Wos: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
c éjaan using AWB
Larik 1:
[[Gambar:Brun kvit ris.jpg|thumb|Wos pethak lan wos abrit]]
'''Wos''' utawi '''beras''' ([[Basa Jawa Ngoko|ngoko]]) punika [[gabah]] ingkang sampun dipunbucal kulitipun kaliyan dados sumber karbohidrat kanggé mayoritas [[menungsa]] ing donya. Cekakipun, beras punika wosing gabah.
 
Kulit utawi rambut gabah miturut [[anatomi]] saged ugi dipunsebat ‘palea’ (bagéyan ingkang dipuntutupi) lan ‘lemma’ (bagéyan ingkang nutupi).
Larik 6:
Cara anggénipun mbucal kulit gabah dados beras wonten kalih, inggih punika:
* Cara tradhisional, gabah dipundheplok nganggé lumpang utawa lesung saha alu. Salajengipun, beras dipunpisahaken saking bekatul (kulit gabah ingkang sampun alus) ngagem tampah. Bekatul piyambak saged dipunginakaken dados pakan kéwan ternak, upaminipun [[pitik|ayam]], [[mènthog]] lan [[babi]].
* Cara modhèrn, gabah dipungiling nganggé mesin panggilingan. Mawi piranti punika, beras saged langsung resik lan dipunpisah kaliyan rambut gabah (kulit gabah ingkang setengah wetah ([[basa Indonesia]]: ''sekam'') lan bekatul. Rambut gabah saged dados rabuk [[tetanduran|taneman]] kagem mbudhidhaya taneman hias utawi dipunbrastha ngantos dados awu. Awu punika saged dipunanggé kagem isah-isah perabot pawon ([[basa Indonesia]]: ''dapur'') saksampunipun dipuncampur sabun.
 
==Anatomi wos==
Larik 17:
==Kandhungan wos==
 
Kados bulir ''serealia'' sanès, bagéyan paling ageng beras dipundhominasi pathi (antawisipun 80-85%). Beras ugi ngandhut [[protéin]], [[vitamin]] (mliginipun ing bagéyan aleuron), [[mineral]] lan [[banyu|toya]].
 
Pathi wos saged dipungolongaken dados kalih klompok, inggih punika:
Larik 47:
Beras saged dipunsebat dados titikanipun [[budaya]] Austronesia kanthi integral, mliginipun [[Austronesia]] bagéyan kilèn. Sebatan Austronesia langkung tumuju ing aspèk ''linguistik''.
 
Ingkang mbèntenaken pantun, gabah, merang, damèn, beras, sekul, utawi ketan punika salah satunggaling titikan lekatipun ‘budaya padi’ ing masarakat panganggé kulawarga basa Austronesia, saha kanthi mekaten ugi bagéyan saking budaya Austronesia.
 
Aspèk ‘budaya padi’ ing masarakat ngriku ing mangsa rumiyin, ugi katingal ing sapérangan rélièf candhi-candhi ing [[Jawa|Jawi]].
 
Ing budaya [[Banten]] dipunkenal beras (mliginipun dhaérah [[Serang]]), inggih menikapunika beras kanthi kualitas paling saé (pulen) ingkang mirip raos ketan.
 
==Mangga ugi mriksani==
Larik 58:
* [[Sega|Sekul]]
 
{{stub}}
{{commons|Rice}}
{{Artikel Dhasar}}
 
[[Kategori:Artikel mawi basa krama]]
 
 
{{stub}}
 
[[ja:イネ]]