Pitik: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
MerlIwBot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Nambahaké kk:Тауық
Tanpa ringkesan besutan
Larik 15:
|trinomial=''Gallus gallus domesticus''|author=[[Carolus Linnaeus|Linnaeus]]|date = [[1758]]
}}
'''Pitik ingon''' (''Gallus gallus domesticus'') iku [[unggas]] kang biasa diingu wong sing dimanfaataké kanggo kaperluan urip wong sing ngingu. Pitik ingon (sabanjuré disingkat "pitik" waé) arupa keturunan langsung saka salah siji subspesies [[pitik alas]] sing ditepungi minangka [[pitik alas abang]] (''Gallus gallus'') utawa pitik [[bangkiwa]] (''bankiva fowl''). Kawin silang antarrasantarane pitik wis ngasilaké atusan [[galur]] unggul utawa galur murni kanthi manéka fungsi; sing paling umum yaiku pitik [[potong]] (kanggo dipotong) lan pitik pangendhog (kanggo dijupuk endhogé). Pitik biasa bisa uga dikawin silang karo kerabat ceraké, [[pitik alas ijo]], sing ngasilaké [[hibrida mandhul]] sing jagoné ditepungi minangka [[pitik bekisar]].
 
Kanthi populasi luwih saka 24 milyar ing taun 2003, ''Firefly's Bird Encyclopaedia'' nélakaké ana luwih akèh pitik ing donya iki tinimbang manuk liyané. Pitik nyedhiakaké loro kaperlon pokok dièt manungsa minangka sumber [[protein]]: [[daging pitik]] lan [[endhog]].
 
== Biologi lan Habitat ==
Pitik dipercaya para ahli asalé saka [[domestikasi]] pitik [[alas abang]] (pitik bangkiwa, ''Gallus gallus'') sing urip ing [[India]]. Sanajan mangkana, pangujian molekular nuduhaké kamungelan sumbangan plasma nutfah saka ''G. sonneratii'', amarga pitik alas abang ora duwé sifat kulit warna kuning sing dadi salah siji ciri pitik ingon.
 
Pitik nuduhaké pabédan morfologi ing antarané rong tipe [[kelamin]] (dimorfisme seksual). Pitik jantan (''jago'', ''rooster'') luwih atraktif, kanthi ukuran luwih gedhé, duwé [[jalu]] dawa, duwé [[jengger]] luwih gedhé, lan [[wulu]] buntuté dawa "njuntai". Pitik wadon (''babon'', ''hen'') rada cilik ukurané, jalu cendhak utawa mèh ora katon, duwé jengger cilik, lan wulu buntut cendhak.