Kèju saking basa Portugis: queijo punika panganan ingkang kadamel saking susu.[1] Wondéné susu ingkang kanggé asringipun inggih susu sapi. Sabèntenipun saged ugi nganggé susu méndha, keledhe, kapal kaliyan unta.[2]

Kéju tipe Gouda saking nagari Walandi.

Kèju anggènipun ndamel saking susu, dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukani obat supados saged fermentasi saha boten bosok.[2] Kèju gadhah sadaya kadungan wonten susu inggih kados ta:protein, vitamin, mineral, kalsium, vitamin B12, zink, lan fosfor nanging uga lemak lan kolesterol ingkang saged damel penyebab masalah keséhatan saumpami dipunkonsumsi kekathahen.[3] Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, nanging keju dugaane asalé saka Timur Tengah.[1] Sanajan ora ana kapesthen saka ngendi keju kui, nanging miturut legenda keju tinemu sepisanan pangembara saka arab.[2]

Sajarah besut

Asal-usul besut

Keju wis digawé awit jaman prasajarah sanajan ora ana bukti trep kapan keju pertama digawé[4]. Masarakat prasajarah wiwit ninggal gaya hidup nomaden lan malih dadi peternak wedhus, domba utawa sapi[4]. Amarga kurang karesikan lan asring kena sinar srengéngé langsung mulane susu sing ing bejana dadi kenthel, jebul bareng dipangan rasané énak[4]. Kawiwitan saka iku manungsa nemu keju krim asem (sour cream cheese)[4]. Salah sawijining legenda nyaritakake yèn ana pemburu sing matèni sapi, banjur mbukak wetengé lan nemu sapérangan warna putih sing énak[4]. Anane enzim rennet ing jero weteng sapi njalari susu dadi kenthel, saéngga dadi apa sing mau keju saiki[4]. Carita liyané nyebutake yèn keju iku asalé saka Timur Tengah déning pengembara saka arab[4]. Pengembara iku numpak jaran lan gawa susu ing pelanane[4]. Sawetara suwé susu iku wis malih dadi banyusing pucet lan gumpalan-gumpalan putih[4]. Amarga pelana sing kanggo nyimpen susu digawé saka weteng kéwan (sapi, domba,lan wedhus) sing ngandung rennet, dadi campuran saka rennet, cuaca sing panas lan obah-obahing jaran nalika lumaku bisa ngubah susu dadi keju lan saka iku wong-wong wiwit migunakaké enzim saka weteng kéwan kanggo gawé keju[4].

Yunani lan Romawi kuna besut

Mitologi Yunani Kuno nyebutake yèn Aristaeus iku panemu keju[5].Odyssey tulisan Homer (800 SM) nyebatake yèn Cyclops gawé keju saka susu domba lan wedhus[5]. Keju saka susu wedhus iku komoditas sing cukup wigati ing Yunani, lan masarakat Yunani percaya yèn keju bisa nggawé perwira luwih kuwat lan bisa ngrangsang nepsu birahi[5]. Hippocrates migunakaké keju gawé nambani radang lan keju uga digawé sesaji kanggo déwa-déwa[5]. Kebudayaan Romawi iku sing banjur ndadèkaké keju akèh jinisé kaya saiki[6]. Bangsa Romawi iku kikenal bangsa sepisanan kang mangerteni bab prosès gawé lan nyimpene keju, bangsa Romawi mangerteni akibat tèhnik gawé kang béda iku njalari rasa lan karakter keju uga dadi béda [6]. Bangsa Romawi nggawa keju lan seni gawéne nalika ngalahake Gaul, bangsa Perancis lan Inggris, sing banjur disambut apik[6].

Cathetan suku besut

  1. a b Asal Mula Keju[pranala mati permanèn]
  2. a b c Halalguide.info
  3. Ryan, Nancy Ross (2007). Cheese. Microsoft ® Student 2008 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation. {{cite book}}: Cite has empty unknown parameter: |1= (pitulung)
  4. a b c d e f g h i j "www.koleksiweb.com". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-22. Dibukak ing 2011-05-02.
  5. a b c d Iburg, Anne (2004). Dumont's Lexicon of Cheese. Rebo International b.v., Lisse, The Netherlands. ISBN 978-90-366-1689-8.
  6. a b c "cheesehut.tripod.com". Diarsip saka sing asli ing 2015-10-22. Dibukak ing 2011-05-04.

Pranala njaba besut