Arjuna: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 7:
!style="background: #ffaf00;" colspan="3"|Jeneng miturut basa
|-
|'''Basa SangskretaSanksekerta'''||Arjuna
|-
!style="background: #ffaf00;" colspan="3"|Jeneng miturut aksara
Larik 19:
|}
{{Pandhawa}}
'''Arjuna''' ([[basa Sangskreta|Sangskreta]] ''Arjuna'') iku sawijining paraga sajroning wiracarita [[Mahabharata]]. Miturut crita padhalangan, Arjuna iku putra [[Pandhu|Prabu Pandhudéwanata]], ratu Astina, klawan [[Kunthi|Dèwi Kunthi]] sing nomerangka telu. Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku [[Yudhistira|Puntadéwa (Yudhistira)]] lan [[Bima|Werkudara (Bima)]]. Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro, yakuwi [[Nakula|Nakula (Pinten)]] lan [[Sadéwa|Sadewa (Tangsen)]].
Kabèh putrané Pandhu iku disebut Pandhawa, saka [[Tembung lingga|linggané]] tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu.
Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané [[Bathara Indra]] kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta wekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing [[Madukara]], patihé asma [[Surata]] (patih Rata).
Larik 61:
Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik (sing dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan sing akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn sing ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.
 
Arjuna wis naté mbangunakébangunaké tapa lan madheg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan yaiku Prabu Niwatakawaca, ratu buta saka negara Manik Ima-Imantaka.
 
== Aji-aji ==
Larik 88:
 
== Pungkasan Crita ==
Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, merga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajroning paprangan. Ing perang baratayudabharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging putuné, [[Parikesit]], dadi raja ing [[Astina]].
Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Buwanakeling, kang mauné dadi kratoné [[Jayadrata]]. Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning [[Aswatama]]. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat [[Himalaya]].
 
== Wandané wayang ==
Wandané wayang Arjuna ana lima, yakuwiyaiku wanda Jimat (anggitané Panembahan Senopati lan Sultan Agung Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi, lan wanda Malat. Yèn wayang Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu, yakuwiyaiku wanda Janggleng (rai lan awak kuning/prada) kanggo adegan paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai lan awak kuning, kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi (sunggingan rai ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa kanggo perang).
 
== Delengen uga ==