Ibnu Haitam ya iku penemu téyori pandelengan utawa optika.[1] Déning wong Barat, dhèwèké diarani Al-Hazen.[1] Dhèwèké lair taun 965 M ing Basra, Irak.[1] Nalika isih cilik, dhèwèké ana ing Basra lan Baghdad, ya iku rong kutha kang dadi pusat ngèlmu kawruh Dinasti Abbasiyah nalika iku.[1] Ibnu Haitam banjur lunga menyang Andalusia, Spanyol.[1] Nalika iku, Andalusia dadi kéblat ngèlmu kawruh Éropah.[1] Ing kono dhèwèké kapéncut nyinaoni babagan optika.[1]

Ibnu Haitam mènèhi sumbangan kang gedhé dhéwé tumrap ngèlmu kawruh modern.[2] Dhèwèké kandha yèn benda kang bisa dideleng iku mantulake cahya tumuju mripat manungsa.[2] Téyori optika kang dijlentrehake mrabawani ilmuwan Éropah, kaya ta Roger Bacon lan Johannes Keppler.[2] Riset ilmiah iki dadi cikal bakal panalitene ilmuwan Barat.[2] Pamanggihe ing babagan astronomi ngenani lapisan atmosfer lan perkiraane ngenani jarak srengéngé karo benda-benda akasa liyané, uga dipercaya nyepetake panemon-panemon ilmuwan Barat ngenani kosmologi modern.[2] Nalika ing Spanyol, Ibnu Haitam nganakake panaliten lan percobaan ilmiah ing babagan optika.[2] Panemon kang misuwur ya iku ukum refraksi kang unine sudut refleksi ing pancaran cahya padha karo sudut kang lumebu ing fisika modern.[2] Ukum iki dikenal kanthi aran ukum refraksi snell kang nganggo patokan saka fisikawan Walanda ya iku Broed Van Roijen Snell.[2] Pungkasane Ibnu Haitam netep ana ing Kairo, Mesir.[2] Ing kono dhèwèké dadi ahli matematika nganti tinggal donya taun 1039.[2]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 130]
  2. a b c d e f g h i j [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 131]