Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: sajroné → sajeroning, Pésta → Pista, sacara → kanthi (6)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: biyasané → lumrahé, , → , , - → -, - → -
Larik 2:
'''Batur tukon''' utawa ing krama '''réncang tumbas''' iku sawijining fénoména ukum utawa ékonomi ing ngendi prinsip sistim ukum kapamilikan ditrapaké marang manungsa. Dadi manungsa iku éwoning bandha sing bisa diduwèni, didol lan dituku. Banjur wong sing dadi batur tukon ora bisa njabel kahanan iki kanthi sapéhak. Manawa sawijining wong iku dadi batur tukon, sing duwèni ndarbèni hak kinèrjané si batur tukon tanpa perlu mbayar gaji awaké. Hak-hak lan pangreksané si batur tukon bisa diatur déning undhang-undhang utawa adat ing sawijining wektu utawa papan, lan sawijining wong bisa dadi batur tukon sawisé dicekel, dituku utawa wiwit lair.
 
Saiki iki, kahanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging sawijining wong bisa kahanggep batur tukon manawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki kanthi sapéhak. Kahanan kaya mengkéné iki kerep diarani "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon biyasanélumrahé diarani slundupan manungsa.
 
Batur tukon iku wis ana ing mangsa prasajarah lan ugi ana ing akèh kabudayan. Mbiyèn praktèk iki diakoni minangka lembaga absah déning akèhé maskapé utawa masarakat, nanging saiki dilarang ing kabèh nagara.<ref name="Bales2004">[https://books.google.com/books?id=8Cw6EsO59aYC&pg=PA4 Kevin Bales, ''New Slavery: A Reference Handbook''], (2004:4), ISBN 978-1-85109-815-6, diaksès tanggal 11 Fèbruari 2016]</ref><ref name="WhiteWhite2014">[https://books.google.com/books?id=GsruAwAAQBAJ&pg=PA43 Shelley K. White, Jonathan M. White, Kathleen Odell Korgen, ''Sociologists in Action on Inequalities: Race, Class, Gender, and Sexuality''], (2014:43), SAGE Publications, ISBN 978-1-4833-1147-0</ref> Sing pungkasan nglarang iku [[Mauritania]] ing taun [[2007]]. Nanging sanadyan mangkono praktèk iki isih lestari minangka utang, batur sing dikurung, bocah-bocah sing diadopsi lan dipeksa nyambut gawé, prajurit bocat, slundupan manungsa, lan kawin peksa.<ref>[http://www.bbc.co.uk/ethics/slavery/modern/modern_1.shtml#section_2 ''Religion & Ethics – Modern slavery: Modern forms of slavery'', BBC, 30 Januari 2007, diaksès tanggal 16 Agustus 2016]</ref> Diprakirakaké jaman saiki, gunggungé batur tukon paling akèh sajeroning sajarah manungsa, cacahé sadonya ana sakiwa-tengené 45 yuta.<ref>[http://www.nytimes.com/2016/06/01/world/asia/global-slavery-index.html?_r=0 ''Modern slavery estimated to trap 45 million people worldwide'', NY Times, 31 Mei 2016, diaksès tanggal 1 Juni 2016]</ref>
Larik 35:
Ing [[Prajanjian Anyar]] fénoména batur tukon ora ditentang utawa dibéla, nanging ana sawetara fragmèn sing nuduhaké manawa para batur tukon lan wong bébas iku dianggep padha waé ing ngarsané Allah.
 
Nanging para batur tukon sing mlayu ing sawetara wektu dilaknat lan ora pareng mèlu [[Komuni]] utawa Riyaya Pista Dhahar.<ref>''Infallibility on Trial'' Christian Classics, Luis M. Bermejo, 1992, kaca 313, ISBN 0-87061-190-9</ref> Gusti Yésus dhéwé sajeroning Prajanjian Anyar maringi sawetara paupaman ing ngendi dipratélakaké gegayutané antara batur tukon lan bendarané, nanging ora nentang fénoména batur tukon kanthi èksplisit. Ing sabagéan gedhé ayat-ayat Alkitab ing ngendi si batur tukon iki diomongaké, dhèwèké kudu nurut bendarané ([[Injil Lukas|Lukas]] 12:47<ref>Awit abdi sing ngerti apa sing dikersakaké déning bendarané, mangka ora siyaga lan ora nglakoni kersané bendarané, abdi mau bakal dipecuti marambah-rambah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref> , [[I Timotius]] 6:1<ref>Para batur-tukon Kristen kudu padha ngajèni marang bendarané, supaya asmané Allah lan piwulang kita aja diala-ala déning wong (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref>, [[Kitab Titus]] 2:9-10<ref>Para abdi padha yasa-turuta marang dhawuhé bendarané lan ing sadhéngah prekara gawéa mareming atiné bendarané. Aja padha madoni bendarané, utawa nyolong barang-barangé bendarané. Malah para abdi selawasé kudu nélakaké yèn dhèwèké becik lan setya, supaya srana sadhéngah prekara sing ditindakaké kanthi becik mau, wong-wong padha ngalem piwulang bab Allah, Juru Slamet kita (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref>, [[Layang Paulus Éfesus|Éfesus]] 6:5<ref>Para batur, kowé padha yasa-turuta marang bendaramu klawan wedi lan geter, sarta klawan tulusing ati; padha kaya enggonmu yasa-turut marang Sang Kristus (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994)</ref>, [[I Pétrus]] 2:18-19<ref>Kowé para batur, padha sumuyuda kanthi pakéring marang para bendaramu, ora mung karo bendaramu sing luhur bebudèné lan sumanak, nanging uga karo sing kereng. Allah bakal mberkahi kowé samangsa padha betah nandhang panganiaya sing ora adil, amarga ngerti yèn kuwi kersané Allah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref>).
 
Wiwit abad kaping 15 ana sawetara paus sing ngecam batur-tukon. Bulla kapausan ''[[Sicut Dudum]]'' tuwin bulla ''[[Sublimus Deus]]'' (1537) sing diwetokaké déning [[Paus Paulus III]] matrapi praktèk batur tukon kanthi èksplisit. Paus Pius II (1458-1464) ngarani batur tukon minangka “magnum scelus” ([[basa Jawa|Jawa]]: 'kadurjanan gedhé').
Larik 70:
Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha pérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% sing ndunungi Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.
 
Para batur tukon iku nmujudaké antara 15 - 25% sing ndunungi Italia, akèhé tawanan perang sing mliginé saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon sing wis diluwaraké) sing gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas sing gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka sing katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas sing katon mencolok.
 
Para batur tukon iki (mliginé sing wong ngamanca) ndarbèni kadar pati sing luwih dhuwur lan kadar lair sing luwih asor tinimbang wong pribumi. Terkadhang para batur tukon ngamanca iki uga diusiri kanthi gedhèn-gedhènan. Umur batur tukon sing kacathet nalika mati ing Kutha Roma iku asor banget: 17,5 taun (17,2 kanggo lanang lan 17,9 kanggo wadon).