Arjuna: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Arupako (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: yaiku → ya iku (7) using AWB
c éjaan using AWB
Larik 44:
* Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)
==Sifat Arjuna==
[[Wayang]] saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter [[manungsa]]. Ing cariyos Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang nggadhahi sipat ingkang ala lan becik. Ingkang becik inggih menikapunika golongan Pandhawa, lan ingkang ala inggih menikapunika golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa menikapunika [[Yudhistira]], [[Bima]], Arjuna, [[Nakula]] lan [[Sahadéwa]]. Nanging Pandhawa ugi nggadahi sipat ingkang kir ang becik, kadosta Arjuna.
 
Arjuna menikapunika putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna menikapunika kanthi mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan [[Drona]]. Kasilipun merguru kaliyan Drona menikapunika Arjuna dados kesatria ingkang pinter manah lan nggadhahi sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa [[aji-aji]], nglurug tanpa bala.
 
Arjuna ugi nggadehi sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna nate ngukum diri ngantos 10 taun wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging Jagad. Ananging, piyambakipun ugi nggadhahi sipat ingkang boten becik. Upaminipun inggih menikapunika nalika Arjuna iri kaliyan [[Ekalaya]] ingkang langkung pinter anggenipun manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.
 
== Lelanang ing Jagad ==
Larik 61:
* Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga.
* Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra Bambang Prabakusuma.
* Dèwi Ratri (atmajané Prabu Yudhistira ing negaranagara Mertani), peputra Bambang Wijanarka.
 
Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang liya, ya iku [[Banowati]]. Nanging sawisé rampung [[Bharatayudha]], Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora kétung mung sewengi.
Larik 67:
Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik (sing dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan sing akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn sing ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.
 
Arjuna wis naté bangunaké tapa lan madheg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan ya iku Prabu Niwatakawaca, ratu buta saka negaranagara Manik Ima-Imantaka.
 
== Aji-aji ==