Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

Gedhéné ora owah ,  1 taun kepungkur
ganti isi, replaced: arupi → wujud (4)
[[Mitos]] ingkang wonten prekawis globalisasi inggih punika bilih prosès globalisasi badhé ndamel donya dados sragam. Prosès globalisasi badhé mbusek idhéntitas lan jati dhiri. [[budaya|Kabudayan]] lokal utawi [[ètnis]] badhé kauntal déning kekiyatan budaya ageng utawi kekiyatan budaya global.
 
Panganggep utawi pikiran ing nginggil kasebat boten sadayanipun leres. Kemajengan [[tèknologi komunikasi]] saèstu sampun ndamel wates-wates lan let dados ical lan boten wonten ginanipun. John Naisbitt (1988), ing bukunipun ingkang asesirah ''Global Paradox'' punika nelakaken prekawis ingkang malah gadhah sipat paradhoks saking fénoména globalisasi. Naisbitt (1988) ngajengaken pokok-pokok pikiran sanès ingkang arupiwujud paradhoks, inggih punika tansaya dados universal, tumindak kita tansaya kasukuan, lan menggalih lokal, tumindak global. Perkawis punika dipunmaksudaken kita kedah <!--konsèntrasi--> mituhu dhumateng perkawis-perkawis ingkang gadhah sipat ètnis, ingkang namung dipundarbèni golongan utawi masarakat punika piyambak ingkang dados modhal pangembangan tumuju donya internasional.
 
Ing sisih sanèsipun, wonten ingkang mirsani globalisasi punika satunggiling proyèk ingkang kausung déning nagari-nagari [[adhikuwaos]], saéngga saged ugi tiyang kagungan pandhangan négatif utawi sujana dhumateng globalisasi. Saking <!--''sudut pandang''--> kacatingal punika globalisasi boten sanès kapitalisme ing wujudipun ingkang paling mutakhir. Nagari-nagari ingkang kiyat lan sugih, tamtu badhé ngendhalèkaken [[ékonomi]] donya lan nagari-nagari alit tansaya boten wonten dayanipun amargi boten kuwagang tetandhingan, amargi globalisasi <!--''cenderung''--> kapara gadhah prabawa ingkang ageng dhumateng perékonomian donya, malahan gadhah prabawa dhumateng babagan-babagan sanès kados déné [[budaya]] lan [[agama|agami]].
::* Para '''globalis pesimis''' kagungan pendhapat bilih globalisasi punika satunggaling fénoména négatif amargi perkawis kasebat sajatosipun wujud panjajahan [[donya kulon|kilèn]] (mliginipun [[Amérika Sarékat]]) ingkang meksa sapérangan wangun budaya lan konsumsi ingkang homogen lan katingalipun leres saking njawi. Sapérangan globalis salajengipun minangka golongan kanggé nentang globalisasi ([[antiglobalisasi]]).
 
* Para '''tradisionalis''' boten pitados bilih globalisasi saweg dumados. Para '''tradisionalis''' kagungan pendhapat bilih fénoména punika namung mitos utawi, manawi pancèn wonten, namung dipunageng-agengaken. Para '''tradisionalis''' ngrujuk bilih [[kapitalismé]] sampun dados setunggiling fénoména [[internasional]] ingkang dangunipun atusan taun. Punapa ingkang saweg kita alami sapunika namung arupiwujud tahap lajengan, utawi [[évolusi]], saking prodhuksi lan perdagangan kapital.
* Para '''transformasionalis''' wonten ing antawisipun para globalis lan tradisionalis. Para '''transformasionalis''' sarujuk bilih prabawa globalisasi sampun dipunlangkung-langkungaken déning para globalis. Nanging, para '''transformasionalis''' ugi kagungan pendhapat bilih bodho sanget manawi kita nyangkal kawontenanipun konsèp punika. Posisi téoritis punika kagungan pendhapat bilih globalisasi kedahipun dipunpahami dados "''saprangkat sesambetan ingkang wonten kaitanipun setungal lan satunggalipun kanthi murni nglampahi satunggiling kekiyatan, ingkang sapérangan ageng boten dumados kanthi langsung''". Para '''transformasionalis''' nelakaken bilih prosès punika saged kawalik, mliginipun nalika perkawis kasebat négatif utawi, sakbotenipun, saged dipunkendhalèni.
 
== Globalisasi Perékonomian ==
[[Gambar:Crowds in Platform 1, Sun Yat-sen Memorial Hall Station 20051231.jpg|thumb|250px|Dhatengipun tenaga makarya asing punika satunggaling tandha-tandha dumadosipun globalisasi tenaga makarya]]
'''Globalisasi perékonomian''' arupiwujud satunggaling prosès kagiyatan [[ékonomi]] lan [[perdagangan]], ing pundi nagari-nagari ing saindhenging donya dados satunggal kekiyatan [[pasar]] ingkang saya [[integrasi sosial|karintegrasi]] tanpa alangan wates [[téritorial]] nagari. Globalisasi perékonomian ngedahaken pambusakkan sadaya watesan lan rerendhetan dhumateng arus modhal, barang lan jasa.
 
Nalika globalisasi ékonomi dumados, wates-wates satunggaling nagari badhé dados kabur lan ''keterkaitan'' antawisipun ékonomi nasional kaliyan perékonomian internasional badhé tansaya kenceng. Globalisasi perékonomian ing satunggal pihak badhé mbikak peluang pasar prodhuk saking lebet nagari nuju pasar internasional kanthi kompetitif, kosok wangsulipun ugi mbikak peluang mlebetipun prodhuk-prodhuk global mlebet [[pasar domestik]].
[[Gambar:Harajuku_girls,_Tokyo.jpg||left|thumb|250px|Tata busana Harajuku saking [[Jepang]] ingkang dados 'ikon' kaum mudha mudhi donya punika satunggaling conto dumadosipun globalisasi kabudayan.]]
 
Globalisasi maringi prabawa dhumateng mèh sadaya aspèk ingkang wonten ing [[masarakat]], kalebet ing antawisipun aspèk [[budaya]]. Kabudayan saged ateges [[pangaji sosial|aji-aji]] (''values'') ingkang dipunanut déning masarakat utawi persèpsi ingkang dipundarbèni déning warga masarakat dhumateng perkawis ingkang pepak. Aji-aji utawi persèpsi wonten sesambetanipun kaliyan aspèk-aspèk kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspèk-aspèk kajiwan punika dados wigatos tegesipun manawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk satunggaling tiyang sanget dipunprabawai déning punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang wau. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika [[kasenian]], ingkang arupiwujud subsistem saking [[budaya|kabudayan]].
 
Globalisasi ingkang dados satunggaling tandha-tandha nyebaripun [[pangaji sosial|aji-aji]] lan [[budaya]] tartamtu dhumateng donya sadaya (saéngga dados budaya donya utawi ''world culture'') sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah [[Éropah|Éropah Kilèn]] tumuju kathah papan ing donya punika (Lucian W. Pye, 1966).
348.872

besutan