Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

Gedhéné ora owah ,  1 sasi kepungkur
c
dandani pangéja, replaced: sawetara → sawatara (5) using AWB
}}
 
'''Kosovo''' ([[basa Albania]]: ''Kosova'' utawa ''Kosovë'', [[basa Serbia]]: ''Косово'', alihaksara: Kosovo) iku wewengkon kang dumunung ing [[Éropah]] sisih kidul-wétan. Kosovo wewatesan karo [[nagara]] [[Serbia]] ing sisih lor, [[Montenegro]] ing sisih kulon, sarta [[Albania]] lan [[Makedonia]] ing sisih kidul. Sadurungé, Kosovo minangka sawijining provinsi otonom ing nagara [[Serbia]], ing sangisoré administrasi [[Perserikatan Bangsa-Bangsa|PBB]], nanging nalika tanggal [[17 Fèbruari]] [[2008]] Kosovo ndhéklarasèkaké kamardikan kanthi sapihak.<ref>[http://www.detiknews.com/index.php/detik.read/tahun/2008/bulan/02/tgl/17/time/223530/idnews/895394/idkanal/10 Detik.com Kosovo Deklarasikan Kemerdekaan dari Serbia] url diakses 23 Feb 2008.</ref> Déklarasi iki ora disarujuki déning [[Serbia]], nanging dijurung déning nagara-nagara Kulon. Kutha krajan Kosovo ya iku kutha [[Priština]]. Kamardikan Kosovo wis diakoni kanthi resmi déning sawetarasawatara nagara-nagara, ing antarané ya iku [[Albania]], [[Amérikah Sarékat]], [[Karajan Manunggal]], [[Prancis]], lan [[Turki]]. Nagara kang nulak kamardikan Kosovo antarané [[Républik Rakyat Cina]], [[Ruslan]], lan [[Serbia]]. [[Indonésia]] durung ngakoni kamardikané. ''Departemen Luar Negeri'' Indonésia nyatakaké yèn Indonésia kudu ati-ati ngakoni kamardikan Kosovo.<ref>[http://www.detiknews.com/index.php/detik.read/tahun/2008/bulan/02/tgl/18/time/075322/idnews/895430/idkanal/10 Detik Com: Indonésia Belum Akui Kemerdekaan Kosovo] url diakses 23 Feb 2008.</ref>
 
Kosovo dadi papan pasulayan wewengkon kang isih lumaku antara pamaréntah Serbia lan sing ndunungi kang mayoritas dumadi saka ètnis [[Albania]]. Wektu madegé nagara [[Yugoslavia]], Kosovo dadi provinsi Serbia kanthi status Laladan Otonomi Khusus. Nanging wiwit [[Perang Kosovo]] wis ana ing sangisoré pangawasan [[PBB]] minangka sawijining tlatah protektorat.
Kosova misuwur ing jaman kuna minangka [[Dardania]]<ref>[http://www.albanianhistory.net/texts/AH1883.html Arthur Evans, “Some Observations on the Present State of Dardania,” R. Elsie ed., ''Albanian History'']</ref> (saka tembung basa Albania ''dardhë'' = pear; tegesé ''Lemah Pear'') tumraping suku Illyrian Dardani.<ref>Noel Malcolm, ''Kosovo: A Short History'' (UP: New York, 2003) 31.</ref><ref>Aleksandar Stipcevic, ''Iliri'', p.30</ref><ref>Mirdita, ''Studime dardane'', pp.7-46</ref><ref>Papazoglu, ''Central Balkan Tribes'', pp.210-69</ref><ref>Katicic, ''Ancient Languages'', pp.179-81</ref><ref>Papazogu, "Dardanska onomastika"</ref> Sumber sajarah nyebutaké sawijining Karajan Dardania ing abad angka 4 SM, déné sajarawan Yunani lan Romawi mratélakaké yèn wong kana sregeb, ramah lan duwé kabudayan luhur.<ref name="Bep Jubani 2002">Bep Jubani et al., ''Historia e popullit shqiptar: për shkollat e mesme'' (Libri Shkollor: Prishtinë, 2002) 26-29.</ref> Raja-ratu kang wigati ya iku [[Longarus]], Monunius, lan Bato, kang sok nganakaké paperangan nglawan [[Macedon]] lan sok olèh kamenangan.<ref name="Bep Jubani 2002"/> Ana uga cathetan perang karo bangsa Celt. Dardania iku misuwur bab sumber tambang emas, lan tulisan kuna nyebutaké yèn Dardani minangka tlatah kang ngasilaké watu aji (permata). Kutha gedhé ing jaman semana kalebu Damastion, Naissus ([[Nis]]), Scupi ([[Skopje]]), lan Ulpiana.<ref>[http://www.shqiperia.com/kat/m/shfaqart/aid/71.html Historia e Shqipërisë, “Mbretëria e Dardanisë: Territori dhe popullsia,” Shqiperia.com]</ref>
 
