Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Islam: ganti isi, replaced: adhedhasar → dhedhasar
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: mliginé → mligi (5)
Larik 18:
Batur tukon dhomèstik sakala-kala ya nyambut gawé sajabaning omah, contoné yèn didhawuhi ngundhuh panèn utawa dami suket, nanging fungsi mligi ya iku ngladèni bendarané kang miliki awaké utawa ing ngendi waé miturut kabutuhan bendarané, contoné ing dines militèr. Para batur tukon iki dadi simbul status wong-wong kang sugih. Turahané dhuwit kerepé dienggo tuku batur. Batur tukon gegriya kerep banjur awor karo kulawargané kang ndarbèni awaké, nganti kang bocah lanang dadi anak pèk-pèkan lan bocah wadon dadi selir utawa bojo kang nglairaké ahli waris.<ref name="Britannica"/> Kalebu jinis iki ya iku [[kawin peksa]].
 
Jinis batur tukon utama liyané iku, ya iku batur tukon produksi. Jinis kaya mengkéné iki ora patiya kerep dumadi, lan akèhé ing mangsa Klasik Yunani Aténa lan Kakaisaran Romawi saha ing bawana Amérika sawisé tinemu déning Kolumbus. Saliyané iku, jinis kaya mengkéné uga tinemu ing Irak ing abad kaping 9, antara Suku Indian Kwakiutl ing Amérika lor-wétan lan sawetara laladan ing Afrika sakiduling Sahara. Sanajan para batur tukon uga ditrapaké ing gegriya, para batur tukon iki mliginémligi ana kanggo produksi komoditas ing tambang lan tegal-kebon kang bisa didagangaké.<ref name="Britannica"/>
 
== Cara ndeleng agama marang batur tukon ==
Larik 70:
Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha pérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% kang ndunungi Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.
 
Para batur tukon iku nmujudaké antara 15-25% kang ndunungi Italia, akèhé tawanan perang kang mliginémligi saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon kang wis diluwaraké) kang gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas kang gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka kang katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas kang katon mencolok.
 
Para batur tukon iki (mliginémligi kang wong ngamanca) ndarbèni kadar pati kang luwih dhuwur lan kadar lair kang luwih asor tinimbang wong pribumi. Terkadhang para batur tukon ngamanca iki uga diusiri kanthi gedhèn-gedhènan. Umur batur tukon kang kacathet nalika mati ing Kutha Roma iku asor banget: 17,5 taun (17,2 kanggo lanang lan 17,9 kanggo wadon).
 
=== Abad Tengahan ===
==== Éropah Abad Tengahan lan mangsa modèren awal ====
Dagang ing batur tukon skala gedhé mliginémligi namung ana ing tlatah kidul lan wétan Éropah nalika jaman Abad Tengahan: Kakaisaran Bizantium lan Donya Islam iku patujoné batur tukon, kamangka sumber wigatiné iku Éropah Tengah lan Wétan kang isih kafir nganti tekan Kaukasus lan [[Tartaria]]. Para bakul Viking, Arab, Yunani lan Yahudi Radhani kabèh mèlu kagepokan. Padagangan batur tukon Éropah tekan ing puncaké ing abad kaping 10 sawisé Baléla Zanj kang ngakibataké suruté batur tukon Afrika ing Donya Arab.
 
Spanyol ing Abad Tengahan lan Portugal mèh tansah lan tanpa pegat diinvasi déning wong Muslim menyang tlatah-tlatah kang akèh dienggoni wong Kristen. Èkspedisi kerep dikirim saka Al-Andalus kanggo nempuh Karajan Kristen Ibéria, lan manawa bali nggawa jarahan perang lan batur tukon.
Larik 82:
Contonipun ing sawijining serangan menyang Lisboa, Portugal taun 1189, sang kalif Almohad Yaqub al-Mansur nggawa bali 3.000 wong wadon lan bocah tawanan, kamangka gubernur Córdoba ing serangan sawisé menyang Silves, Portugal ing taun 1191, njarah 3.000 batur tukon Kristen. Sawisé iku saka abad kaping 11 nganti abad 19, Bajag Afrika Lor nganakaké razia, serang ing kutha-kutha pasisir Éropah kanggo njarah batur tukon Kristen kang diadol ing pasar-pasar batur tukon in Aljazair lan Maroko.<ref>[https://web.archive.org/web/20080310231703/http://www.bbc.co.uk/history/british/empire_seapower/white_slaves_02.shtml "British Slaves on the Barbary Coast"] diarsip saka [http://www.bbc.co.uk/history/british/empire_seapower/white_slaves_01.shtml kéné] ing tanggal 10-3-2008]</ref>
 
Ing Karajan Manunggal, praktèk batur tukon diterusaké sawisé Kakaisaran Romawi sirna, lan sawetara pérangan undhang-undhang Hywel the Good kang ngurusi batur tukon in Wales Abad Tengahan. Padagangan iki mliginémligi dianakaké sawisé invasi Viking mawa pasar gedhé ing Chester lan Bristol kang disuplai déning wong Dènmark, Mercia lan Wales. Wong-wong iki olèhé golèk batur tukon ya mawa nyerang daérah pawatesan siji lan sijiné.
 
Nalika jamané ''[[Domesday Book]]'', sawetara 10% kang ndunungi Inggris iku batur tukon. Batur tukon ing Abad Tengahan ing Éropah iku lumrah banget nganti Gréja Katulik Roma bola-bali nyoba nglarang. Saorané èkspor batur tukon Kristen menyang tlatah non-Kristen dilarang nalika contoné Konsili Koblenz (922), Konsili London (1102) lan Konsili Armagh (1171).