Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

105 bèt wis ditambahake ,  2 sasi kepungkur
 
==== Wredha krama ====
Basa wredha krama iku basa krama kang nganggo tembung krama mawa ater-ater lan panambang ngoko: ''dak-'', ''ko-'', ''di-'', ''-ku'', ''-mu'', ''-(n)é'', ''-(k)aké''.{{sfn|Suwadji|2013|p=11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Madyama purusané nganggo tembung ''sampéyan{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}}'' utawa ''panjenengan sampéyan,{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'' déné pratama purusané nganggo tembung ''kula''.{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Panemu liya mratélakaké yèn ing basa werdha krama uga bisa nganggo [[tembung krama inggil]], tembung ''ingkang'' bisa kawancah dadi ''kang'', nanging ora bisa nganggo [[tembung madya]] kang wancahan: ''napa'', ''nika'', ''mawon''.<ref name=":1">{{Cite magazine|last=|first=|date=1903-08-09|title=Antya basa lan basa antya|url=https://www.sastra.org/koran-majalah-dan-jurnal/sasadara/543-sasadara-radya-pustaka-1903-08-1808?k=madyantara|magazine=Sasadara|doi=|pmid=|access-date=}}</ref> Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong tuwa (wredha) marang wong enom.{{sfn|Suwadji|2013|p=11}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Ing sor iki conto ukara ing basa wredha krama.
 
# ''Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda? '''<u>Di</u>'''saté raos'''<u>é</u>''' éca, pun Monah saged ambakar'''<u>aké</u>'''.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}
 
==== Kramantara ====
Basa kramantara (uga diarani basa krama lugu{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}}) iku basa krama kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater lan panambang krama ana: ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''.{{sfn|Suwadji|2013|p=11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Basa kramantara mèmper basa wredha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Madyama purusané nganggo tembung ''keng sarira,'' déné pratama purusané nganggo tembung ''kula''.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'' Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong-wong kang tatarané (kalungguhané, pangkaté, sekolahé, utawa umuré) padha,{{sfn|Suwadji|2013|p=11}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} priyayi kang pangkat luhur marang priyayi kang pangkat asor kang luwih tuwa,<ref name=":1" /> lan wong tuwa marang wong nom kang tanpa pangkat (dudu sadulur).{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Ing sor iki conto ukara ing basa kramantara.
 
# ''Kang sarira punapa ajeng nedha ulam ménda? Dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}
 
==== Mudha krama ====
Basa mudha krama (uga diarani basa krama lugu''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'') iku basa krama kang nganggo tembung krama kanthi woworan tembung krama mawa ater-ater lan panambang krama.{{sfn|Suwadji|2013|p=11}}{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Madyama purusané nganggo tembung ''panjenengan{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}}'' utawa ''panjenengan sampéyan,{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}'' déné pratama purusané nganggo tembung ''kula''.''{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}''{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong enom (mudha) marang wong tuwa,{{sfn|Suwadji|2013|p=11}}{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} murid marang guru,{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} priyayi marang priyayi kang pangkat padha<ref name=":1" />{{sfn|Padmosoekotjo|1953|pp=13-15}} lan kang pangkat luhur,<ref name=":1" /> Ing sor iki conto ukara ing basa mudha krama.
 
# ''<u>Panjenengan</u> sampéyan punapa <u>karsa</u> <u>dhahar</u> ulam ménda?{{sfn|Prajapustaka|1925|pp=4-5}}''
62.839

besutan