Dardania dikuwasani déning Romawi ing abad angka 1 SM. lan nyumbang [[Kakaisaran Romawi]] kanthi sawetarasawatara kaisar kang misuwur, kalebu [[Konstantin kang Agung]]. Agama Kristen wiwit nyebar nalika [[Nicetas of Remesiana|Niketas Dardani]], nyiptakaké buku kidung pujian Kristen kang wiwitan.
 
Ottoman wiwit nguwasani Kosovo awit sumber mineral kang akèh banget ing Kosovo bisa dadi asèt kang wigati tumrap kakaisaran Ottoman. Kakuwasan Ottoman nggawa jaman anyar. Kanthi warna-warna tekanan kaya déné diskriminasi pajeg tumrap panganut agama Katulik Roma, sawetarasawatara status Greja Ortodok dilindhungi déning Kraton Ottoman, banjur nuwuhaké konvèrsi gedhèn-gedhènan déning Kristen Albania padha mlebu [[Islam]].
 
=== Perang Balkan ===
[[Gambar:Balkan Wars Boundaries.jpg|thumb|200px|right|Tapel wates ing Balkan sawisé [[Perang Balkan kapisan|Prang Balkan kapisan]] lan [[Perang Balkan kapindho|kapindho]].]]
 
Ing taun [[1912]], sajeroning [[Perang Balkan]], tlatah Kosovo dikuwasani déning [[Karajan Serbia]], sawetarasawatara iku tlatah [[Metohija]] ([[basa Albania]]: ''Lembah Dukagjini'') dikuwasani déning [[Karajan Montenegro]]. Banjur kadadéan èksodhus sing ndunungi Albania. Bab iki dipratélakaké déning [[Leon Trotsky]], sawijining wartawan saka koran ''Pravda'' wektu jaman semana. Panguwasa Serbia banjur ngrencanakaké bakal nganakaké rekolonisasi tumrap Kosovo.<ref>[http://www.elsie.de/pdf/B2002GatheringClouds.pdf Elsie, R. (ed.) (2002): "''Gathering Clouds. The roots of ethnic cleansing in Kosovo. Early twentieth-century documents''"]. Dukagjini Balkan Books, Peja (Kosovo, Serbia). ISBN 9951-05-016-6</ref> Akèh kulawarga Serbia kang pindhanh menyang tlatah Kosovo, kanggo nyiptakaké kaseimbangan demografi antara sing ndunungi Albania lan Serbia. Akèh sing ndunungi Albania ngungsi menyang tkatah pagunungan lan omah-omah wong Albania lan Turki dirusak. Parebutan manèh tlatah Kosovo dianggep dadi jalaran [[Perang Kosovo]] taun [[1389]]. Sajeroning Konperènsi para Duta ing London taun [[1912]] kang dipanggedhèni déning Sir Edward Grey, mantri jaban rangkah Inggris, Karajan Serbia lan Montenegro disarujuki duwèni kadhaulatan ing Kosovo.{{Fact|date=February 2008}}
<!--
===Jaman Yugoslavia===
* 1% [[Wong Turki|Turki]]
 
[[Islam]] minangka [[agama]] kang mayoritas, dianut déning mayoritas sing ndunungi komunitas etnik Albania, Bosniak, Gorani, lan Turki, lan sawetarasawatara wong ing komunitas Roma/[[Ashkali]]/[[Mesir]], sanajan agama ora pati dadi faktor wigati ing masarakat. Retorika agama uga ora dadi wacana masarakat ing komunitas Muslim, masjid-masjid ora pati ramé, lan busana lan budaya muslim uga ora pati kawistara. Padunung Serbia, watara 100,000 nganti 120,000 jiwa, lumrahé nganut agama [[Kristen Ortodhok]] Serbia.
 
== Pamérangan administrasi ==
348.872

besutan