Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

3.174 bèt wis ditambahake ,  11 taun kepungkur
tanpa ringkesan besutan
Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggone mundhut priksa, nanging Sang Dewi Windrardi tetep meneng wae oran wangsulan. Wasana ndadekake dukane Sang resi Gotama. "Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng wae ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrape tugu,"
Mandi sabdane Sang Resi Gotama, sanalika Dewi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dewi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "sote"(upatane). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadeyane Dewi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksane tugu watu tiba ing tapel wates kukuban negara Alengka.Ing tembe tugu iku bisa dadi sarana patine Patih Prahasta kang dikepruk mustakane nganggo tugu iku dening Jaya Anila, senopatine Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnane Prahasta, tugu bisa bali dadi wujude Dewi Windradi maneh.
Sawise iku, Resi Gotama banjur nyawatake cupu manik Asthagina. Para putrane kadhawuhan mbujung kumleyange cupu. Anehe bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangee cupu, ngira yen cupu kecemplung ing sendhang. Kekarone nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekarone salin wujud dadi pragosa alias kethek. Dene Dewi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikile. Wanita kekarone uga banjur salin wujud dadi manungsa nanging pasuryan lan tangane metu wulune kadidene kethek. Bisane ruwat, Dewi Anjani banjur kadhawuhan dening ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunake tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembe mburine Anjani nglairake putra wujud wanara seta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairake wanara ulese ireng mulus (luthung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. DeneSabanjure Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga kang banjur madheg pandita kanthi peparab Resi Subali, lan Guwarsi kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka banjur salin asma dadi SugriwaSubali.
Dene Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa.
Nalika Subali lan Sugriwa mbangunake tapa, kekarone disraya dewa ngalahake kraman kang munggah ana kahyangan, yakuwi Prabu Maesasura, nata Guwa Kiskendha. Prabu Maesarura kuwi wujude buta gedhe nanging asirah maesa (kebo), dene paatihe kang aran Lembusura, wujude buta asirah lembu/ sapi.
Sadhurunge mlebu ana kedhatone Prabu maesasura kang wujud guwa, Subali weling marang Sugriwa supaya nunggu ana jaba. Mengko yen sing mili saka jero guwa banyu rupane abang, iku ateges sing mati Maesasura lan Lembusura. Yen sing mili metu rupane putih, tegese sing mati Subali, mula sugriwa didhawuhi enggal nablek guwa iku kareben buta loro kuwi mati.
Anggone perang ana jero guwa rame lan suwe banget. Nalika Maesasura-lembusura lena, dening Subali kekarone dicandhak, sirahe diadhukumba. Sirah ajur metu getih abang campur polo (otak) putih. Dupi priksa iline banyu abang campur putih, Sugriwa ngira yen Subali mati sampyuh. Lawange guwa gage ditableg, lan Sugriwa banjur munggah kahyangan nyuwun kanugrahan widodari Dewi Tara. Dewa banjur maringake Dewi Tara dadi garwane Sugriwa lan kraton Guwa Kiskedha uga banjur diparingake Sugriwa. Sugriwa kalilan jemeneng nata ana negara Guwa Kiskendha kanthi jejuluk Narpati (Prabu) Jaya Sugriwa.
Kacarita, Subali kang ana sajroning guwa akhire bisa metu. Dheweke kandha yen wis trima, nuli ambegawan ing Sonyapringga kanthi peparab Resi Subali. Anggone tapa ing Sonyapringga, Subali entuk kanugrahan aji Pancasunya (Pancasona) kang dayane senajan sedina mati kaping pitu janji isih kambah ing pratala, utawa kasiliring samirana lan kasiram banyu, bisa bali urip maneh. Mula Subali iya digdaya banget.
Nlika Dasamuka lagi nganglang jagad ngambah gegana, dumadakan ngungkuli pertapane Subali saengga tiba njungkel ing bantala. Dasamuka muring-muring lan ngamuk. Subali arep dipateni, ning wasana Dasamuka kalah. Dasamuka banjur nglenggana lan banjur nyuwita. Dening Resi Sabli Dasamuka kaparingan aji Pancosona, mula tambah digdayane.
Dasamuka sing dhasar watake angkara murka ora seneng yen ana pawongan sing ngungkuli kadigdayane, senajan kuwi gurune pisan.Mula Dasamuka banjur golek rekadaya supaya Subali ngucik Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha.
Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur kacekel lan disawatake adoh, tumangsang ana wit asem dhampit gedhe. Kejepit pang nganthi ora bisa obah. Sugriwa banjur utusan marang abdine, Jembawan, supaya golek pitulungan. Ana dhalan Jembawan kepanggih Raden Rama Reghawa lan Laksmana saka Ayodya kang nuju nggoleki garwane Rama, Rekyan Sinta kang didhusta Dasamuka. Jembawan nyuwun pitungan marang Rama. Saka pitulungane Rama, Subali bisa tiwas ketaman panah Guhyawijaya. Sugriwa sawadyabalane banjur nyuwita marang Rama reghawa mbiyantu adeging negara anyar ing alas Pancaloka. Negara anyar iku banjur karan negara Pancawati, dene Rama Reghawa banjur jumeneng nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya.
Sugriwa banjur jinunjung dadi senopati agung kanthi pangkat ratu utawa narpati. Mula iya banjur entuk sesebutan Narpati Jaya Sugriwa. Sugriwa sawadyabalane mbiyantu Prabu Ramawijaya ngrabasa ing Alengks numpes memalane jagat kang siandhang dening Prabu Dasamuka.
Panganggo anonim