Bioinformatika: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
EmausBot (parembugan | pasumbang)
c r2.7.2+) (bot Menambah: be:Біяінфарматыка
Tanpa ringkesan besutan
Larik 6:
Istilah ''bioinformatics'' wiwit diwedharaké ing tengah éra [[1980]]-an kanggo ngacu panrapan [[komputer]] ing biologi. Éwadéné mangkono, panrapan bidang-bidang ing bioinformatika (kaya panggawéan basis data lan pangembangan [[algoritma]] kanggo analisis [[sekuens biologis]]) wis dilakokaké wiwit taun [[1960]]-an.
 
Kamajuan teknik [[biologi molekular]] kanggo ndungkap sekuens biologis saka [[protein]] (wiwit awal [[1950]]-an) lan [[asam nukleat]] (wiwit 1960-an) miwiti mekaring basis data lan teknik analisis sekuens biologis. Basis data sekuens protein wiwit dikembangaké taun [[1960]]-an ing [[Amérika Sarékat]], sauntara basis data sekuens DNA dikembangaké akir [[1970]]-an ing Amérika Sarékat lan [[Jerman]] (ing ''European Molecular Biology Laboratory'', Laboratorium Biologi Molekular [[Éropah]]). Panemon teknik [[sekuensing]] DNA sing luwih cepet ing tengah taun [[1970]]-an dadi landhesan dumadiné ledakan cacahé sekuens DNA sing kasil didungkapaké ing taun [[1980]]-an lan [[1990]]-an, dadi salah sawijining pambuka dalan kanggo proyèk-proyèk pandungkapan [[genom]], ningkataké kabutuhan marang panglolaan lan analisis sekuens, lan pungkasané njalari lairé bioinformatika.
 
Mekaré [[internet|internèt]] uga ndhukung mekaré bioinformatika. Basis data bioinformatika sing gumandhéng liwat internèt nggampangaké èlmuwan nglumpukaké asil sekuensing nuju basis data kasebut uga antuk sekuens biologis minangka bahan analisis. Saliyané iku, panyebaran [[program]]-program aplikasi bioinformatika liwat internèt nggampangaké èlmuwan ngakses program-program kasebut lan banjur nggampangaké pangembangané.
Larik 12:
== Panrapan utama bioinformatika ==
=== Basis data sekuens biologis ===
Selaras kaliyan jinis informasi biologis sing disimpen, [[basis data]] sekuens biologis bisa arupa basis data primer kanggo nyimpen sekuens primer [[asam nukleat]] utawa [[protein]], basis data sekunder kanggo nyimpen motif sekuens [[protein]], lan basis data struktur kanggo nyimpen data struktur protein utawa asam nukleat.
 
Basis data utama kanggo sekuens [[asam nukleat]] saiki yaiku [http://www.ncbi.nlm.nih.gov/Genbank/index.html GenBank] (Amérika Sarékat), [http://www.ebi.ac.uk/embl/ EMBL] (Éropah), lan [http://www.ddbj.nig.ac.jp/ DDBJ]{{en}} (''DNA Data Bank of Japan'', [[Jepang]]). Katelu basis data kasebut kerja bebarengan lan ijol-ijolan data saben dina kanggo njaga kawiyaran cakupan saben basis data. Sumber utama data sekuens asam nukleat yaiku submisi langsung saka periset individual, proyèk sekuensing [[genom]], lan pandaftaran [[paten]]. Isi saliyané sekuens asam nukleat, entri ing basis data sekuens asam nukleat umumé ngandhut informasi ngenani jinis asam nukleat ([[DNA]] utawa [[RNA]]), jeneng [[organisme]] sumber asam nukleat kasebut, lan pustaka sing ana kaitané karo sekuens asam nukleat kasebut.
 
Sauntara iku, conto sapérangan basis data wigati sing nyimpen sekuens primer protein yaiku [http://pir.georgetown.edu/home.shtml PIR] (''Protein Information Resource'', Amérika Sarékat), [http://au.expasy.org/sprot/ Swiss-Prot] (Éropah), lan [http://www.ebi.ac.uk/trembl/ TrEMBL] (Éropah). Katelu basis data kasebut wis digabungaké ing [http://www.ebi.uniprot.org/index.shtml UniProt] (sing dana utamané saka Amérika Sarékat). Entri ing UniProt ngandhut informasi ngenani sekuens protein, jeneng organisme sumber protein, pustaka sing ana kaitané, lan komentar sing umumé isiné panjlasan ngenani fungsi protein kasebut.