Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

3.038 bèt wis ditambahake ,  12 taun kepungkur
tanpa ringkesan besutan
Antareja iki putra pembarepe Raden Werkudara[ [Bima]] patutan seka Dewi Nagagini, putrine Sang Hyang Anantaboga, dewaning taksaka (ula) kang mapan ing Kahyangan Saptapratala]. Gandheng ibuneUmume ikucrita-crita naga,pedhalangan mulangandhakake Antarejayen bisaputrane uripRaden ingWerkudara njerokuwi lemahana (amblestelu, bumi).yakuwi KasekteneAntareja, Gathutkaca, saliyanelan anaAntasena. ingRaden upasantareja kasatriyane (bisa-Indonesiapapan dununge). Kantiana ndilating bekas tapakan, mungsuhe bisa matiJangkarbhumi. KasektenGarwane ikiasma kangDewi gaweGanggi, [[Kresna]]atmajane mikirPrabu supayaGangga AntarejaPranawa, oraratu susahtaksaka meluing [[Bharatayuddha]]Tawingnarmada. SadurungeIng perangpagelaran kuwiwayang diwiwitikulit, Antarejakerep dikonmuncul ndilatbebarengan bekaskaro tapakaneRaden dhewe.Irawan Kuwi(putra pungkasaneArjuna). Antareja urip ing jagad [[wayang]].
Raden Antareja kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yen perang menangan. Maune ana ngarepe mungsuh, merga ambles bhumi bisa mak bedunuduk muncul ing saburine mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saka mburi. Kasekten liyane, ing rananggana kalis ing pati. Matiya sedina ping pitu, yen isih kambon lemah, bali urip maneh. Gandheng eyangee iku dewaning ula, mula Antareja uga ndarbeni upas (bisa, bahasa Indonesia) cacah telu, yakuwi upas Anta, upas Warayang lan upas Penganten. Kasiyate upas bisa kanggo nambani wong lara, kanggo mateni mungsuh lan nguripake wong mati sing durung tekan mangsane. Kasekten liyane, Antareja ora tedhas ing salire gegaman merga ing sajroning kulit sajabaning daginge nganggo sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungane Sang Hyang Antaboga. Mula yen Antareja nuju nesu, sarirane katon ana sisike emas. Ing wayang gagrak Jawa Timuran, yen nesu malah raine malih dadi ula, lan awake metu sisike.
 
Kaya Gathutkaca, nalika isih bayi Antareja uga wis tau dadi jagone para dewa, mungsuh ratu ula Prabu Nagabagindha lan patihe aran Rupatala saka negara jangkarbhumi. Iku gara-gara ratu ula kuwi kepingin mengku widodari Bathari Superti sing wis kagarwa Hyang Antaboga lan peputra loro Dewi nagagini lan Bambang Nagatatmala.
Kekarepane Prabu Nagabagindha mua mesthi wae ditolak marang para dewa, saengga nuwuhake peperangan ing Repatkepanasan. Para dewa padha kasoran, banjur mintasraya marang Sang Hyang Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan Hyang Antaboga.Anggone perang nganthi suwe banget, ora ana sing kalah-ora ana sing menang. Saka pamrayogane Bathara Naradha, dewa ngajokake jago anyar, yakuwi bayi putrane Dewi Nagagini sing nembe dilairake. Sadurunge diajokake ana paprangan, bayi dilumuri idune Hyang anantaboga supaya ora tedhas gegaman. Tekan paprangan, bayi Antareja kuwi banjur dicandhak, dibanting, diidhak-idhak lan dicokot dening ratu ula mau, nanging tetep teguh timbul, dalasan tambah gedhe-tambah gedhe. Nagabagindha lan patih Rupatala akhire malah tiwas ing tangane satriya putrane Werkudara iku. Sukmane Prabu Nagabagindha lan Rupatala manjalma ana anggane Antareja, ndadekake saya sektine satriya iki. Dening Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa Antareja. Lan negara Jangkarbhumi banjur kaparingake marang Raden Antareja minangka kasatriyane, uga kalilan asmane nunggak semi marang Prabu nagabagindha lan Rupatala. Mula Antareja uga banjur kerep karan Raden Nagabagindha utawa raden Rupatala.
Antareja pancen kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat bekas tepake sikil wae, mungsuhe bisa mati. Kasekten iki kang gawe Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora susah melu [[Bharatayuddha]]jalaran yen nganti melu perang ora wurung para Kurawa bisa mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurunge perang gedhe kuwi diwiwiti, Antareja kudhu disingkirake luwih dhisik kanthi dikon ndilat bekas tapakane dhewe. Ya mesthi wae Antareja uga banjur mati. Kuwi pungkasane Antareja urip ing jagad marcapada.
Ing pedhalangan gagrag [[Surakarta]], Antareja uga sinebut [[Antasena]]. Ing gagrag [[Jogjakarta]], Antareja beda karo [[Antasena]].
 
Panganggo anonim