kawruh sajeroning khazanah kabudayan Jawa, wiwit saka ''candhi, makna swra manuk gagak lan prenjak, khasiat manuk pelatuk, pituduh panggawéné kain lurik, pilihan waetu gayutan sèksual, itungan tanggal, nganti tekan kisah Syekh Siti Jenar''. Pangalaman lan paningkatan kawicaksanan iki nggawé panjenengané ing tembé mburi misuwur kanthi sebutan '''Seh '''(Syekh)''' Amongraga'''. Sajeroning lelaku mau, Syekh Amongraga ketemu karo '''Ni Ken Tambangraras''' kang dadi garwané, sarta pembantuné '''Ni Centhini''', kang uga mèlu ngrungokaké wejangan-wejangané.
 
'''Jayengsari''' lan '''Rancangkapti''' diiringi santri kang jenengé Buras, lelana menyang Sidacerma, [[Pasuruan]], Ranu Grati, Banyubiru, sikilé Gunung Tengger, [[Malang]], Baung, [[Singhasari]], Sanggariti, Tumpang, Kidhal, Pasrepan, Tasari, [[Gunung Brama]], Ngadisari, Klakah, Kandhangan, [[Argopuro]], [[Gunung Raung]], [[Banyuwangi]], [[Pekalongan]], Gunung Perau, [[Dieng]], nganti tekan Sokayasa ing sikilé Gunung Bisma [[Banyumas]].